-
Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
7. Aturané Gusti Allah kuwi sing paling apik
Pemerintah nggawé aturan sing ana manfaaté kanggo rakyaté. Kerajaané Gusti Allah ya nggawé aturan sing kudu ditaati rakyaté. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk kabèh manut aturané Gusti Allah,a donya iki dadi piyé?
Menurut njenengan, apa Yéhuwah nduwé hak kanggo ngatur rakyat Kerajaané Gusti Allah? Lha ngapa?
Apa buktiné nèk wong sing kelakuané ora sesuai karo aturané Gusti Allah akhiré isa manut karo Gusti Allah?—Deloken ayat 11.
Nèk aturané pemerintah waé ana manfaaté kanggo rakyaté, apa manèh aturané Gusti Allah
-
-
Pandhangané Gusti Allah soal SèksBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ngandhani piyé carané bèn tingkah lakuné awaké dhéwé bener lan apa manfaaté. Wacanen Wulang Bebasan 7:7-27 utawa setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa buktiné nèk cah lanang kuwi ora nolak godhaan?—Deloken Wulang Bebasan 7:8, 9.
Menurut Wulang Bebasan 7:23, 26, hubungan sèks sing ora pantes isa marahi cilaka. Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé ora bakal ngalami apa?
Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé isa bahagia. Kok isa?
Ana sing nganggep nèk larangan ing Alkitab soal homosèks kuwi kejem. Tapi, Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé bahagia merga Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Bèn isa bahagia, kudu ngetrapké pathokané. Wacanen 1 Korintus 6:9-11, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut Alkitab, apa sing ora disenengi Gusti Allah kuwi mung homosèks thok?
Bèn isa nggawé Gusti Allah seneng, kudu terus berusaha manut pathokané. Apa kuwi ana manfaaté? Wacanen Mazmur 19:8, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Menurut njenengan, pathokané Yéhuwah soal tingkah laku kuwi isa ditrapké apa ora? Lha ngapa?
Yéhuwah wis mbantu akèh wong bèn manut pathokané. Dhèwèké ya isa mbantu njenengan
-
-
Menurut Alkitab, Ngombé Minuman Keras Kuwi Éntuk Apa Ora?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
6. Carané bèn ora kecanduan manèh
Ana pengalamané wong lanang sing akhiré ora kecanduan minuman keras manèh. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Pas mabuk, Dmitry dadi piyé?
Apa kecanduané langsung isa mari?
Piyé critané kok dhèwèké akhiré bener-bener dadi ora kecanduan manèh?
Wacanen 1 Korintus 6:10, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa pandhangané Gusti Allah soal mabuk-mabukan?
Apa buktiné nèk sing mauné kecanduan isa dadi ora kecanduan manèh?
Wacanen Matius 5:30, terus rembugen pertanyaan iki:
Nugel tangan kuwi maksudé gelem berkorban bèn isa nggawé Yéhuwah seneng. Nèk saiki lagi berusaha bèn ora kecanduan manèh, njenengan kuduné piyé?a
Wacanen 1 Korintus 15:33, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa akibaté nèk bergaul karo wong sing senengané mabuk?
-