PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 1. Alkitab kebukak.

      PELAJARAN 01

      Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan

      Wong-wong padha péngin ngerti piyé uripé sukmbèn, ngapa kok saiki akèh wong susah, lan piyé mengko nèk mati. Ana sing kuwatir piyé carané nyukupi kebutuhan keluarga lan piyé bèn keluargané bahagia. Akèh wong isa éntuk keterangan saka Alkitab soal uripé manungsa. Wong-wong kuwi ya wis ngrasakké dhéwé manfaaté Alkitab kanggo ngatasi masalahé. Apa njenengan ya setuju nèk Alkitab ana manfaaté kanggo kabèh wong?

      1. Keterangan apa waé sing ana ing Alkitab?

      Ing Alkitab ana keterangan soal: Piyé asal usulé manungsa? Ngapa kok manungsa diciptakké? Ngapa kok akèh wong sing susah? Piyé mengko nèk mati? Ngapa kok ana perang? Apa bumi bakal dihancurké? Njenengan isa nggolèki keterangan soal kuwi ing Alkitab merga akèh sing wis éntuk keterangan soal kuwi.

      2. Ana saran apa waé ing Alkitab?

      Ana saran-saran sing apik ing Alkitab, misalé piyé bèn keluarga bahagia, piyé bèn ora strès, lan piyé bèn seneng wektu nyambut gawé. Nèk ngrembug buku iki, njenengan isa ngerti keterangan soal kuwi lan keterangan liyané saka Alkitab. Njenengan isa yakin nèk ’kabèh sing ditulis ing Kitab Suci ana gunané’.​—2 Timotius 3:​16.

      Buku iki dudu gantiné Alkitab, tapi liwat buku iki njenengan isa ngerti isiné Alkitab. Dadi, wacanen dhéwé ayat-ayaté, terus cocogna karo apa sing lagi dipelajari.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana sing wis ngrasakké dhéwé manfaaté sinau Alkitab. Njenengan ya isa ngerti carané bèn seneng maca Alkitab lan ngerti alesané ngapa kok kudu ana sing mbantu sinau Alkitab.

      3. Ing Alkitab ana tuntunan sing apik

      Alkitab kuwi kaya lampu. Awaké dhéwé kudu maca Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing bener lan bèn ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn.

      Wacanen Mazmur 119:​105, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Penulis Mazmur nganggep Alkitab kuwi kaya apa?

      • Nèk menurut njenengan dhéwé piyé?

      Wong soré-soré mlaku ing pinggir danau karo nggawa sènter.

      4. Ing Alkitab ana jawaban pertanyaané awaké dhéwé

      Ana wong wédok sing akhiré ora penasaran lan ora bingung manèh merga sinau Alkitab. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Kudu Terus Nduwé Harapan (1:​48)

      • Ing vidéo kuwi, wong wédok mau bingung soal apa?

      • Apa manfaaté sinau Alkitab kanggo dhèwèké?

      Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu seneng takon. Wacanen Matius 7:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Njenengan péngin ngerti soal apa sing jawabané mungkin ana ing Alkitab?

      5. Njenengan isa seneng maca Alkitab

      Akèh sing wis maca Alkitab lan ngrasakké dhéwé manfaaté. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Maca Alkitab (2:​05)

      • Ing vidéo kuwi, apa cah-cah mau seneng maca? Lha ngapa?

      • Ngapa cah-cah kuwi seneng maca Alkitab?

      Ing Alkitab ana tuntunan, penghiburan, lan harapan. Wacanen Roma 15:​4, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa njenengan péngin ngerti luwih akèh soal penghiburan lan harapan sing ana ing Alkitab?

      6. Bèn isa ngerti isiné Alkitab, kudu ana sing mbantu

      Sakliyané maca Alkitab dhéwé, luwih apik nèk kuwi dirembug karo wong liya. Wacanen Kisah 8:​26-​31, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé bèn isa ngerti isiné Alkitab?​—Deloken ayat 30 karo 31.

      Gambar: 1. Filipus njelaské isiné Kitab Suci karo wong Étiopia. 2. Ibu sing nduwé anak loro lagi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah.

      Pejabat Étiopia butuh dibantu bèn ngerti isiné Kitab Suci. Akèh wong saiki ya butuh dibantu bèn ngerti isiné Alkitab

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ngapa kok ndadak sinau Alkitab?”

      • Njenengan njawab apa? Lha ngapa?

      KESIMPULAN

      Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa bahagia, nduwé harapan, éntuk saran-saran, lan ngerti keterangan soal uripé manungsa.

      Jawaben

      • Ing Alkitab ana saran apa waé?

      • Pertanyaan apa waé sing jawabané mungkin ana ing Alkitab?

      • Wektu sinau Alkitab, njenengan péngin ngerti soal apa?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa saran-saran ing Alkitab isih ana gunané nganti saiki?

      ”Wulangané Alkitab Ora Ketinggalan Jaman” (Warta Penting No. 1 2018)

      Deloken pengalamané wong sing mauné ngrasa ora berharga, tapi akhiré isa ngatasi masalahé merga sinau Alkitab.

      Saiki Uripku Bahagia (2:​53)

      Apa waé saran-saran ing Alkitab bèn keluarga isa bahagia?

      ”12 Cara Bèn Keluarga Bahagia” (Gatèkna! No. 2 2018)

      Deloken vidéo sing njelaské soal sapa sing sakjané nguwasani donya.

      Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?​—Versi Dawa (3:​13)

  • Alkitab Kuwi saka Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 1. Meskipun sing nulis manungsa, ngapa kok Alkitab disebut saka Gusti Allah?

      Alkitab ditulis 1.600 taun, saka 1513 SM nganti kira-kira 98 M. Sing nulis Alkitab ana 40. Meskipun sing nulis béda-béda, tapi isiné tetep nyambung. Kok isa? Merga Gusti Allah sing ngarang Alkitab. (Wacanen 1 Tésalonika 2:​13.) Sing nulis Alkitab ora nulis pendapaté dhéwé, tapi ”kuwi asalé saka Gusti Allah merga wong-wong kuwi dituntun roh suci”.a (2 Pétrus 1:​21) Gusti Allah nuntun manungsa nganggo roh suciné bèn nulis pikiran lan perasaané Gusti Allah.​—2 Timotius 3:​16.

  • Alkitab Kuwi saka Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 4. Sing ngarang Alkitab

      Setèlen VIDÉONÉ. Wacanen 2 Timotius 3:​16, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Sapa sing Ngarang Alkitab?​—Cuplikan (2:​48)

      • Meskipun sing nulis manungsa, ngapa kok Alkitab disebut saka Gusti Allah?

      • Apa njenengan percaya nèk Gusti Allah nuntun manungsa nulis pikiran lan perasaané Gusti Allah?

      Sekretaris ngetik surat sing didhikté bosé.

      Manungsa dituntun Gusti Allah wektu nulis Alkitab, kaya sekretaris sing didhikté bosé wektu nulis surat

  • Alkitab Kuwi saka Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim