-
Gusti Allah Kuwi Sapa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Yéhuwah péngin njenengan ngerti lan nyebut jenengé
Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin njenengan ngerti jenengé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, ngapa kok Yéhuwah péngin wong-wong ngerti jenengé?
Yéhuwah péngin wong-wong nyebut jenengé. Wacanen Roma 10:13, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok kudu nyebut jeneng Yéhuwah?
Piyé rasané nèk ana sing kèlingan lan nyebut jenengé njenengan?
Piyé perasaané Yéhuwah nèk njenengan nyebut jenengé?
-
-
Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti AllahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Apa buktiné nèk ajaran agama palsu nggawé èlèk jenengé Gusti Allah?
Para pemimpin agama nggawé wong-wong ”luwih percaya karo apa sing ora bener lan ora percaya karo apa sing bener soal Gusti Allah”. (Roma 1:25) Contoné, para pemimpin agama ora ngajarké jenengé Gusti Allah, padahal ing Alkitab ditulis nèk awaké dhéwé kudu nyebut jenengé Gusti Allah. (Roma 10:13, 14) Para pemimpin agama ya ngajarké nèk Gusti Allah nggawé manungsa susah, padahal kuwi ora bener. (Wacanen Yakobus 1:13.) Akibaté, wong-wong dadi ora isa cedhak karo Gusti Allah.
-