-
Nguwatké Iman marang sing Diarep-arepWarta Penting (Wulangan)—2016 | Oktober
-
-
2 Alkitab kandha nèk iman kuwi ”tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”. Maksudé, wong-wong sing nduwé iman percaya tenan nèk Yéhuwah bakal netepi janjiné. (Ib. 11:1, BJP) Wong-wong saiki nduwé akèh pangarep-arep lan kepénginan, ning ora ngerti bakal kelakon apa ora. Contoné, ana sing péngin menang lotré, ning durung mesthi menang. Ing wulangan iki, bakal dirembug carané nguwatké iman marang janjiné Gusti Allah, lan paédahé nèk nduwé iman sing kuwat.
3. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk janjiné Yéhuwah bakal kelakon?
3 Iman kuwi dudu gawan bayi. Bèn nduwé iman, awaké dhéwé butuh tuntunan roh suciné Yéhuwah. (Gl. 5:22) Roh suci isa mbantu awaké dhéwé ngerti bab Yéhuwah. Wektu ngerti nèk Yéhuwah kuwi mahakuwasa lan wicaksana, awaké dhéwé dadi yakin nèk Yéhuwah isa mujudké kabèh janjiné. Yéhuwah nganggep nèk janjiné wis kelakon, mula Yéhuwah ngendika, ”Samubarang kabèh wus kalakon.” (Wacanen Wahyu 21:3-6.) Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah mesthi netepi kabèh janjiné. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing setya. Mula, awaké dhéwé isa percaya nèk apa waé sing dingendikakké Yéhuwah bakal kelakon.—PT. 7:9.
ABDINÉ YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN SING KUWAT IMANÉ
4. Para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn nduwé iman bab apa?
4 Ibrani bab 11 nyebutké jenengé 16 wong lanang lan wédok sing imané kuwat marang janjiné Yéhuwah. Uga nyebutké wong-wong liya sing nyenengké Yéhuwah merga nduwé iman. (Ib. 11:39) Wong-wong kuwi ngentèni ”keturunan” sing dijanjèkké Yéhuwah, lan ngerti nèk ”keturunan” kuwi bakal ngremuk kabèh mungsuhé Gusti Allah sarta mujudké manèh pirdus ing bumi. (Pd. 3:15, New World Translation [NW]) Wong-wong kuwi wis mati sakdurungé janji bab ”keturunan” kelakon, mula ora isa nduwé pengarep-arep urip ing swarga. (Gl. 3:16) Ning, wong-wong kuwi yakin tenan nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh kanggo urip saklawasé ing bumi pirdus.—Ms. 37:11; Yé. 26:19; Hs. 13:14.
-
-
Nguwatké Iman marang sing Diarep-arepWarta Penting (Wulangan)—2016 | Oktober
-
-
7. Yéhuwah maringi apa kanggo nguwatké imané awaké dhéwé, lan apa sing perlu ditindakké?
7 Apa sing isa mbantu awaké dhéwé njaga iman tetep kuwat? Yéhuwah wis maringi Alkitab kanggo mulang bab janjiné, lan nduduhké apa sing dibutuhké bèn isa ayem tentrem. Mula, paédahé gedhé banget nèk maca lan ngetrapké tuntunan ing Alkitab saben dina. (Ms. 1:1-3; wacanen Para Rasul 17:11.) Yéhuwah uga maringi ’pangan ing wektu kang katamtokaké’ liwat ”abdi kang setya lan pinter”. (Mt. 24:45) Kaya abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé perlu ajeg sinau lan mikirké tenanan janjiné Yéhuwah. Kuwi bakal mbantu bèn isa tetep setya marang Yéhuwah lan terus ngarep-arep Kratoné Gusti Allah mréntah saklumahing bumi.
Wektu ngerti nèk Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, kuwi isa nguwatké iman