-
’Ngrubuhké Cara Mikir sing Ora Cocog karo Pangertèn bab Gusti Allah’Warta Penting (Wulangan)—2019 | Juni
-
-
”DIANYARKÉ ING PIKIRAN LAN SIKAPMU”
7. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa bener-bener berubah?
7 Apa awaké dhéwé isa bener-bener berubah? Alkitab kandha, ”Kowé kudu terus dianyarké ing pikiran lan sikapmu, lan kowé kudu nganggo kepribadian anyar sing digawé miturut kersané Gusti Allah, cocog karo apa sing bener lan kasetyan sing sejati.” (Éf. 4:23, 24) Dadi, awaké dhéwé isa berubah. Ning, kuwi ora gampang. Ora cukup nèk mung nolak kepénginan lan tumindak sing salah. Awaké dhéwé ya kudu ngowahi ”pikiran lan sikapé [awaké dhéwé]”. Kuwi artiné awaké dhéwé kudu ngowahi kepénginan, tumindak, lan niaté awaké dhéwé. Kuwi kudu terus diupayakké.
8-9. Apa sing isa disinaoni saka salah siji sedulur soal ngowahi pikiran lan sikap?
8 Ayo digatèkké pengalamané salah siji sedulur lanang. Mbiyèné, dhèwèké seneng mabuk-mabukan lan gelut. Ning, akhiré dhèwèké berubah lan isa dibaptis. Wong-wong ing sekitaré isa ndelok nèk dhèwèké wis berubah. Ora suwé sakwisé dibaptis, ana wong lanang sing lagi mabuk teka ing omahé lan ngejak gelut. Awalé sedulur kuwi isa nahan dhiri. Ning, wektu wong lanang kuwi ngécé Yéhuwah, sedulur kuwi ora tahan manèh. Dhèwèké metu lan njotosi wong lanang kuwi. Kenapa dhèwèké nindakké kuwi? Senajan wis sinau Alkitab lan isa nahan dhiri, ning dhèwèké durung ngowahi pikiran lan sikapé. Dadi, dhèwèké durung bener-bener berubah.
9 Ning, sedulur kuwi terus ngupaya bèn isa bener-bener berubah. (WB. 24:16) Dhèwèké dibantu karo para pinituwa kanggo nggawé kemajuan nganti akhiré isa dilantik dadi pinituwa. Bar kuwi, ing ngarep Balé Ibadah pas bengi-bengi wis tau ana wong lanang sing lagi mabuk lan arep ngantemi salah siji pinituwa. Sedulur lanang sing mau ya lagi ana ing njaba Balé Ibadah. Apa sing dhèwèké tindakké? Wong sing mabuk kuwi dijak ngomong apik-apik bèn ora nesu manèh. Terus, wong kuwi diterké bali tekan omahé. Kenapa sedulur kuwi isa kaya ngono? Dhèwèké wis bener-bener berubah dadi wong sing rendah hati lan ora gampang nesu. Kuwi isa ngluhurké Yéhuwah.
10. Apa sing kudu ditindakké bèn isa bener-bener berubah?
10 Awaké dhéwé pancèn ora isa langsung bener-bener berubah. Awaké dhéwé kudu ’ngupaya sak isa-isané’, malah mungkin nganti pirang-pirang taun. (2 Ptr. 1:5) Senajan wis suwé ngabdi marang Yéhuwah, ning awaké dhéwé ya kudu terus ngupaya kanggo ngowahi pikiran lan sikapé awaké dhéwé. Saiki, ayo dirembug telung cara sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa bener-bener berubah.
CARANÉ NGOWAHI PIKIRAN LAN SIKAP
11. Apa sebabé donga isa mbantu awaké dhéwé ngowahi pikiran lan sikap?
11 Sing pertama, awaké dhéwé kudu ndonga. Awaké dhéwé isa niru dongané sing nulis buku Jabur, ”Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka énggalaken klayan roh ingkang santosa.” (Ms. 51:12) Awaké dhéwé kudu ngrumangsani nèk ana pikiran lan sikap sing perlu diowahi. Terus, awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah. Apa Yéhuwah gelem mbantu awaké dhéwé? Ya. Mbiyèn, Yéhuwah wis tau janji karo wong-wong Israèl sing ora gelem manut, ”Bakal padha Sunparingi ati kang séjé lan roh kang anyar ana ing batiné . . . lan bakal Sunparingi ati daging [utawa, ati sing tanggap karo tuntunané Yéhuwah].” (Yk. 11:19) Nèk Yéhuwah mbiyèn gelem mbantu wong-wong Israèl, saiki Yéhuwah ya mesthi gelem mbantu awaké dhéwé bèn isa berubah.
12-13. (a) Nurut Jabur 119:59, apa sing kudu awaké dhéwé renungké? (b) Pitakonan apa waé sing kudu awaké dhéwé pikirké?
12 Sing keloro, awaké dhéwé ya kudu ngrenungké Alkitab. Dadi, awaké dhéwé ora mung maca Alkitab saben dina, ning ya kudu mikirké tenanan isiné bèn ngerti pikiran lan sikap apa waé sing perlu diowahi. (Wacanen Jabur 119:59; Ibr. 4:12; Yak. 1:25) Nèk jebulé awaké dhéwé mulai nduwé cara mikir sing padha karo wong-wong ing donya iki, awaké dhéwé kudu ngrumangsani kuwi lan ngupaya tenanan kanggo ngowahi.
13 Contoné, awaké dhéwé isa mikirké, ’Apa aku tau mèri karo wong liya?’ (1 Ptr. 2:1) ’Apa aku ngrasa nèk keluargaku lan pendidikanku luwih apik ketimbang wong liya? Apa aku ngrasa luwih sugih ketimbang wong liya?’ (WB. 16:5) ’Apa aku seneng ngrèmèhké wong liya?’ (Yak. 2:2-4) ’Apa aku mulai seneng karo apa sing ana ing donya iki?’ (1 Yoh. 2:15-17) ’Apa aku mulai seneng karo hiburan sing saru-saru lan kejem?’ (Ms. 97:10; 101:3; As. 5:15) Wektu mikirké pitakonan-pitakonan kuwi, mungkin awaké dhéwé dadi sadhar nèk ana sing kudu diowahi. Mungkin awaké dhéwé nduwé cara mikir sing wis ”dibèntèngi kanthi kuwat”. Nèk awaké dhéwé ngupaya tenanan kanggo nyingkirké cara mikir sing salah kuwi, awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah.—Ms. 19:15.
14. Apa sebabé awaké dhéwé kudu milih kanca sing apik?
14 Sing ketelu, awaké dhéwé kudu milih kanca sing apik. Kanca-kanca sing awaké dhéwé pilih isa ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. (WB. 13:20) Ing panggonan nyambut gawé utawa sekolah, awaké dhéwé ketemu karo wong-wong sing ora nduwé cara mikiré Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé isa nggolèk kanca ing perhimpunan. Ing kono, awaké dhéwé isa éntuk kanca-kanca sing apik lan sing isa nyemangati awaké dhéwé kanggo ”nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik”.—Ibr. 10:24, 25.
-