-
Yéhuwah Bakal Ngopèni KowéWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Desember
-
-
13. Apa sing kudu diéling-éling sakdurungé ngekèki utawa nampa katrangan bab carané ngobati wong lara?
13 Saiki, ora ana sedulur seiman sing isa nambani nganggo mukjijat. Ning, merga péngin mbantu, ana sedulur seiman sing mènèhi katrangan bab carané nggolèk tamba, senajan awaké dhéwé ora njaluk. Mbokmenawa pancèn ora mbebayani. Contoné, Paulus ngandhani Timotéus kon ngombé anggur sithik waé. Timotéus nduwé lara weteng, mbokmenawa merga ngombé banyu sing ora resik.a (Wacanen 1 Timotéus 5:23.) Ning, awaké dhéwé kudu ati-ati nèk ana sedulur sing ngojok-ojoki kon ngombé obat, obat herbal, utawa ngatur endi sing éntuk dipangan lan endi sing ora. Dhèwèké mbokmenawa kandha ngono merga ana keluargané sing ngalami bab sing padha. Ning, kuwi ora tegesé awaké dhéwé mesthi cocog karo pengobatan kuwi. Senajan akèh wong ngombé obat utawa éntuk perawatan, durung mesthi kuwi isa nambani.—Wacanen Wulang Bebasan 27:12.
-
-
Yéhuwah Bakal Ngopèni KowéWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 Desember
-
-
a Buku The Origins and Ancient History of Wine kandha nèk para ilmuwan wis nemokké, nèk anggur isa nambani tipes lan matèni kuman penyakit sing mbebayani.
-