PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 45
  • Apa Maksudé Ora Mihak?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Maksudé Ora Mihak?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Ora Mèlu Urusan Politik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Sikap Nétral Kuwi Penting Banget (Mi 4:⁠2)
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Ciri-ciriné Wong Kristen Menurut Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 45
Pelajaran 45. Cah wédok sing mung ngadeg thok pas kanca-kancané ngucapké sumpah setya marang negara.

PELAJARAN 45

Apa Maksudé Ora Mihak?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yohanes 15:19) Kuwi termasuk ora mihak, maksudé ora éntuk mèlu urusan politik lan ya ora mèlu perang. Kuwi ora gampang soalé isa waé awaké dhéwé diécé. Piyé bèn ora mihak lan bèn isa terus setya karo Yéhuwah?

1. Nèk karo pemerintah, muridé Yésus kudu piyé?

Muridé Yésus kudu ngajèni pemerintah. Awaké dhéwé kudu ’mènèhké marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar’. Kuwi maksudé kudu manut hukumé pemerintah, misalé soal mbayar pajeg. (Markus 12:17) Menurut Alkitab, pemerintah kuwi sing ngijinké Yéhuwah. (Roma 13:1) Dadi, wewenangé Gusti Allah luwih gedhé timbang pemerintahané manungsa. Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngatasi kabèh masalah ing donya.

2. Apa waé buktiné nèk ora mèlu-mèlu politik?

Bar ndelok mukjijaté Yésus, wong-wong péngin bèn Yésus dadi raja. Tapi, Yésus ora gelem. (Yohanes 6:​15) Soalé, Yésus ngomong, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.” (Yohanes 18:36) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya ora mèlu-mèlu politik. Misalé, ora mèlu perang. (Wacanen Mikha 4:3.) Mémang, awaké dhéwé ora ngrèmèhké lambang negara, misalé bendéra. Tapi ya ora hormat bendéra soalé kuwi padha karo nyembah. (1 Yohanes 5:​21) Awaké dhéwé ora ndhukung pejabat utawa partai politik, ning ya ora nglawan. Kuwi kabèh bukti nèk awaké dhéwé mung ndhukung Kerajaané Gusti Allah.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug keadaan-keadaan sing isa marahi dadi mihak, lan piyé carané bèn isa nggawé keputusan sing bener.

Wong lanang sing ora mèlu-mèlu politik. Dhèwèké ora nggagas pas para pejabat lagi kampanye politik.

3. Wong Kristen ora mihak

Yésus lan murid-muridé ngekèki conto soal ora mèlu-mèlu urusan politik. Wacanen Roma 13:​1, 5-7 lan 1 Pétrus 2:​13, 14. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Wong Kristen Ora Mèlu-Mèlu Politik ​—Bagian 1 (4:​28)

  • Ngapa kok kudu ngajèni pemerintah?

  • Apa waé buktiné nèk manut karo pemerintah?

Pas perang, ana negara sing ngomongé ora mihak, tapi malah mbantu negara-negara sing perang kuwi. Dadi, ora mihak kuwi kuduné piyé? Wacanen Yohanes 17:16. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Wong Kristen Ora Mèlu-Mèlu Politik ​—Bagian 2 (3:​11)

  • Apa maksudé ora mihak?

Piyé nèk pemerintah ngongkon nglanggar hukumé Gusti Allah? Wacanen Kisah 5:​28, 29. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Wong Kristen Ora Mèlu-Mèlu Politik ​—Bagian 3 (1:​18)

  • Nèk hukumé pemerintah ora sesuai karo hukumé Gusti Allah, kudu luwih manut karo sapa?

  • Menurut njenengan, ora manut karo pemerintah kuwi nèk misalé dikon ngapa?

4. Bukti nèk ora mihak

Wacanen 1 Yohanes 5:​21. Terus, setèlen VIDÉONÉ lan rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Kenapa Wong Kristen Sejati Kudu Kendel​—Supaya Tetep Nétral (2:​49)

  • Ngapa kok Ayenge ora gelem mèlu partai politik, lan ora gelem hormat bendéra?

  • Menurut njenengan, apa keputusané bener?

Ora mihak kuwi termasuk apa manèh? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Penerapan saka Warta Penting​—Tetep Nétral (5:​16)

  • Piyé bèn ora mihak pas lagi nonton pertandingan olahraga internasional?

  • Ora soal pemerintah nggawé keputusan sing nguntungké utawa nyusahké awaké dhéwé, piyé bèn tetep ora mihak?

  • Ngapa kok awaké dhéwé isa dadi mèlu-mèlu mihak nèk maca berita utawa ngrungokké pendapaté wong liya?

Gambar: 1. Wong démo. 2. Wong lanang sorak-sorak karo nggawa bendéra pas acara olahraga. 3. Murid lanang sumpah setya karo negarané. 4. Tentara nggawa senjata. 5. Debat politik. 6. Nglebokké kartu suara ing kothak pemungutan suara.

Apa waé buktiné awaké dhéwé ora mèlu urusan politik?

NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok ora gelem hormat bendéra utawa nyanyi lagu kebangsaan?”

  • Njenengan njawab apa?

KESIMPULAN

Awaké dhéwé berusaha bèn ora mèlu-mèlu urusan politik. Kuwi kétok saka pikiran, omongan, lan sikapé awaké dhéwé.

Jawaben

  • Nèk karo pemerintah, awaké dhéwé kuduné piyé?

  • Ngapa kok ora mèlu-mèlu urusan politik?

  • Keadaan apa waé sing isa marahi dadi mèlu-mèlu mihak?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Awaké dhéwé mungkin kudu nggawé pengorbanan apa bèn tetep ora mèlu-mèlu politik?

Yéhuwah Tetep Ngopèni Keluargaku (3:​14)

Piyé bèn sak keluarga isa tetep ora mihak?

Tetep Nétral ing Kabèh Acara (4:​25)

Ana pengalamané wong sing mauné bangga banget merga isa mbéla negara, tapi akhiré ngerti nèk luwih bangga nglayani Gusti Allah. Deloken vidéoné.

”Kanggoné Gusti Allah Ora Ana sing Mustahil” (5:​19)

Ana keterangan piyé bèn wektu milih gawéan awaké dhéwé ora mung mèlu-mèlu wong liya.

”Saben Wong Bakal Mikul Tanggung Jawabé Dhéwé-Dhéwé” (Warta Penting 15 Maret 2006)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim