-
Naséhat ing Alkitab soal Wong sing Nikah lan Ora NikahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Ngati-ati wektu arep milih bojo
Kudu dipikir tenanan wektu arep milih bojo. Wacanen Matius 19:4-6, 9, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok ora éntuk kesusu nikah?
Liwat Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sifaté calon bojo sing apik. Sing paling penting dhèwèké kudu sayang Yéhuwah.b Wacanen 1 Korintus 7:39 lan 2 Korintus 6:14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok kudu nikah mung karo sing seiman?
Menurut njenengan, piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing nikah karo wong sing ora sayang Yéhuwah?
Nèk kéwan loro sing béda banget narik beban bareng-bareng, loro-loroné bakal sengsara. Nèk nikah karo sing ora seiman, bakal ngalami akèh masalah
-