PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 5. Yéhuwah péngin njenengan dadi kancané

      Soten saka Kamboja seneng banget merga ngerti jenengé Gusti Allah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen iki:

      VIDÉO: Aku Nggolèki Gusti Allah (8:​18)

      Gambar: Gambar ing vidéo ’Aku Nggolèki Gusti Allah’. 1. Soten lungguh ing ngisor wit, ndhangak, lan ndonga karo Gusti Allah. 2. Herold ngandhani Soten jeneng Yéhuwah.
      • Critakna pengalamané Soten sakwisé ngerti jenengé Gusti Allah.

      Nèk arep dadi kancané wong liya, kudu ngerti jenengé dhisik. Wacanen Yakobus 4:8a, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Yéhuwah péngin njenengan piyé?

      • Ngapa kok njenengan isa cedhak karo Yéhuwah nèk ngerti lan nyebut jenengé?

  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Dadi Kancané Yéhuwah

      Yéhuwah péngin njenengan dadi kancané. Dhèwèké péngin njenengan ngerti sifat-sifaté, pikirané, perasaané, lan rencanané kanggo manungsa. Ning, apa njenengan mémang isa dadi kancané? (Wacanen Mazmur 25:14.) Piyé bèn isa dadi kancané? Jawabané ana ing Alkitab. Ing kono ya dijelaské nèk Yéhuwah kanca sing paling sayang karo awaké dhéwé.

      1. Yéhuwah péngin njenengan piyé?

      ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.” (Yakobus 4:8) Kuwi artiné Yéhuwah péngin njenengan dadi kancané. Ana sing mikir nèk ora isa dadi kancané Gusti Allah, soalé Gusti Allah ora isa didelok. Tapi ing Alkitab Yéhuwah ngandhani soal sifat-sifaté, pikirané, lan perasaané bèn awaké dhéwé cedhak karo Dhèwèké. Dadi meskipun ora isa ndelok Gusti Allah, awaké dhéwé isa cedhak karo Dhèwèké nèk maca Alkitab.

      2. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi kanca sing paling apik?

      Yéhuwah kuwi sing paling sayang karo njenengan. Dhèwèké péngin njenengan bahagia. Dhèwèké ya péngin njenengan njaluk tulung karo Dhèwèké pas ana masalah. Menurut Alkitab, ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.” (1 Pétrus 5:7) Yéhuwah mesthi gelem ngrungokké, menghibur, lan ndhukung kancané.​—Wacanen Mazmur 94:​18, 19.

      3. Yéhuwah péngin kancané piyé?

      Yéhuwah sayang karo kabèh wong, ”ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener”. (Wulang Bebasan 3:​32) Yéhuwah péngin kancané nggawé Dhèwèké seneng lan ora nggawé Dhèwèké sedhih. Ning, ana sing mikir nèk kuwi ora gampang. Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké. Yéhuwah gelem dadi kancané wong sing sayang karo Dhèwèké lan nggawé Dhèwèké seneng.​—Mazmur 147:11; Kisah 10:​34, 35.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana keterangan piyé bèn isa dadi kancané Yéhuwah, lan ana bukti nèk Yéhuwah kuwi kanca sing paling sayang karo njenengan.

      4. Abraham kancané Yéhuwah

      Awaké dhéwé isa ngerti carané dadi kancané Gusti Allah nèk maca kisahé Abraham (utawa, Abram) ing Alkitab. Wacanen kisahé Abraham ing Purwaning Dumadi 12:​1-4, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Abraham dikon ngapa?

      • Yéhuwah janji apa?

      • Apa buktiné nèk Abraham manut karo Yéhuwah?

      5. Kanca sing disayang Yéhuwah

      Awaké dhéwé mesthi ora nggolèk kanca sak-saké.

      • Njenengan péngin nduwé kanca sing kaya apa?

      Wacanen 1 Yohanes 5:​3, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Yéhuwah péngin kanca-kancané piyé?

      Manut karo Yéhuwah ya berarti kudu berusaha bèn sifat lan tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Wacanen Yésaya 48:​17, 18, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok Yéhuwah péngin kancané manut préntahé?

      Wong sing ngekèki helm kancané.

      Yéhuwah kaya kanca sing sayang karo awaké dhéwé, sing ngandhani bèn awaké dhéwé ora cilaka

      6. Yéhuwah mbantu kanca-kancané

      Yéhuwah mbantu kancané sing lagi ngadhepi masalah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Yéhuwah Terus Mbantu Aku (3:​20)

      • Piyé Yéhuwah mbantu wong wédok sing ana ing vidéo kuwi?

      Wacanen Yésaya 41:​10, 13, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Yéhuwah janji apa?

      • Apa njenengan ya setuju nèk Yéhuwah kuwi kanca sing paling apik? Lha ngapa?

      Gambar: Kanca sing akrab seneng mbantu. 1. Wong mbantu kancané ngangkat méja. 2. Wong wédok sing lagi ngobrol. 3. Wong sing mbantu kancané mlaku.

      Yéhuwah kaya kanca akrab sing seneng mbantu

      7. Bèn akrab karo Yéhuwah kudu kerep omong-omongan karo Dhèwèké

      Awaké dhéwé isa tambah akrab karo kanca nèk kerep omong-omongan. Wacanen Mazmur 86:​6, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé carané awaké dhéwé ngomong karo Yéhuwah?

      • Piyé carané Yéhuwah ngomong karo awaké dhéwé?

      Gambar: Kanca sing akrab seneng mbantu. 1. Wong mbantu kancané ngangkat méja. 2. Wong wédok sing lagi ngobrol. 3. Wong sing mbantu kancané mlaku.

      Awaké dhéwé ngomong karo Yéhuwah wektu ndonga; awaké dhéwé ngrungokké Yéhuwah wektu maca Alkitab

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Mosok isa dadi kancané Gusti Allah?”

      • Ayat endi sing isa dienggo njelaské nèk awaké dhéwé isa dadi kancané Yéhuwah?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah péngin dadi kancané njenengan. Dhèwèké bakal mbantu bèn njenengan isa akrab karo Dhèwèké.

      Jawaben

      • Piyé carané Yéhuwah mbantu kancané?

      • Ngapa kok Yéhuwah péngin kancané manut préntahé?

      • Menurut njenengan, angèl ora dadi kancané Yéhuwah? Lha ngapa?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa manfaaté dadi kancané Yéhuwah?

      ”Bahagia Nèk Kenal Yéhuwah” (Warta Penting 15 Februari 2003)

      Piyé bèn dadi kancané Yéhuwah?

      ”Piyé Carané Dadi Kancané Gusti Allah?” (Jawaban Pertanyaané Cah Enom, Jilid 2, bab 35)

      Wacanen pengalamané wong wédok sing uripé dadi nggenah merga dadi kancané Yéhuwah.

      ”Aku Ora Péngin Mati” (Warta Penting No. 1 2017)

      Critakna piyé pendapaté cah-cah enom soal Yéhuwah.

      Awaké Dhéwé Isa Dadi Kancané Yéhuwah (1:​46)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim