-
’Ngrubuhké Cara Mikir sing Ora Cocog karo Pangertèn bab Gusti Allah’Warta Penting (Wulangan)—2019 | Juni
-
-
1. Paulus ngomong apa karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga?
RASUL PAULUS ngomong, ”Aja nganti dipengaruhi karo donya iki manèh.” (Rm. 12:2) Kata-kata kuwi disampèkké Paulus kanggo wong-wong Kristen abad pertama sing wis dadi abdiné Yéhuwah lan dipilih munggah swarga. Apa sebabé?—Rm. 1:7.
2-3. Apa sing ditindakké Sétan kanggo nggawé awaké dhéwé dadi ora setya manèh karo Yéhuwah? (b) Piyé carané nyingkirké cara mikir sing wis ”dibèntèngi kanthi kuwat”?
2 Paulus ngomong kaya ngono merga ana wong-wong Kristen sing wis kena pengaruh saka cara mikiré wong-wong ing donya. (Éf. 4:17-19) Awaké dhéwé ya isa kena pengaruh kuwi. Sétan, allahé donya iki, nduwé akèh cara bèn awaké dhéwé dadi ora setya manèh karo Yéhuwah. Contoné, mungkin awaké dhéwé péngin dadi wong sing penting lan terkenal. Sétan isa nggunakké kepénginan kuwi kanggo nggawé awaké dhéwé nglawan Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa kena pengaruh saka apa sing disinaoni ing omah, sekolah, lan lingkungané awaké dhéwé. Kuwi isa digunakké Sétan bèn awaké dhéwé nduwé cara mikir sing padha kaya dhèwèké.
-
-
’Ngrubuhké Cara Mikir sing Ora Cocog karo Pangertèn bab Gusti Allah’Warta Penting (Wulangan)—2019 | Juni
-
-
”NGOWAHI CARA MIKIRMU”
4. Perubahan apa waé sing wis digawé wektu awaké dhéwé sepisanan sinau Alkitab?
4 Awaké dhéwé isa mikirké perubahan apa waé sing wis digawé wektu sepisanan sinau Alkitab nganti akhiré isa dadi abdiné Yéhuwah. Misalé, bèn isa dadi abdiné Yéhuwah, mungkin awaké dhéwé wis berubah lan ora nindakké kebiasaan sing salah manèh. (1 Kor. 6:9-11) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga wis dibantu Yéhuwah kanggo nindakké kuwi.
5. Nurut Roma 12:2, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?
5 Ning, awaké dhéwé isih kudu terus nggawé perubahan. Senajan wis dibaptis, awaké dhéwé isih kudu terus ngati-ati bèn ora nindakké apa sing salah manèh. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké? Paulus kandha, ”Aja nganti dipengaruhi karo donya iki manèh. Nanging, maliha nganggo cara ngowahi cara mikirmu.” (Rm. 12:2) Dadi, sing pertama awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ”aja nganti dipengaruhi” karo donya iki. Sing keloro, awaké dhéwé perlu ’malih’, utawa ngowahi cara mikiré awaké dhéwé.
6. Apa sing isa disinaoni saka omongané Yésus sing dicathet ing Matius 12:43-45?
6 Sing dimaksud Paulus kuwi ora mung ngowahi apa sing kétok saka njabané waé. (Deloken kothak ”Malih utawa Nyamar?”) Awaké dhéwé kudu bener-bener berubah lan ngowahi pikiran, perasaan, lan sikapé awaké dhéwé. Dadi awaké dhéwé perlu mikirké, ’Apa aku bener-bener ngowahi ati lan pikiranku bèn padha kaya Yésus, utawa mung bèn kétok apik ing ngarepé wong liya?’ Ing Matius 12:43-45, Yésus ngandhani apa sing perlu awaké dhéwé tindakké. (Wacanen.) Saka omongané Yésus kuwi awaké dhéwé isa ngerti nèk nyingkirké pikiran sing salah kuwi durung cukup. Awaké dhéwé ya kudu ngisi pikiran nganggo cara mikiré Yéhuwah.
-