PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Piyé Bèn Isa Dibaptis?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 3. Ngapa kok ora perlu wedi dibaptis?

      Ana sing wedi mengko nèk bar dibaptis malah nggawé kesalahan. Tapi, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora mungkin ora tau salah. (Wacanen Mazmur 103:​13, 14.) Umaté Yéhuwah sing setya mbiyèn ya kadhang nggawé kesalahan. Dadi aja kuwatir. Sing penting nèk wis nglakoni sing paling apik, Yéhuwah seneng. Dhèwèké ya bakal ndhukung. Malah, Yéhuwah dhéwé ngomong nèk ”ora ana sing isa nggawé [Dhèwèké] ora sayang manèh karo awaké dhéwé”.​—Wacanen Roma 8:​38, 39.

  • Tetep Setya Meskipun Dianiaya
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Embuh saiki apa sukmbèn, mesthi ana sing ora seneng nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah. Malah, awaké dhéwé isa dianiaya. Apa perlu wedi?

      1. Ngapa kok ora perlu kagèt nèk dianiaya?

      Menurut Alkitab, ”Kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya.” (2 Timotius 3:​12) Yésus ora padha kaya wong-wong ing donya, mulané dianiaya. Awaké dhéwé ya kaya ngono, mulané ya bakal dianiaya karo pemerintah lan wong-wong sing agamané palsu.​—Yohanes 15:​18, 19.

      2. Apa waé carané bèn tetep setya pas dianiaya?

      Bèn isa tetep setya wektu dianiaya, meskipun sing nganiaya kuwi keluarga, mulai saiki kudu nduwé iman sing kuwat karo Yéhuwah. Carané, ndonga lan maca Alkitab saben dina. Terus ya rajin teka ing pertemuan ibadah. Rasul Paulus ya kerep dianiaya. Tapi dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi.”​—Ibrani 13:6.

      Nèk kerep nginjil ya dadi tambah kendel, luwih percaya karo Yéhuwah, lan ora wedi karo manungsa. (Wulang Bebasan 29:25) Nèk saiki kendel nginjil, sukmbèn nèk pemerintah nglarang gawéan nginjil, awaké dhéwé ora bakal wedi.​—1 Tésalonika 2:2.

      3. Apa manfaaté nèk tetep setya wektu dianiaya?

      Mémang, dianiaya kuwi ora pénak lan kuwi isa nggawé awaké dhéwé ngrasa ora kuwat manèh. Tapi nèk tetep setya, imané isa dadi luwih kuwat lan dadi luwih cedhak karo Yéhuwah, soalé isa ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah nguwatké. (Wacanen Yakobus 1:​2-4.) Yéhuwah sedhih nèk awaké dhéwé dianiaya. Tapi nèk awaké dhéwé tetep setya, Dhèwèké seneng. Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah seneng karo kowé nèk kowé sabar wektu ngalami kesusahan merga nindakké apa sing apik.” (1 Pétrus 2:​20) Nèk tetep setya, mengko berkahé isa urip saklawasé ing donya anyar. Ing kono, kabèh nglayani Yéhuwah lan ora ana sing dianiaya.​—Matius 24:13.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug ngapa kok mesthi isa tetep setya karo Yéhuwah wektu dianiaya lan apa berkahé.

      Wong wédok tetep mangkat sinau Alkitab meskipun bapak lan ibuné nglarang.

      4. Tetep setya meskipun keluarga ora seneng

      Yésus ngerti nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah, isa waé ana anggota keluarga sing ora seneng. Wacanen Matius 10:​34-​36, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk ana sing akhiré milih nglayani Yéhuwah, isa waé keluargané dadi piyé?

      Contoné, setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Yéhuwah sing Ngopèni (5:​13)

      • Piyé nèk kanca utawa keluarga nglarang njenengan nglayani Yéhuwah?

      Wacanen Mazmur 27:10 lan Markus 10:​29, 30, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé carané ngetrapké ayat kuwi nèk keluarga utawa kanca nglarang njenengan nglayani Yéhuwah?

      5. Terus ngibadah meskipun dianiaya

      Kudu kendel wektu ana sing ngalang-alangi awaké dhéwé nglayani Yéhuwah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Kendel Meskipun Dianiaya (6:​27)

      • Bar ndelok vidéo kuwi, apa njenengan dadi ngrasa dikuwatké? Coba critakna.

      Wacanen Kisah 5:​27-​29 lan Ibrani 10:​24, 25, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok kudu terus nginjil lan ngibadah meskipun dilarang pemerintah?

      6. Yéhuwah isa nguwatké njenengan bèn isa terus setya

      Apa sing nggawé Seksi-Seksi Yéhuwah, ora soal sing isih enom utawa wis tuwa, tetep setya meskipun dianiaya? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Yéhuwah Isa Nguwatké Aku (3:​40)

      • Apa sing nggawé para sedulur kuwi tetep setya?

      Wacanen Roma 8:​35, 37-​39 lan Filipi 4:​13, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Menurut ayat kuwi, ngapa kok njenengan mesthi isa tetep setya meskipun dianiaya?

      Wacanen Matius 5:​10-​12, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok isa tetep bahagia meskipun dianiaya?

      Seksi-Seksi Yéhuwah jaman saiki sing terus setya karo Yéhuwah meskipun dianiaya.

      Akèh Seksi-Seksi Yéhuwah isa terus setya meskipun dianiaya. Njenengan ya isa

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kayané aku ora kuwat nèk dianiaya.”

      • Bèn dhèwèké yakin nèk mesthi isa setya, njenengan arep macakké ayat apa?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah menghargai upayané awaké dhéwé nglayani Yéhuwah meskipun dianiaya. Awaké dhéwé isa tetep setya nèk dibantu Yéhuwah.

      Jawaben

      • Ngapa kok ora perlu kagèt nèk dianiaya?

      • Apa waé carané bèn tetep setya pas dianiaya?

      • Ngapa kok njenengan yakin nèk mesthi isa terus nglayani Yéhuwah meskipun dianiaya?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Ana cah lanang sing crita pengalamané pas dipenjara tapi tetep setya merga dibantu Yéhuwah. Deloken vidéoné.

      Tetep Setya Meskipun Dianiaya (2:​34)

      Ngapa kok sedulur lanang karo bojoné iki tetep setya nglayani Yéhuwah nganti suwé, meskipun wektu kuwi Seksi Yéhuwah dilarang pemerintah?

      Tetep Nglayani Yéhuwah Meskipun Dilarang (7:​12)

      Piyé bèn isa kendel pas mengko dianiaya?

      ”Siap-Siap Ngadhepi Penganiayaan” (Warta Penting Juli 2019)

      Nèk keluarga ora seneng awaké dhéwé nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

      ”Wulangan saka Alkitab Ora ’Nggawa Pirukun Nanging Pedhang’” (Warta Penting Oktober 2017)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim