PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Menurut Alkitab, Ngombé Minuman Keras Kuwi Éntuk Apa Ora?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Menurut Alkitab, Ngombé Minuman Keras Kuwi Éntuk Apa Ora?

      Akèh wong nduwé pendapat sing béda-béda soal ngombé minuman keras. Ana sing seneng ngombé pas kumpul-kumpul. Ana sing babar blas ora gelem ngombé. Ana manèh sing seneng ngombé nganti mabuk. Nèk menurut Alkitab piyé?

      1. Éntuk apa ora ngombé minuman keras?

      Yéhuwah ora nglarang wong ngombé minuman keras. Malah, ”anggur sing marakké atiné manungsa dadi seneng” kuwi termasuk anugrah saka Gusti Allah. (Mazmur 104:​14, 15) Ing Alkitab ya disebutké nèk ana abdiné Gusti Allah sing ngombé minuman keras.​—1 Timotius 5:​23.

      2. Nèk arep ngombé minuman keras, menurut Alkitab kuduné piyé?

      Sing dilarang kuwi nèk ngombéné kakèhan utawa nganti mabuk. (Galatia 5:​21) Menurut Alkitab, ”Aja kakèhan ngombé anggur.” (Wulang Bebasan 23:20) Dadi nèk arep ngombé, aja nganti kakèhan soalé awaké dhéwé dadi ora isa mikir, ora sadhar karo sing diomongké lan dilakoni, utawa malah badané dadi ora séhat. Nèk ora isa ngatur sepira akèhé sing isa diombé, mendhing babar blas ora usah ngombé.

      3. Apa buktiné nèk awaké dhéwé menghargai keputusané wong liya?

      Arep ngombé minuman keras apa ora kuwi keputusané dhéwé-dhéwé. Nèk ana sing péngin ngombé sak cukupé, ya wis bèn waé. Nèk ana sing ora gelem, ya aja dipeksa. (Roma 14:10) Malah, nèk kuwi isa marahi hati nuraniné wong liya dadi ora pénak, mendhing awaké dhéwé ora usah ngombé waé. (Wacanen Roma 14:21.) Awaké dhéwé ”kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé”.​—Wacanen 1 Korintus 10:​23, 24.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug pathokan ing Alkitab bèn isa ngerti arep ngombé apa ora lan sepira akèhé sing isa diombé. Terus, ya ana keterangan piyé bèn ora kecanduan manèh.

      4. Milih arep ngombé apa ora

      Soal ngombé minuman keras, menurut Yésus piyé? Ayo ngrembug mukjijaté Yésus sing pertama. Wacanen Yohanes 2:​1-​11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Nèk ana sing ngombé, Yésus piyé?

      • Yésus waé ora nglarang ngombé minuman keras. Dadi nèk ana sing ngombé, awaké dhéwé kuduné piyé?

      Meskipun ora dilarang ngombé minuman keras, kadhang-kadhang luwih apik ora ngombé. Wacanen Wulang Bebasan 22:​3, terus pikirna apa njenengan bakal ngombé nèk . . .

      • arep nyopir utawa nganggo mesin.

      • lagi meteng.

      • dokter nglarang njenengan ngombé minuman keras.

      • ora isa ngatur sepira akèhé sing isa diombé.

      • kuwi dilarang pemerintah.

      • lagi karo wong sing mbiyèné kecanduan, tapi saiki lagi berusaha bèn ora kecanduan manèh.

      Nèk pas acara mantènan utawa kumpul-kumpul péngin nyuguhi minuman keras piyé? Setèlén VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Apa Éntuk Nyuguhi Minuman Keras? (2:​41)

      Wacanen Roma 13:13 lan 1 Korintus 10:​31, 32. Bar maca ayat-ayaté, rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk ngetrapké pathokan kuwi, njenengan isa nggawé keputusan sing marahi Yéhuwah seneng. Kok isa?

      Wong telu mangan ing rèstoran, sing lanang ora gelem ngombé anggur, tapi sing liyané ngombé.

      Arep ngombé minuman keras apa ora kuwi keputusané dhéwé-dhéwé. Meskipun gelem ngombé, kadhang-kadhang mendhing ora ngombé

      5. Nentokké sepira akèhé sing arep diombé

      Nèk arep ngombé minuman keras kuwi Yéhuwah ora nglarang. Sing dilarang nèk ngombéné kakèhan. Lha ngapa? Wacanen Hoséa 4:​11, 18, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa akibaté nèk ngombéné kakèhan?

      Bèn ora ngombé nganti kakèhan, kudu ngerti sepira kuwaté ngombé. Wacanen Wulang Bebasan 11:​2, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok kudu nentokké sepira akèhé sing arep diombé?

      6. Carané bèn ora kecanduan manèh

      Ana pengalamané wong lanang sing akhiré ora kecanduan minuman keras manèh. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: ’Aku Gething karo Uripku’ (6:​32)

      Gambar: Gambar saka vidéo ’Aku Gething karo Uripku’. 1. Dmitry ndeloki botol minuman keras. 2. Dmitry maca Alkitab karo bojoné lan anaké wédok.
      • Pas mabuk, Dmitry dadi piyé?

      • Apa kecanduané langsung isa mari?

      • Piyé critané kok dhèwèké akhiré bener-bener dadi ora kecanduan manèh?

      Wacanen 1 Korintus 6:​10, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Apa pandhangané Gusti Allah soal mabuk-mabukan?

      • Apa buktiné nèk sing mauné kecanduan isa dadi ora kecanduan manèh?

      Wacanen Matius 5:​30, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nugel tangan kuwi maksudé gelem berkorban bèn isa nggawé Yéhuwah seneng. Nèk saiki lagi berusaha bèn ora kecanduan manèh, njenengan kuduné piyé?a

      Wacanen 1 Korintus 15:​33, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa akibaté nèk bergaul karo wong sing senengané mabuk?

      NÈK ANA SING TAKON: ”Ngombé minuman keras kuwi éntuk apa ora, ta?”

      • Njenengan arep njawab apa?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah ora nglarang awaké dhéwé ngombé minuman keras, soalé Dhèwèké péngin awaké dhéwé seneng. Sing ora éntuk kuwi nèk ngombéné kakèhan utawa nganti mabuk.

      Jawaben

      • Menurut Alkitab, ngombé minuman keras kuwi éntuk apa ora?

      • Apa akibaté nèk kakèhan ngombé minuman keras?

      • Apa buktiné nèk awaké dhéwé menghargai keputusané wong liya?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Ana naséhat apa soal minuman keras kanggo cah-cah enom?

      Bahayané Ngombé Alkohol (2:​31)

      Apa waé sing isa dilakoni bèn ora kecanduan minuman keras manèh?

      ”Pandhangan sing Bener soal Minuman Keras” (Warta Penting 1 Januari 2010)

      Apa wong Kristen éntuk bersulang?

      ”Pitakonané sing Maca” (Warta Penting 15 Februari 2007)

      Ana wong sing mauné seneng banget ngombé minuman keras. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Kuwat Banget Ngombé”.

      ”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Mei 2012)

      a Wong-wong sing wis kecanduan minuman keras mungkin butuh bantuané ahli. Akèh dokter ngomong nèk wong-wong kuwi mendhing babar blas ora usah ngombé manèh.

  • Ngapa Kok Kudu Mikirké soal Pakaian lan Dandanan?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 52. Wong wédok lagi milih klambi kanggo dituku.

      PELAJARAN 52

      Ngapa Kok Kudu Mikirké soal Pakaian lan Dandanan?

      Awaké dhéwé isa milih arep nganggo klambi apa utawa arep dandan kaya apa. Tapi bèn Yéhuwah ya seneng, awaké dhéwé kudu ngetrapké pathokané soal pakaian lan dandanan. Apa waé pathokané?

      1. Apa waé pathokan ing Alkitab soal pakaian lan dandanan?

      Awaké dhéwé kudu nganggo ’klambi sing pantes lan sederhana. Terus wektu dandan, ya kudu nduwé pertimbangan sing apik’. Penampilan ya kudu resik bèn wong-wong ngerti nèk awaké dhéwé ”ngabdi marang Gusti Allah”. (1 Timotius 2:​9, 10) Pathokané ana papat: (1) Kudu nganggo klambi sing ”pantes”. Kaya ing pertemuan ibadah, isa waé pakaian lan dandanané béda-béda. Tapi liwat pakaian lan dandanané, kétok nèk umaté Yéhuwah tetep berusaha menghormati Gusti Allahé. (2) Kudu ”sederhana”. Maksudé, ora nganti dadi pusat perhatian utawa marahi wong dadi risi, apa manèh nganti mikir sing saru. (3) ”Kudu nduwé pertimbangan sing apik”. Kuwi berarti ora mèlu-mèlu saben ana modhèl pakaian utawa dandanan sing paling anyar. (4) Liwat pakaian lan dandanané awaké dhéwé, wong liya kudu ngerti nèk awaké dhéwé ”ngabdi marang Gusti Allah”.​—1 Korintus 10:31.

      2. Ngapa kok kudu mikirké perasaané para sedulur?

      Mémang, awaké dhéwé isa milih arep nganggo klambi apa. Tapi, ya kudu tetep mikirké perasaané para sedulur. Aja nganti para sedulur dadi risi karo penampilané awaké dhéwé. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ”nyenengké wong liya lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong liya”.​—Wacanen Roma 15:​1, 2.

