-
Piyé Bèn Keluarga Bahagia?—Bagian 1Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
Isa waé wong sing nikah suwé-suwé ana masalah. Mulané, kuwi kudu diatasi bareng-bareng. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ing vidéo kuwi, apa buktiné nèk wong lanang karo bojoné kuwi wis ora akrab manèh?
Piyé akhiré wong loro kuwi isa akrab manèh?
Wacanen 1 Korintus 10:24 lan Kolose 3:13. Bar maca ayat-ayaté, rembugen pertanyaan iki:
Nèk ngetrapké naséhat kuwi, wong lanang karo bojoné isa tetep akrab. Kok isa?
Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu apikan lan ngajèni wong liya. Wacanen Roma 12:10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa kudu diajèni sik lagi gelem ngajèni bojoné? Lha ngapa njenengan njawab ngono?
-
-
Tetep Rukun karo Para SedulurBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
3. Nèk ana masalah karo sedulur seiman, kudu piyé?
Meskipun bersatu, umaté Yéhuwah kuwi ora sampurna. Dadi isa waé nggawé seduluré kecéwa utawa lara ati. Ing Alkitab ana préntah, ”Kowé kudu terus . . . ngapura liyané. Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah tulus ngapura kowé.” (Wacanen Kolose 3:13.) Awaké dhéwé kerep nggawé Yéhuwah sedhih, tapi Dhèwèké tetep gelem ngampuni. Mulané, Dhèwèké ya péngin awaké dhéwé seneng ngampuni wong liya. Nèk wis nggawé wong liya lara ati, awaké dhéwé kudu cepet-cepet ngrampungi masalahé.—Wacanen Matius 5:23, 24.b
-
-
Tetep Rukun karo Para SedulurBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Terus rukun lan tulus ngampuni
Yéhuwah ora butuh diampuni, tapi Dhèwèké saktulusé ati gelem ngampuni awaké dhéwé. Wacanen Mazmur 86:5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa sing disebutké ayat kuwi soal Yéhuwah?
Apa njenengan bersyukur Yéhuwah seneng ngampuni? Lha ngapa?
Apa waé sing isa marahi angèl rukun karo wong liya?
Piyé carané niru Yéhuwah lan carané tetep rukun karo para sedulur? Wacanen Wulang Bebasan 19:11, terus rembugen pertanyaan iki:
Nèk ana sing marahi jèngkèl utawa lara ati, piyé bèn ora kepancing nesu?
Terus, nèk awaké dhéwé sing nglarani atiné wong liya piyé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa sing diupayakké sedulur kuwi bèn isa rukun?
-