-
Carané Bersyukur karo Yéhuwah lan YésusBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
3. Buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur
Nèk misalé awaké dhéwé kleleb, terus ana sing nulungi, awaké dhéwé mesthi maturnuwun lan péngin banget mbales wong kuwi.
Awaké dhéwé isa urip saklawasé merga Yéhuwah. Wacanen 1 Yohanes 4:8-10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok tebusané Yésus kuwi berkah sing berharga banget?
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo njenengan?
Apa buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus? Wacanen 2 Korintus 5:15 lan 1 Yohanes 4:11; 5:3, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa waé buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur?
-
-
Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah lan Dibaptis?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Nèk péngin nglayani Yéhuwah kuwi kuduné merga apa?
Péngin nglayani Yéhuwah kuwi kuduné merga sayang karo Dhèwèké. (1 Yohanes 4:10, 19) Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.” (Markus 12:30) Awaké dhéwé ora mung ngomong nèk sayang Yéhuwah, tapi ya mbuktèkké kuwi liwat perbuatan. Kaya wong lanang lan wong wédok nikah merga sayang, awaké dhéwé ya gelem nglayani Yéhuwah lan dibaptis merga sayang Yéhuwah.
-