-
Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Piyé carané nyritakké isiné Alkitab karo keluarga utawa kanca?
Para rasulé Yésus ngomong, ”Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kisah 4:20) Saking senengé karo ajarané Yésus, para rasul nganti péngin nyritakké kuwi karo wong liya. Nèk ngrasa kaya ngono, njenengan ya isa mulai crita karo keluarga utawa kanca soal sing wis dipelajari saka Alkitab.—Wacanen Kolose 4:6.
Cara-carané
Wektu omong-omongan karo keluarga, njenengan isa crita, ”Pas sinau Alkitab, aku dadi ngerti soal . . . ”
Macakké ayat kanggo kanca sing lagi lara utawa lagi sedhih.
Crita karo kanca kerja soal apa waé sing dipelajari pas sinau Alkitab utawa pas teka ing pertemuan ibadah.
Ngandhani kanca soal jw.org.
Ngejak keluarga utawa kanca mèlu sinau Alkitab bareng utawa ngandhani carané ngisi formulir ing jw.org.
-
-
Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Kudu ngajèni
Pas crita soal sing dipelajari saka Alkitab, sing kudu dipikirké ora mung sing arep diomongké, tapi ya carané nyampèkké. Wacanen 2 Timotius 2:24 lan 1 Pétrus 3:15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé carané ngetrapké ayat-ayat kuwi?
Nèk ana sing ora setuju karo pendapaté njenengan soal isiné Alkitab, njenengan kudu piyé?
Daripada meksa-meksa, ngapa kok mendhing ngejak mikir nganggo pertanyaan?
-