-
Wong Tuwa—Bantunen Anak Panjenengan Bèn Dadi Wicaksana lan DislametkéWarta Penting (Wulangan)—2017 | Desember
-
-
3. (a) Piyé Timotéus isa dadi wong Kristen lan piyé tanggepané marang apa sing disinaoni? (b) Telung bab apa sing isa disinaoni saka Timotéus?
3 Rasul Paulus sepisanan marani kutha Listra ing taun 47 M. Mbokmenawa wektu kuwi Timotéus sing isih remaja lagi sinau ajarané Yésus. Dhèwèké ngetrapké apa sing disinaoni lan rong taun sakbanjuré lunga bareng karo Paulus. Kira-kira 16 taun sakwisé kuwi, Paulus nulis surat marang Timotéus, ”Tetepa nggondhèli ing kayektèn kang wus koktampani lan kokyakini [percaya tenan], kalawan tansah élinga marang wong kang wus mulangaké bab iku marang kowé. Élinga uga, yèn wiwit cilik kowé wus wanuh [ngerti] karo Kitab Suci [Kitab-Kitab Ibrani], kang bisa ngolèhaké kawicaksanan marang kowé lan nuntun kowé marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yésus.” (2 Tm. 3:14, 15) Gatèkna nèk Timotéus (1) ngerti isiné Kitab Suci, (2) percaya tenan karo apa sing disinaoni, lan (3) dadi wicaksana lan dislametké merga nduwé iman marang Yésus.
Malah, cah cilik waé isa sinau bab wong lan kedadéan ing Alkitab
-
-
Wong Tuwa—Bantunen Anak Panjenengan Bèn Dadi Wicaksana lan DislametkéWarta Penting (Wulangan)—2017 | Desember
-
-
PERCAYA TENAN
5. (a) Apa maksudé percaya tenan? (b) Apa buktiné nèk Timotéus percaya tenan karo ajaran bab Yésus?
5 Anak-anak ora cukup nèk mung diwulang bab wong lan kedadéan sing ana ing Alkitab. Élinga nèk Timotéus uga percaya tenan karo apa sing disinaoni. Timotéus wis ngerti isiné Kitab-Kitab Ibrani ”wiwit cilik”. Banjur, Timotéus dadi yakin nèk Yésus kuwi Mèsias lan kuwi nggawé imané saya kuwat. Akiré kuwi nggawé Timotéus gelem dibaptis lan mèlu Paulus dadi utusan injil.
6. Piyé carané mbantu anak panjenengan bèn kuwat imané marang Alkitab?
6 Piyé carané mbantu anak panjenengan bèn kuwat imané lan isa percaya tenan kaya Timotéus? Panjenengan kudu sabar merga butuh wektu kanggo nguwatké imané. Panjenengan kudu ngerti nèk anak panjenengan durung mesthi langsung percaya karo apa sing panjenengan percayani. Bocah-bocah kudu dilatih kanggo ”mbédakaké kang becik sarta kang ala” bèn isa nguwatké imané marang Alkitab. (Wacanen Ibrani 5:14.) Ana akèh sing isa wong tuwa tindakké kanggo nguwatké imané anaké, kususé nèk anak-anak kerep takon. Ayo dirembug pengalamané salah siji bapak lan piwulangé kanggo kita.
7, 8. (a) Apa buktiné nèk Thomas sabar wektu mulang anaké wédok? (b) Kapan wong tuwa kudu sabar marang anak-anaké?
7 Thomas nduwé anak wédok sing umuré 11 taun. Anaké kadhang kala takon, ”Apa Yéhuwah nggunakké évolusi kanggo ngebaki bumi?” utawa ”Apa sebabé kita ora mèlu ndhukung masyarakat, misalé mèlu ndhukung pemilu, bèn kahanan dadi luwih apik?” Pas ditakoni kuwi, Thomas ora langsung ngandhani apa sing kudu dipercayani anaké. Dhèwèké ngerti nèk wong isa percaya dudu merga dikandhani endi sing bener, ning merga diwènèhi bukti-buktiné.
8 Thomas uga ngerti nèk dhèwèké perlu sabar wektu mulang anaké wédok. Kabèh wong Kristen pancèn kudu sabar. (Kl. 3:12) Thomas sadhar nèk dhèwèké perlu nyedhiyakké akèh wektu kanggo omong-omongan bab Alkitab karo anaké wédok bèn isa nguwatké imané. Thomas kandha, ”Aku lan bojoku péngin ngerti apa anakku pancèn wis percaya tenan karo apa sing dhèwèké sinaoni lan apa kuwi masuk akal kanggo anakku, kususé ing bab-bab sing penting. Aku seneng nèk dhèwèké takon. Malah, nèk dhèwèké langsung setuju tanpa takon, aku dadi kuwatir.”
Wong tuwa kudu sabar bèn isa mbantu nguwatké imané anaké marang Alkitab
9. Piyé wong tuwa isa mbantu nguwatké imané anak-anak marang Alkitab?
9 Nèk wong tuwa mulang kanthi sabar, anak-anak bakal ngerti ”sapira ambané lan dawané sarta dhuwuré lan jeroné” piwulangé Alkitab. (Éf. 3:18) Kita perlu mulang anak-anak nganggo cara sing cocog karo umur lan pemahamané. Nèk imané dadi saya kuwat, anak-anak bakal dadi luwih gampang mbéla imané ing ngarepé wong liya, klebu kanca sekolahé. (1 Pt. 3:15) Contoné, apa anaké panjenengan isa nggunakké Alkitab kanggo njelaské kahanané wong mati? Apa dhèwèké nganggep katrangan saka Alkitab kuwi masuk akal?a (Deloken katrangan ing ngisor.) Élinga nèk wong tuwa kudu sabar bèn isa mbantu nguwatké imané anaké marang Alkitab, ning kuwi ora bakal siya-siya.—PT. 6:6, 7.
Tuladhané panjenengan uga penting kanggo nguwatké imané anak-anak
10. Bab penting apa manèh sing kudu digatèkké wektu mulang anak-anak?
10 Tuladhané panjenengan uga penting kanggo nguwatké imané anak-anak. Stephanie sing nduwé anak wédok telu kandha, ”Wiwit anak-anakku isih cilik, aku terus mikirké, ’Apa aku crita karo anak-anakku alesané aku percaya nèk Yéhuwah kuwi ana, nresnani kita, lan pathokané mesthi bener? Apa anak-anakku isa weruh nèk aku tresna tenan marang Yéhuwah?’ Nèk aku dhéwé ora yakin, piyé aku isa nggawé anak-anakku yakin?”
-