-
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
7. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik
Pemerintah nggawé aturan sing ana manfaaté kanggo rakyaté. Kerajaané Gusti Allah ya nggawé aturan sing kudu ditaati rakyaté. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk kabèh manut aturané Gusti Allah,a donya iki dadi piyé?
Menurut njenengan, apa Yéhuwah nduwé hak kanggo ngatur rakyat Kerajaané Gusti Allah? Lha ngapa?
Apa buktiné nèk wong sing kelakuané ora sesuai karo aturané Gusti Allah akhiré isa manut karo Gusti Allah?—Deloken ayat 11.
Nèk aturané pemerintah waé ana manfaaté kanggo rakyaté, apa manèh aturané Gusti Allah
-
-
Pandhangané Gusti Allah soal SèksBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
PELAJARAN 41
Pandhangané Gusti Allah soal Sèks
Akèh sing risi nèk ngomongké soal sèks. Tapi ing Alkitab, carané Yéhuwah njelaské soal sèks kuwi bermartabat, lan keterangan kuwi mesthi ana manfaaté. Yéhuwah kuwi sing nyiptakké manungsa. Mulané, Dhèwèké ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngandhani piyé bèn isa nggawé Dhèwèké seneng lan apa sing isa nggawé awaké dhéwé bahagia saklawasé.
1. Piyé pandhangané Yéhuwah soal sèks?
Hubungan sèks kuwi anugrah saka Yéhuwah sing isa nggawé wong sing wis nikah bahagia. Tujuané ora mung bèn nduwé anak, tapi ya bèn bener-bener ngrasa disayang. Mulané Gusti Allah ngomong, ”Muga-muga kowé seneng-seneng karo bojomu sing nikah karo kowé wektu kowé isih enom.” (Wulang Bebasan 5:18, 19) Yéhuwah péngin wong sing wis nikah tetep setya karo bojoné lan ora laku jina.—Wacanen Ibrani 13:4.
2. Apa maksudé hubungan sèks sing ora pantes?
Menurut Alkitab, ”Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes . . . ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.” (1 Korintus 6:9, 10) Istilah ”hubungan sèks sing ora pantes” iki saka kata Yunani por·neiʹa. Kuwi termasuk (1) hubungan sèksa sing dilakoni wong-wong sing ora nikah sah, (2) hubungan sèks karo wong sing padha lanangé utawa padha wédoké (homosèks), lan (3) hubungan sèks karo kéwan. Nèk ”ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes”, awaké dhéwé isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.—1 Tésalonika 4:3.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug piyé bèn isa nolak hubungan sèks sing ora pantes, lan apa waé manfaaté nèk terus berusaha bèn tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah.
3. Cepet-cepet nolak hubungan sèks sing ora pantes
Yusuf ora gelem wektu dijak hubungan sèks. Wacanen Purwaning Dumadi 39:1-12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok Yusuf ora gelem dijak hubungan sèks?—Deloken ayat 9.
Menurut njenengan, keputusané Yusuf kuwi bener apa ora? Lha ngapa?
Piyé cah-cah enom saiki isa niru Yusuf? Setèlen VIDÉONÉ.
Yéhuwah péngin bèn tingkah lakuné awaké dhéwé tetep bener. Wacanen 1 Korintus 6:18, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Biasané, keadaan apa waé sing marahi wong dadi kegodha kanggo hubungan sèks sing ora pantes?
Piyé carané cepet-cepet nolak kuwi?
4. Njenengan isa nolak godhaan
Apa sing isa marahi wong dadi gampang kegodha kanggo hubungan sèks sing ora pantes? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Bar ngerti nèk sing dipikirké kuwi isa marahi dhèwèké dadi ora setya karo bojoné, sedulur lanang kuwi terus piyé?
Wong Kristen sing setya ya isih kudu berjuang bèn ora mikirké sing saru-saru. Piyé carané? Wacanen Filipi 4:8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa waé sing kuduné awaké dhéwé pikirké?
Ngapa kok maca Alkitab lan sibuk nglayani Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé nolak godhaan?
5. Manfaaté ngetrapké pathokané Yéhuwah
Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ngandhani piyé carané bèn tingkah lakuné awaké dhéwé bener lan apa manfaaté. Wacanen Wulang Bebasan 7:7-27 utawa setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa buktiné nèk cah lanang kuwi ora nolak godhaan?—Deloken Wulang Bebasan 7:8, 9.
Menurut Wulang Bebasan 7:23, 26, hubungan sèks sing ora pantes isa marahi cilaka. Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé ora bakal ngalami apa?
Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé isa bahagia. Kok isa?
Ana sing nganggep nèk larangan ing Alkitab soal homosèks kuwi kejem. Tapi, Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé bahagia merga Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Bèn isa bahagia, kudu ngetrapké pathokané. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut Alkitab, apa sing ora disenengi Gusti Allah kuwi mung homosèks thok?
Bèn isa nggawé Gusti Allah seneng, kudu terus berusaha manut pathokané. Apa kuwi ana manfaaté? Wacanen Mazmur 19:8, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Menurut njenengan, pathokané Yéhuwah soal tingkah laku kuwi isa ditrapké apa ora? Lha ngapa?
Yéhuwah wis mbantu akèh wong bèn manut pathokané. Dhèwèké ya isa mbantu njenengan
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Hubungan sèks kuwi ora apa-apa, sing penting padha senengé.”
Njenengan arep njelaské piyé?
KESIMPULAN
Hubungan sèks kuwi anugrah saka Yéhuwah kanggo wong lanang karo bojoné.
Jawaben
Apa maksudé hubungan sèks sing ora pantes?
Piyé carané bèn isa nolak hubungan sèks sing ora pantes?
Apa manfaaté nèk manut pathokané Yéhuwah soal tingkah laku?
BAHAN TAMBAHAN
Ngapa kok Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok nikah dhisik sakdurungé manggon bareng?
”Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?” (Artikel ing jw.org)
Meskipun ing Alkitab ana larangan soal homosèks, tapi kuwi ora berarti sengit karo wongé. Lha ngapa?
Apa manfaaté pathokané Gusti Allah soal sèks?
Ana wong sing mauné homosèks, tapi akhiré bahagia merga nglayani Gusti Allah. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Wong-Wong Kuwi Nganggep Aku Berharga”.
a Iki termasuk hubungan badan, hubungan sèks liwat cangkem (sèks oral), hubungan sèks liwat anus (sèks anal), lan ndemèk-ndemèk alat kelaminé wong liya.
-
-
Piyé Nèk Nggawé Dosa sing Gedhé?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
Meskipun sayang Yéhuwah lan ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih, isa waé awaké dhéwé nggawé kesalahan. Malah, isa waé nggawé dosa sing gedhé. (1 Korintus 6:9, 10) Tapi meskipun kaya ngono, Yéhuwah tetep sayang karo awaké dhéwé. Terus, péngin ngampuni lan péngin mbantu bèn awaké dhéwé ora dosa manèh.
1. Piyé bèn isa diampuni Yéhuwah?
Nèk ngerti wis nggawé dosa gedhé mesthi rasané sedhih banget. Tapi, Yéhuwah ngomong, ”Senajan dosamu abang banget kaya getih, kuwi bakal dadi putih kaya salju.” (Yésaya 1:18) Nèk bener-bener mertobat, Yéhuwah gelem ngampuni. Mertobaté piyé? Kudu ngrasa gela, ora mbalèni manèh dosané, lan kudu njaluk ampun karo Yéhuwah. Kuwi ya berarti aja nganti mikir utawa nglakoni kebiasaan sing isa marahi nggawé dosa manèh. Bar kuwi, kudu terus manut pathokané Yéhuwah.—Wacanen Yésaya 55:6, 7.
2. Piyé carané pinituwa mbantu wong sing nggawé dosa?
Nèk wis nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kudu ”ngundang para pinituwa ing jemaat”. (Wacanen Yakobus 5:14, 15.) Para pinituwa sayang Yéhuwah lan umaté. Para pinituwa kuwi isa mbantu bèn wong sing dosa isa cedhak manèh karo Yéhuwah.—Galatia 6:1.
Piyé carané pinituwa mbantu? Ana pinituwa loro utawa telu sing bakal ngandhani nèk menurut Alkitab perbuatan kuwi salah. Terus, para pinituwa ya bakal ngekèki naséhat lan saran bèn ora mbalèni kesalahan kuwi manèh. Nèk ana sing nggawé dosa gedhé tapi ora mertobat, bakal ditokké saka jemaat bèn sedulur liyané ora mèlu-mèlu.
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan soal carané Yéhuwah mbantu nèk ana sing nggawé dosa gedhé. Keterangan kuwi isa nggawé awaké dhéwé tambah bersyukur karo Yéhuwah.
3. Kudu ngakoni dosa bèn isa dibantu
Nggawé dosa kuwi marahi Yéhuwah sedhih. Mulané, kudu njaluk ampun karo Dhèwèké. Wacanen Mazmur 32:1-5, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa manfaaté nèk ora nutup-nutupi, tapi ngakoni dosa karo Yéhuwah?
Bar ngaku karo Yéhuwah, kudu njaluk bantuané para pinituwa bèn isa ngrasa lega. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé para pinituwa mbantu Canon bèn isa nglayani Yéhuwah manèh?
Kudu jujur lan nyritakké kabèh karo para pinituwa, soalé para pinituwa kuwi pénginé mbantu. Wacanen Yakobus 5:16, terus rembugen pertanyaan iki:
Pinituwa isa luwih gampang mbantu nèk sing dosa gelem jujur. Kok isa?
Kudu ngakoni dosa, jujur karo pinituwa, lan gelem nampa saran karo naséhat saka Yéhuwah
4. Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo sing nggawé dosa
Nèk nggawé dosa gedhé lan ora gelem manut pathokané Yéhuwah, bakal ditokké saka jemaat. Sedulur liyané ora éntuk bergaul karo dhèwèké. Wacanen 1 Korintus 5:6, 11, terus rembugen pertanyaan iki:
Kaya ragi sithik isa nyebar ing kabèh adonan, apa akibaté nèk wong dosa sing ora mertobat tetep bergaul karo sedulur-sedulur ing jemaat?
Merga niru Yéhuwah sing gampang mesakké, para pinituwa bakal nemoni lan mbantu wong sing ditokké saka jemaat bèn gelem mertobat. Mémang ditokké saka jemaat isa marahi sedhih. Tapi hasilé, akèh sing akhiré sadhar lan dadi abdiné Yéhuwah manèh.—Mazmur 141:5.
Saka carané Yéhuwah memperlakukan wong sing nggawé dosa, ngapa kok kuwi bukti nèk Yéhuwah adil, gampang mesakké, lan sayang karo umaté?
5. Nèk mertobat, diampuni Yéhuwah
Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing mertobat? Wacanen Lukas 15:1-7, terus rembugen pertanyaan iki:
Saka perumpamaané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?
Wacanen Yèhèzkièl 33:11, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa buktiné nèk bener-bener mertobat?
Kaya gembala, Yéhuwah bener-bener nggatèkké dombané
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk ngaku karo pinituwa, mengko aku malah ditokké saka jemaat.”
Njenengan arep njelaské piyé?
KESIMPULAN
Meskipun wis nggawé dosa sing gedhé, nèk bener-bener mertobat lan ora mbalèni manèh dosané, Yéhuwah gelem ngampuni.
Jawaben
Apa manfaaté nèk ngakoni dosa karo Yéhuwah?
Bèn dosané diampuni kudu piyé?
Nèk wis nggawé dosa gedhé, ngapa kok kudu njaluk bantuané para pinituwa?
BAHAN TAMBAHAN
Ana sing wis ngrasakké dhéwé nèk Yésaya 1:18 kuwi bener. Deloken vidéoné.
Piyé carané para pinituwa mbantu wong sing nggawé dosa gedhé?
Piyé carané nduduhké rasa sayang lan rasa mesakké karo wong dosa sing ora mertobat?
”Carané Para Pinituwa Mbantu Wong sing Ditokké saka Jemaat” (Warta Penting Agustus 2024)
Ana wong lanang sing ngrasa nèk Yéhuwah péngin akrab manèh karo dhèwèké. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Kudu Nglayani Yéhuwah Manèh”.
-