-
”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”Warta Penting (Wulangan)—2017 | Desember
-
-
15. Apa sebabé Yésus disebut ”kang wiwitan”?
15 Kedadéan bab Yésus sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga kuwi sing sepisanan lan sing paling penting. (PR. 26:23) Ning, ora mung Yésus sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga. Yésus janji nèk para rasulé sing setya bakal mréntah bareng karo dhèwèké. (Lk. 22:28-30) Ning, wong-wong kuwi bakal diuripké manèh dadi pribadi roh kaya Yésus mung nèk wis mati. Paulus nulis nèk ”Sang Kristus wus kawungokaké saka ing antarané wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalané kang wus padha mati”. Paulus banjur kandha nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh kanggo urip ing swarga, ”Saben wong manut urut-urutané: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawisé iku kang padha dadi kagungané, bésuk ing sarawuhé.”—1 Kr. 15:20, 23.
16. Kapan wong-wong sing mati isa diuripké manèh kanggo urip ing swarga?
16 Saka kandhané Paulus kita isa ngerti kapan wong-wong sing mati isa diuripké manèh kanggo urip ing swarga. Kuwi kedadéan saksuwéné ’rawuhé’ Yésus. Seksi-Seksi Yéhuwah wis suwé ngerti saka Alkitab nèk ’rawuhé’ Yésus kuwi diwiwiti ing taun 1914. ’Rawuhé’ Yésus isih kelakon nganti saiki lan akir saka donya sing jahat iki wis cedhak banget.
17, 18. Apa sing bakal dialami karo wong-wong Kristen terurap saksuwéné ’rawuhé’ Yésus?
17 Alkitab nerangké luwih akèh bab wong-wong mati sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga, ’Karepku, kowé aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal. Amarga yèn kita pracaya, manawa Gusti Yésus wus séda lan wus kawungokaké, kita iya pracaya, yèn wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yésus iku bakal padha diklumpukaké déning Gusti Allah. Kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhé Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wus padha ngajal. Ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik. Sawisé mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing méga, methukaké Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjuré kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawasé.’—1 Ts. 4:13-17.
18 Wong-wong bakal diuripké manèh kanggo urip ing swarga sakwisé ’rawuhé’ Yésus diwiwiti. Wong-wong Kristen terurap sing isih urip ing bumi wektu sengsara gedhé bakal digawa ”menyang ing awang-awang”. Kuwi tegesé wong-wong mau ora bakal ”ngalami mati”, yaiku ora bakal mati kanggo wektu sing suwé. Ning, wektu mati, wong-wong kuwi ”bakal padha malih rupa, ing sakedhap nétra, bareng karo uniné kalasangka kang wekasan”.—1 Kr. 15:51, 52; Mt. 24:31.
-
-
”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”Warta Penting (Wulangan)—2017 | Desember
-
-
20. Apa sebabé kita isa percaya nèk kedadéan bab wong-wong sing diuripké manèh sukmbèn bakal kelakon kanthi tertib?
20 Alkitab kandha nèk wong-wong sing munggah menyang swarga kuwi diuripké ”manut urut-urutané”. (1 Kr. 15:23) Mula, kita isa percaya nèk kedadéan bab wong-wong sing diuripké manèh ing bumi uga bakal kelakon kanthi tertib. Ning, mbokmenawa kita takon, ’Apa wong-wong sing lagi waé mati bakal diuripké ora suwé sakwisé Yésus mulai mréntah bumi lan disambut karo wong-wong sing ditresnani sing kenal karo dhèwèké? Apa para pemimpin sing setya ing jaman mbiyèn bakal diuripké dhisik kanggo mbantu ngatur umaté Yéhuwah ing donya anyar? Apa sing bakal dialami wong-wong sing durung tau dadi abdiné Yéhuwah? Kapan lan ing endi wong-wong kuwi bakal diuripké manèh?’ Ana akèh pitakonan sing isa waé péngin kita ngertèni. Ning, kita ora perlu kuwatir bab kuwi saiki. Luwih apik nèk kita sabar ngentèni. Kita mesthi seneng banget wektu ngerti piyé Yéhuwah mujudké bab-bab kuwi.
-