      3. Nèk penampilané awaké dhéwé pantes, wong-wong sing dikabari dadi piyé?

      Mémang, ing endi waé penampilané awaké dhéwé kudu sing pantes. Tapi terutama nèk lagi ngibadah lan nginjil. Aja nganti wong-wong dadi luwih nggatèkké penampilané awaké dhéwé timbang berita sing arep disampèkké. Nèk penampilané awaké dhéwé pantes, wong-wong isa dadi péngin kenal karo Gusti Allah, terus ”ngluhurké ajarané Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé”.​—Titus 2:​10.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug pakaian lan dandanan sing pantes kanggo umaté Yéhuwah.

      Wong lanang loro ing ngarepé hakim. Sing siji nganggo klambi resmi lan sopan, tapi sing sijiné nganggo klambi sing terlalu santai lan ora rapi. Kathoké ya suwèk.

      Nèk ngajèni pemerintah, mesthi penampilané ya sing apik. Nèk ngajèni Yéhuwah, penampilané ya kudu sing apik meskipun sakjané Yéhuwah isa ngerti isi atiné awaké dhéwé

      4. Mbuktèkké nèk menghormati Yéhuwah liwat penampilan sing apik

      Awaké dhéwé berusaha bèn penampilané pantes kuwi kuduné merga apa? Wacanen Mazmur 47:​2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Wong liya isa dadi nduwé pandhangan sing apik utawa èlèk soal Yéhuwah nèk ndelok penampilané awaké dhéwé. Mulané, awaké dhéwé kudu piyé?

      • Menurut njenengan, apa mémang penampilané awaké dhéwé kudu pantes pas ngibadah utawa pas nginjil? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

      5. Naséhat soal milih pakaian lan dandanan

      Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: ”Tindakna Samubarang Kabèh Demi Kamulyané Gusti Allah” (10:18)

      Embuh klambiné larang utawa ora, sing penting kudu resik lan cocog karo situasiné. Wacanen 1 Korintus 10:24 lan 1 Timotius 2:​9, 10. Terus, rembugen ngapa kok aja nganti nganggo klambi sing . . .

      • ora rapi, ora resik, utawa terlalu santai.

      • terlalu ketat utawa sèksi sing marahi wong nduwé pikiran ngeres.

      Saka hukumé Yéhuwah kanggo bangsa Israèl mbiyèn, awaké dhéwé isa ngerti soal pandhangané Yéhuwah. Wacanen Pangandharing Torèt 22:​5, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok penampilané wong lanang ora éntuk kaya wong wédok, lan penampilané wong wédok ora éntuk kaya wong lanang?

      Wacanen 1 Korintus 10:​32, 33 lan 1 Yohanes 2:​15, 16, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Ngapa kok aja nganti penampilané awaké dhéwé marahi wong liya dadi risi?

      • Wong-wong ing dhaérahé njenengan, seneng dandan utawa nganggo klambi sing kaya apa?

      • Saka pilihan-pilihan kuwi, menurut njenengan, apa ana sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab? Lha ngapa?

      Meskipun pakaian lan dandanané béda-béda, awaké dhéwé isa tetep nggawé Yéhuwah seneng

      Wong lanang lan wédok saka macem-macem bangsa sing penampilané béda-béda, tapi pantes kanggo wong Kristen.

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sak-saké ta aku mèh nganggo klambi apa.”

      • Nèk njenengan dhéwé piyé? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

      KESIMPULAN

      Nèk penampilan sesuai pathokan ing Alkitab, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghormati Yéhuwah lan menghargai wong liya.

      Jawaben

      • Ngapa kok Yéhuwah péngin bèn penampilané awaké dhéwé sesuai karo sing Dhèwèké karepké?

      • Apa waé pathokan soal milih klambi lan dandanan?

      • Nèk penampilané awaké dhéwé apik, piyé pandhangané wong liya soal Yéhuwah? Nèk penampilané awaké dhéwé ora nggenah, piyé pandhangané wong liya soal Yéhuwah?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Wong dadi mikir apa soal njenengan nèk ndelok penampilané njenengan?

      ”Penampilanku Kuduné Piyé?” (Artikel ing jw.org)

      Ngapa kok kudu mikir sik sakdurungé nggawé tato?

      ”Apa Ditato Kuwi Éntuk?” (Artikel ing jw.org)

      Apa pathokan liyané manèh sing kudu dipikirké soal milih pakaian lan dandanan?

      ”Apa Modhèl Klambi Panjenengan Ngluhurké Yéhuwah?” (Warta Penting September 2016)

      Ana pengalamané wong wédok sing akhiré isa menghargai pilihané wong liya soal pakaian lan dandanan.

      ”Mbiyèn Aku Ora Ndang Dadi Seksi Yéhuwah Gara-Gara Pakaian lan Dandanan” (Gatèkna! 22 Desember 2003)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim