PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 26. Wong tuwa sing sedhih merga anaké lagi lara.

      PELAJARAN 26

      Ngapa Kok Saiki Uripé Manungsa Susah?

      Pas lagi susah, kadhang wong mikir, ’Salahku apa ta kok uripku susah kaya ngéné?’ Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

      1. Piyé critané Sétan pertama kali jahat karo manungsa?

      Sétan utawa Iblis ora manut karo Gusti Allah. Sétan ngojok-ojoki Adam karo Hawa bèn manut karo dhèwèké. Makané, dhèwèké ngapusi Hawa. (Purwaning Dumadi 3:​1-5) Sétan péngin bèn Hawa mikir nèk Yéhuwah ora seneng manungsa bahagia. Menurut Sétan, manungsa bahagia nèk manut karo dhèwèké. Sétan ya ngomong nèk Hawa ora bakal mati, padahal kuwi ora bener. Makané, ing Alkitab Sétan disebut ”tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”.​—Yohanes 8:​44.

      2. Apa buktiné Adam karo Hawa nglawan Yéhuwah?

      Yéhuwah apikan banget karo Adam lan Hawa. Kabèh buah saka wit ing taman Èden éntuk dipangan, kecuali siji. (Purwaning Dumadi 2:​15-​17) Tapi, buah kuwi malah ”dipethik lan dipangan” Hawa. Terus, Adam ya ”mangan buah kuwi”. (Purwaning Dumadi 3:6) Wong loro kuwi diciptakké sampurna, dadi sakjané isa manut kabèh préntahé Gusti Allah. Tapi, Adam karo Hawa sengaja ora manut. Kuwi berarti wong loro kuwi wis dosa lan ora gelem diatur Gusti Allah. Akibaté dadi susah.​—Purwaning Dumadi 3:​16-​19.

      3. Merga Adam karo Hawa ora manut, awaké dhéwé dadi piyé?

      Merga dosa, Adam karo Hawa dadi ora sampurna lan keturunané ya dadi ora sampurna. Menurut Alkitab, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati.”​—Roma 5:​12.

      Ngapa kok awaké dhéwé susah? Alesané ana macem-macem. Isa merga salahé dhéwé, salahé wong liya, utawa merga lagi apes.​—Wacanen Pengkhotbah 9:​11.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana bukti nèk manungsa susah kuwi dudu salahé Gusti Allah lan nèk Gusti Allah perduli pas awaké dhéwé susah.

      4. Sing nggawé manungsa susah

      Akèh sing nganggep nèk Gusti Allah sing mréntah donya. Apa kuwi bener? Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Sapa sing Mréntah Donya? (1:​16)

      Wacanen Yakobus 1:​13 lan 1 Yohanes 5:​19, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Wektu lagi susah, apa kuwi salahé Gusti Allah?

      5. Akibaté nèk Sétan sing mréntah

      Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Ngapa Uripé Manungsa Saiki Susah?​—Cuplikan (3:​07)

      Wacanen Purwaning Dumadi 3:​1-6, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé Sétan ngapusi Hawa?​—Deloken ayat 4 lan 5

      • Piyé Sétan nudhuh Yéhuwah?

      • Menurut Sétan, apa manungsa isa bahagia nèk manut Gusti Allah?

      Wacanen Pengkhotbah 8:​9, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk dudu Yéhuwah sing mréntah, piyé keadaané manungsa?

      Gambar: Keadaané bumi kèt pertama diciptakké nganti mengko dadi Firdaus manèh. A. Firdaus sing subur. B. Nèk manungsa sing mréntah, wong-wong dadi ora nyembah Gusti Allah, ana akèh perang, terus lingkungané dadi ora resik. Ana gambar negara Mesir, Cina, Yunani, Roma, Inggris, lan Amerika. C. Bumi dadi Firdaus manèh.
      1. Mauné, Adam karo Hawa sampurna lan manggon ing bumi Firdaus. Tapi, akhiré milih manut Sétan timbang Yéhuwah

      2. Akibaté, wong-wong saiki dadi dosa, susah, lan mati

      3. Yéhuwah arep nyingkirké kabèh sing marahi wong dadi dosa, susah, lan mati. Terus, manungsa isa dadi sampurna lan manggon ing bumi Firdaus

      6. Yéhuwah perduli wektu awaké dhéwé susah

      Apa Gusti Allah perduli wektu awaké dhéwé susah? Wacanen Mazmur 31:7 lan 1 Pétrus 5:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah perduli karo njenengan?

      7. Gusti Allah arep nyingkirké sing marahi manungsa susah

      Wacanen Yésaya 65:17 lan Wahyu 21:​3, 4, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Yéhuwah janji arep nyingkirké sing marahi manungsa susah, terus nggawé bèn manungsa bahagia. Piyé perasaané njenengan bar ngerti soal kuwi?

      Keterangan

      Pas Sétan ngapusi Hawa, sakjané dhèwèké ya ngomong sing ora bener soal Yéhuwah. Sétan nggawé wong-wong mikir nèk Yéhuwah ora pantes mréntah. Sukmbèn nèk sing dikarepké Yéhuwah wis kelakon, wong-wong bakal ngerti nèk sakjané mung Yéhuwah sing pantes mréntah. Iki masalah sing kudu ndang dirampungké.​—Matius 6:​9, 10.

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Wong susah kuwi wis digariské karo Gusti Allah.”

      • Nèk menurut njenengan piyé?

      KESIMPULAN

      Sétan, Adam, lan Hawa kuwi sing marahi akèh manungsa saiki susah. Merga perduli karo awaké dhéwé, Yéhuwah bakal nyingkirké sing marahi awaké dhéwé susah.

      Jawaben

      • Piyé Sétan ngapusi Hawa?

      • Merga Adam karo Hawa ora manut, awaké dhéwé dadi piyé?

      • Apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Menurut Alkitab, dosa kuwi apa?

      ”Dosa Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

      Wong nèk lagi susah kuwi dudu salahé Gusti Allah. Kok isa?

      ”Ngapa Kok Gusti Allah Meneng Waé Wektu Manungsa Susah?” (Warta Penting 1 Januari 2014)

      Ana keterangan soal ngapa kok Gusti Allah durung ngrampungi masalahé manungsa.

      ”Kenapa Gusti Allah Meneng Waé Pas Partai Nazi Matèni Wong-Wong Yahudi?” (Artikel ing jw.org)

      Deloken pengalamané wong sing akhiré bahagia sakwisé ngerti ngapa kok manungsa susah.

      Aku Ora Dhèwèkan Manèh (5:​09)

  • Yésus Mati Bèn Manungsa Urip Saklawasé
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Merga Adam karo Hawa ora manut Gusti Allah, awaké dhéwé dadi dosa, susah, lan mati.a Mulané, Yéhuwah ngongkon Yésus teka ing bumi lan mati kanggo nebus manungsa bèn manungsa ora dosa lan mati. Biasané wong kudu mbayar tebusan bèn isa mbébaské wong sing diculik. Yésus kudu mati pas dadi manungsa sampurna bèn isa nebus manungsa. (Wacanen Matius 20:28.) Dadi merga Yésus mati, awaké dhéwé isa dadi manungsa sampurna manèh. Kuwi bukti nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo awaké dhéwé. Ing pelajaran iki bakal dirembug apa waé manfaaté tebusané Yésus.

      1. Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo awaké dhéwé saiki?

      Merga wis dosa, awaké dhéwé kerep salah lan nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi nèk ndonga njaluk ampun liwat Yésus lan ora mbalèni manèh kesalahan kuwi, awaké dhéwé isa tetep akrab karo Yéhuwah. (1 Yohanes 2:1) Menurut Alkitab, ”Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, mati ping pisan kanggo saklawasé demi wong-wong sing ora bener lan mbébaské wong-wong kuwi saka dosa. Dhèwèké nindakké kuwi bèn isa nuntun kowé marang Gusti Allah.”​—1 Pétrus 3:​18.

      2. Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo awaké dhéwé sukmbèn?

      Yésus mati pas dadi manungsa sampurna, ”supaya saben wong sing nduduhké iman marang [Yésus] ora mati, ning isa urip saklawasé”. (Yohanes 3:​16) Merga Yésus wis nebus manungsa, Yéhuwah isa nyingkirké kabèh sing marahi manungsa dosa, susah, lan mati. Dadi, bèn isa urip saklawasé, awaké dhéwé kudu menghargai Yésus sing wis mati kanggo nebus awaké dhéwé.​—Yésaya 65:​21-​23.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo didelok apa alesané Yésus kudu mati lan piyé bèn njenengan éntuk manfaat saka tebusané Yésus.

      3. Yésus mati bèn awaké dhéwé urip saklawasé

      Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Ngapa Yésus Kudu Mati?​—Bagian 1 (2:​01)

      • Merga ora manut Gusti Allah, Adam dadi ora nduwé kesempatan apa?

      Wacanen Roma 5:​12, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Merga Adam dosa, apa akibaté kanggo njenengan?

      Wacanen Yohanes 3:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa tujuané Yésus teka ing bumi?

      A. Gambar: 1. Adam sakwisé ora manut Gusti Allah. 2. Wong mati arep dikubur. Gambar: A. Adam sakwisé ora manut Gusti Allah. B. Yésus Kristus. B. Gambar: 1. Yésus Kristus. 2. Wong-wong saka suku lan bangsa macem-macem.
      1. Adam sampurna, tapi ora manut karo Gusti Allah. Adam marahi manungsa dadi dosa lan mati

      2. Yésus sampurna, tapi manut karo Gusti Allah. Yésus marahi manungsa dadi sampurna lan isa urip saklawasé

      4. Akèh sing éntuk manfaat saka tebusané Yésus

      Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Ngapa Yésus Kudu Mati?​—Bagian 2 (2:​00)

      • Sing mati siji, tapi sing éntuk manfaat akèh. Kok isa?

      Wacanen 1 Timotius 2:​5, 6, ctn., terus rembugen pertanyaan iki:

      • Adam kuwi sampurna. Tapi merga dhèwèké dosa, kabèh wong dadi dosa lan mati. Yésus ya sampurna kaya Adam, mulané ing ayat kuwi Yésus isa dadi apa? Apa manfaaté kanggo manungsa?

      5. Yésus mati kanggo saben wong, termasuk njenengan

      Tebusan kuwi berkah kanggo saben wong. Contoné, wacanen Galatia 2:​20, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Kata-kata endi sing mbuktèkké nèk Paulus nganggep tebusané Yésus kuwi dienggo saben wong?

      Merga Adam dosa, kabèh manungsa kuduné mati. Tapi, Yéhuwah ngongkon Yésus mati bèn njenengan isa urip saklawasé.

      Pas maca ayat-ayat iki, bayangna piyé perasaané Yéhuwah wektu Yésus disiksa. Wacanen Yohanes 19:​1-7, 16-​18, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Yéhuwah karo Yésus sayang banget karo njenengan nganti kaya ngono. Piyé perasaané njenengan?

      NÈK ANA SING TAKON: ”Kok isa wong siji dadi tebusan kanggo kabèh wong?”

      • Njenengan njawab apa?

      KESIMPULAN

      Merga Yésus mati, Yéhuwah isa ngampuni dosané awaké dhéwé lan awaké dhéwé isa urip saklawasé.

      Jawaben

      • Ngapa kok Yésus kudu mati?

      • Ngapa kok Yésus sing cocog nebus manungsa?

      • Apa manfaaté tebusané Yésus kanggo njenengan?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Ngapa kok Yésus sing cocog dadi tebusan?

      ”Ngapa Kok Yésus Isa Dadi Tebusan?” (Artikel ing jw.org)

      Piyé bèn awaké dhéwé diampuni dosané lan isa urip saklawasé?

      ”Piyé Carané Yésus Nylametké Awaké Dhéwé?” (Artikel ing jw.org)

      Nèk awaké dhéwé nggawé dosa sing gedhé banget, apa Yéhuwah gelem ngampuni?

      ”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab” (Warta Penting 1 Mei 2013)

      Wacanen pengalamané wong sing mauné kasar, tapi akhiré dadi ora kasar manèh merga ngerti nèk Yésus wis mati kanggo kabèh wong.

      ”Aku Wis Ora Kasar Manèh” (Artikel ing jw.org)

      a Dosa kuwi ora mung sekedar perbuatan salah, tapi ya kepénginan sing isa marahi wong nggawé salah, soalé kabèh wong kuwi keturunané Adam karo Hawa.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim