-
Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
3. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo manungsa?
Sifaté Yéhuwah sing utama kuwi katresnan. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yohanes 4:8) Awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo manungsa liwat Alkitab lan ciptaané. (Wacanen Kisah 14:17.) Contoné, Gusti Allah nyiptakké manungsa. Manungsa isa ndelok werna sing apik, ngrungokké musik, lan ngrasakké panganan sing énak. Yéhuwah péngin manungsa bahagia.
-
-
Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti AllahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Apa buktiné nèk kelakuané para pemimpin agama nggawé èlèk jenengé Gusti Allah?
Kelakuané para pemimpin agama ora sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Menurut Alkitab, wong-wong kuwi ”dosané wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit”. (Wahyu 18:5) Wong-wong kuwi mèlu politik, ndhukung perang, lan nyebabké akèh wong mati. Ana pemimpin agama sing sugih merga uripé ditanggung anggota jemaaté. Kuwi kabèh bukti nèk wong-wong kuwi ora kenal Gusti Allah, makané ora pantes ngaku dadi umaté.—Wacanen 1 Yohanes 4:8.
-