PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Kabèh Perayaan Nggawé Gusti Allah Seneng?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Wacanen Éfésus 5:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut ayat kuwi, nèk arep ngrayakké hari raya kudu terus mastèkké apa?

      • Hari raya apa sing biasa dirayakké wong-wong ing dhaérahé njenengan?

      • Menurut njenengan, apa Yéhuwah seneng karo hari-hari raya kuwi?

      Misalé, soal ngrayakké ulang taun. Nèk menurut Yéhuwah piyé? Ing Alkitab mung ana wong loro sing ngrayakké ulang taun. Tapi, loro-loroné dudu umaté Yéhuwah. Wacanen Purwaning Dumadi 40:​20-​22 lan Matius 14:​6-​10. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Loro perayaan ulang taun kuwi, sing padha apané?

      • Bar maca crita kuwi, menurut njenengan, apa Yéhuwah seneng nèk ana sing ngrayakké ulang taun?

      Tapi mungkin njenengan mikir, ’Apa mémang Yéhuwah ora seneng nèk aku mèlu ngrayakké ulang taun utawa perayaan liyané sing ora sesuai karo Alkitab?’ Wacanen Pangentasan 32:​1-8. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Riyaya lan Perayaan sing Ora Nyenengké Gusti Allah (5:​07)

      • Ngapa kok kudu terus mastèkké sing nggawé Yéhuwah seneng?

      • Piyé carané?

      Bèn ngerti perayaan kuwi nggawé Gusti Allah seneng apa ora, pikirna:

      • Apa kuwi dhasaré saka ajaran sing ora sesuai karo Alkitab? Golèki sik asal-usulé.

      • Apa kuwi ngunggul-unggulké manungsa, organisasi, utawa lambang negara? Sing kuduné diluhurké kuwi mung Yéhuwah, lan mung Dhèwèké sing isa ngatasi masalah ing donya.

      • Apa ana kebiasaan ing perayaan kuwi sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab? Tingkah lakuné awaké dhéwé kudu bener.

  • Milih Hiburan sing Isa Nggawé Yéhuwah Seneng
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 53. Bapak, ibu, karo anaké wédok lagi nonton TV karo mangan popcorn.

      PELAJARAN 53

      Milih Hiburan sing Isa Nggawé Yéhuwah Seneng

      Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Timotius 1:​11) Dhèwèké péngin awaké dhéwé bahagia lan nduwé wektu kanggo santai. Piyé bèn pas santai awaké dhéwé isa seneng, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran iki.

      1. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu milih hiburan sing kaya apa?

      Nèk pas santai, ana sing senengé ing omah waé maca buku, ngrungokké musik, nonton film, utawa internètan. Ana sing senengé ngumpul karo kanca-kancané kanggo munggah gunung, renang, utawa sepédaan. Embuh senengé sing endi, sing penting kudu milih hiburan ”sing nggawé Gusti Allah seneng”. (Éfésus 5:​10) Kuwi penting, soalé saiki akèh sing seneng karo hiburan sing isiné soal kekerasan, hubungan sèks sing ora pantes, lan ilmu gaib, padahal kuwi disengiti Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 11:5.) Piyé bèn isa milih hiburan sing padha karo karepé Yéhuwah?

      Bèn isa milih hiburan sing apik, kudu bergaul karo sing sayang Yéhuwah. Kaya sing wis dirembug ing pelajaran 48, ”wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana”. Tapi, nèk bergaul karo sing ora sayang Yéhuwah, awaké dhéwé ”bakal cilaka”.​—Wulang Bebasan 13:20.

      2. Ngapa kok kudu mikirké jumlah wektu sing dienggo hiburan?

      Meskipun ora milih hiburan sing salah, aja nganti wektuné entèk dienggo kuwi. Soalé, mengko dadi ora nduwé wektu kanggo sing luwih penting. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ’nggunakké wektu kanggo nindakké apa sing penting’.​—Wacanen Éfésus 5:​15, 16.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug piyé bèn isa milih hiburan sing sesuai pathokan ing Alkitab.

      3. Ora milih hiburan sing disengiti Yéhuwah

      Ngapa kok kudu pilih-pilih soal hiburan? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Hiburan sing Kuduné Tak Pilih (4:​39)

      • Pertandingan gladiator ing Roma karo beberapa hiburan saiki sing padha apané?

      • Danny dadi ngerti apa soal hiburan?

      Wacanen Roma 12:​9, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk ngetrapké ayat kuwi, awaké dhéwé bakal milih hiburan sing kaya apa?

      Apa waé sing disengiti Yéhuwah? Wacanen Wulang Bebasan 6:​16, 17 lan Galatia 5:​19-​21. Bar maca ayat-ayaté, rembugen pertanyaan iki:

      • Apa buktiné nèk saiki ana akèh hiburan sing isiné padha kaya sing disebutké ing ayat-ayat kuwi?

      Wektu arep milih hiburan

      Kudu dipikir sik:

      • Apa isiné ana sing disengiti Yéhuwah?

      • Apa kuwi marahi aku dadi ora nduwé wektu kanggo sing luwih penting?

      • Apa aku malah dadi bergaul karo sing ora sayang Yéhuwah?

      Bèn aman, mlakuné aja minggir-minggir jurang. Nèk ngrasa hiburan kuwi ora apik kanggo awaké dhéwé, mendhing langsung ditolak

      Mobil mlaku ing pinggir jurang lan bagéan mburiné arep kejegur jurang.

      4. Kudu isa ngatur wektu

      Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Apa sing Isa Marahi Dadi Ora Nduwé Wektu? (2:​45)

      • Meskipun pilihan hiburané ora salah, apa akibaté merga sedulur kuwi ora isa ngatur wektu?

      Wacanen Filipi 1:​10, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé carané ngetrapké ayat kuwi soal hiburan?

      5. Milih hiburan sing apik

      Meskipun ana hiburan sing ora apik, tapi isih ana akèh hiburan apik sing isa dinikmati. Wacanen Pengkhotbah 8:​15 lan Filipi 4:​8, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk njenengan dhéwé seneng hiburan apa?

      Gambar: Wong-wong lagi menikmati hiburan. 1. Cah wédok lagi ngrungokké musik karo nggambar. 2. Cah lanang-lanang main baskèt. 3. Cah lanang sepédaan. 4. Cah cilik dolanan mobil-mobilan saka kayu. 5. Wong lanang main alat musik. 6. Cah lanang main game karo bapaké. 7. Wong wédok lagi motrèt.

      Ana akèh pilihan hiburan sing isa dinikmati

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ya mbok bèn nèk hiburanku isiné kekerasan, hubungan sèks sing ora pantes, utawa ilmu gaib. Sing penting kan aku ora mèlu-mèlu.”

      • Njenengan arep njelaské piyé?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé menikmati hiburan, tapi kudu pinter-pinter milih sing apik.

      Jawaben

      • Awaké dhéwé ora éntuk menikmati hiburan sing kaya apa?

      • Ngapa kok kudu pinter-pinter ngatur wektu sing dienggo hiburan?

      • Apa njenengan gelem milih hiburan sing nggawé Yéhuwah seneng? Lha ngapa?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Sapa sing isa nentokké hiburan kuwi éntuk apa ora?

      ”Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Aturan Bab Nonton Pilem, Maca Buku, lan Ngrungokaké Lagu?” (Artikel ing jw.org)

      Piyé bèn pas santai awaké dhéwé isa seneng, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng?

      ”Apa Hiburan sing Njenengan Pilih Ana Manfaaté?” (Warta Penting 15 Oktober 2011)

      Ana wong lanang sing akhiré ora milih hiburan sing ora nggenah manèh. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Malah Aku Ya Ora Mbédak-mbédakké Wong Manèh”.

      ”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Februari 2010)

      Piyé contoné nggawé keputusan sing bener soal milih hiburan?

      Nolak Hiburan sing Isiné soal Hantu-Hantu (2:​02)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim