PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati
    Warta Penting (Wulangan)—2020 | Desember
    • 12. Nurut 1 Pétrus 3:18, 22, apa sebabé Yésus luwih istiméwa ketimbang wong-wong sing tau diuripké manèh?

      12 Paulus yakin nèk ”Kristus wis diuripké manèh” saka antarané wong mati. Yésus luwih istiméwa ketimbang wong-wong sing tau diuripké manèh merga wong-wong kuwi akhiré mati manèh. Paulus kandha nèk Yésus kuwi ”dadi sing sepisanan diuripké saka antarané wong-wong sing wis mati”. Kuwi artiné Yésus manungsa pertama sing diuripké manèh dadi makhluk roh lan sing munggah swarga.​—1 Kor. 15:20; Kis. 26:23; wacanen 1 Pétrus 3:18, 22.

  • Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati
    Warta Penting (Wulangan)—2020 | Desember
    • 16. Apa maksudé Paulus wektu nyebut Yésus ”dadi sing sepisanan”?

      16 Paulus nulis nèk Yésus kuwi ”dadi sing sepisanan diuripké saka antarané wong-wong sing wis mati”. Wong-wong liyané, misalé Lazarus, diuripké manèh kanggo urip ing bumi. Ning, Yésus kuwi sing pertama diuripké dadi makhluk roh lan nampa urip saklawasé. Sakliyané kuwi, wektu nyebut Yésus ”dadi sing sepisanan”, Paulus nduduhké nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh ing swarga. Kuwi berarti para rasul lan kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal ngalami sing padha kaya Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim