PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Carané Yéhuwah Ngatur Jemaat Kristen Liwat Yésus
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Yéhuwah seneng nèk kabèh teratur. (1 Korintus 14:33) Iki berarti umaté ya mesthi tertib. Piyé carané jemaat Kristen diatur? Piyé bèn awaké dhéwé isa terus manut arahan ing jemaat?

      1. Sapa sing dadi kepalané jemaat Kristen?

      ”Kristus kuwi kepalané jemaat.” (Éfésus 5:​23) Saka swarga, Yésus mimpin kabèh umaté Yéhuwah. Yésus milih ”budhak sing setya lan wicaksana”, yaiku sak kelompok pinituwa sing disebut Pengurus Pusat. (Wacanen Matius 24:​45-​47.) Kaya para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm mbiyèn, Pengurus Pusat ya ngarahké jemaat-jemaat sak donya. (Kisah 15:2) Wong-wong kuwi dudu pemimpiné Seksi-Seksi Yéhuwah. Sing ngarahké wong-wong kuwi sakjané Yéhuwah karo Yésus liwat Alkitab.

      2. Pinituwa kuwi apa, terus apa waé tugasé?

      Para pinituwa kuwi wong-wong lanang sing kuwat imané, sing tugasé mulang isiné Alkitab, lan nyemangati umaté Yéhuwah bèn terus setya karo Yéhuwah. Para pinituwa ora dibayar, tapi ’réla dadi pelayané Gusti Allah, semangat wektu nindakké kuwi, lan ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur’. (1 Pétrus 5:​1, 2) Para pinituwa dibantu karo abdiné jemaat. Abdiné jemaat kuwi ya mengkoné isa waé dadi pinituwa.

      Ana pinituwa sing dipilih karo Pengurus Pusat bèn dadi pinituwa wilayah. Pinituwa wilayah tugasé marani jemaat-jemaat bèn isa mènèhi arahan lan nyemangati para sedulur. Pinituwa wilayah tugasé ya nyetujoni sedulur-sedulur lanang sing isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat sesuai syarat ing Alkitab.​—1 Timotius 3:​1-​10, 12; Titus 1:​5-9.

      3. Kabèh Seksi Yéhuwah kudu ngapa?

      Kabèh Seksi Yéhuwah terus manut arahan ing jemaat lan terus nginjil bèn isa ”muji jenengé Yéhuwah”.​—Wacanen Mazmur 148:​12, 13.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana keterangan Yésus kuwi pemimpin sing kaya apa, carané pinituwa niru Yésus, lan carané awaké dhéwé manut karo Yésus lan para pinituwa.

      4. Yésus kuwi pemimpin sing apikan

      Yésus ngejak wong-wong kanggo ngapa? Wacanen Matius 11:​28-​30, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Wong-wong sing dipimpin Yésus bakal ngrasa piyé?

      Piyé para pinituwa isa niru Yésus? Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Pinituwa Mbantu Pas Gempa ing Nepal (4:​56)

      Menurut Alkitab, nèk dadi pinituwa kudu piyé?

      Wacanen Yésaya 32:2 lan 1 Pétrus 5:​1-3, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk para pinituwa apikan kaya Yésus?

      • Apa manèh buktiné nèk para pinituwa niru Yésus?

      5. Pinituwa kudu dadi conto

      Menurut Yésus, para pinituwa kuduné nganggep tugasé kuwi piyé? Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Para Pinituwa sing Mimpin (7:​39)

      Menurut Yésus, wong-wong sing nduwé tugas ing jemaat kuduné piyé? Wacanen Matius 23:​8-​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut Alkitab, pinituwa kuduné piyé? Apa para pemimpin agama ya kaya ngono?

      A. Gambar: Pinituwa berusaha bèn dhèwèké lan keluargané imané tetep kuwat. 1. Ndonga sakdurungé maca Alkitab. 2. Mulang anaké wédok dibantu karo bojoné. B. Pinituwa kuwi karo bojoné niliki sedulur seiman ing rumah sakit. C. Pinituwa kuwi nginjil. D. Gambar: 1. Pinituwa kuwi ceramah ing jemaat. 2. Resik-resik Balé Ibadah.
      1. Para pinituwa berusaha bèn dhèwèké lan keluargané imané tetep kuwat

      2. Para pinituwa nggatèkké para sedulur

      3. Para pinituwa rajin nginjil

      4. Ora mung mulang, para pinituwa ya gelem nglakoni tugas liyané

      6. Awaké dhéwé kudu manut karo para pinituwa

      Ngapa kok kudu manut karo para pinituwa? Wacanen Ibrani 13:​17, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Apa njenengan setuju nèk awaké dhéwé kudu manut karo para pinituwa? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

      Wacanen Lukas 16:​10, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok kudu manut kabèh arahané pinituwa termasuk sing kétoké sepélé?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ora usah nggabung karo Seksi-Seksi Yéhuwah.”

      • Menurut njenengan, apa manfaaté nèk njenengan nggabung jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah?

      KESIMPULAN

      Sing ngarahké jemaat kuwi Yésus. Awaké dhéwé seneng manut karo para pinituwa sing ya manut karo Yésus.

      Jawaben

      • Sapa sing dadi kepalané jemaat Kristen?

      • Apa waé tugasé para pinituwa?

      • Kabèh Seksi Yéhuwah kudu ngapa?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa buktiné nèk Pengurus Pusat lan para pinituwa nggatèkké para sedulur?

      Mbantu Para Sedulur Bèn Kuwat Imané (4:​22)

      Apa waé tugasé pinituwa wilayah?

      Kegiatané Pinituwa Wilayah ing Dhaérah Terpencil (4:​51)

      Apa wong wédok ing Seksi Yéhuwah ya nduwé tugas?

      ”Apa Wong-Wong Wédok ing Seksi-Seksi Yéhuwah Isa Dadi Rohaniwan?” (Warta Penting 1 September 2012)

      Apa waé upayané para pinituwa bèn isa nyemangati para sedulur?

      ”Para Pinituwa Kuwi ’Kanca Nyambut Gawé sing Nggawé Awaké Dhéwé Seneng’” (Warta Penting 15 Januari 2013)

  • Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 1
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 1. Menurut Alkitab, wong lanang kudu piyé?

      Sing dadi kepala keluarga kuwi wong lanang. (Wacanen Éfésus 5:​23.) Yéhuwah péngin bèn wong lanang mikirké sing paling apik kanggo keluargané pas nggawé keputusan. Menurut Alkitab, wong lanang ’kudu terus sayang karo bojoné’. (Éfésus 5:​25) Kuwi berarti wong lanang ora éntuk kasar karo bojoné, embuh pas karo wong liya utawa mung wong loro thok. Dhèwèké ya kudu berusaha bèn bojoné ora cilaka, tapi terus bahagia, lan kebutuhané tercukupi. (1 Timotius 5:8) Sing paling penting, dhèwèké kudu berusaha bèn bojoné ya tetep akrab karo Yéhuwah. (Matius 4:4) Misalé, ndonga lan maca Alkitab bareng. Nèk sayang karo bojoné, dhèwèké isa tetep akrab karo Yéhuwah.​—Wacanen 1 Pétrus 3:7.

  • Tugasé ”Budhak sing Setya lan Wicaksana”
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Yésus kuwi Kepalané jemaat. (Éfésus 5:​23) Saka swarga, Yésus saiki ngarahké murid-muridé liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Wacanen Matius 24:45.) Yésus dhéwé sing milih lan masrahi ”budhak” kuwi tanggung jawab kanggo ngurusi umaté Yéhuwah. Tapi, ”budhak” kuwi ya tetep kudu manut karo Yésus lan nglayani sedulur-seduluré Kristus, yaiku wong-wong sing wis dipilih munggah swarga. ”Budhak sing setya lan wicaksana” kuwi sapa? Apa buktiné nèk ”budhak” kuwi ngurusi umaté Yéhuwah?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim