-
Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Tetep sinau Alkitab meskipun ana sing ora seneng
Kadhang ana sing péngin awaké dhéwé ora sinau Alkitab manèh. Deloken pengalamané Francesco. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé tanggepané keluarga lan kanca-kancané Francesco pas dhèwèké nyritakké sing dipelajari?
Apa hasilé merga dhèwèké tetep sinau Alkitab?
Wacanen 2 Timotius 2:24, 25, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé tanggepané keluarga lan kanca-kancané njenengan pas ngerti njenengan sinau Alkitab?
Menurut ayat-ayat kuwi, njenengan kudu piyé nèk ana sing ora seneng njenengan sinau Alkitab? Lha ngapa njenengan njawab ngono?
-
-
Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
Pas crita soal sing dipelajari saka Alkitab, sing kudu dipikirké ora mung sing arep diomongké, tapi ya carané nyampèkké. Wacanen 2 Timotius 2:24 lan 1 Pétrus 3:15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé carané ngetrapké ayat-ayat kuwi?
Nèk ana sing ora setuju karo pendapaté njenengan soal isiné Alkitab, njenengan kudu piyé?
Daripada meksa-meksa, ngapa kok mendhing ngejak mikir nganggo pertanyaan?
-