PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 5. Kanca sing disayang Yéhuwah

      Awaké dhéwé mesthi ora nggolèk kanca sak-saké.

      • Njenengan péngin nduwé kanca sing kaya apa?

      Wacanen 1 Yohanes 5:​3, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Yéhuwah péngin kanca-kancané piyé?

      Manut karo Yéhuwah ya berarti kudu berusaha bèn sifat lan tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Wacanen Yésaya 48:​17, 18, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Ngapa kok Yéhuwah péngin kancané manut préntahé?

      Wong sing ngekèki helm kancané.

      Yéhuwah kaya kanca sing sayang karo awaké dhéwé, sing ngandhani bèn awaké dhéwé ora cilaka

  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Bèn isa dibaptis kudu sinau soal Yéhuwah lan nduwé iman karo Dhèwèké. (Wacanen Ibrani 11:6.) Nèk tambah kenal Yéhuwah lan tambah kuwat imané, mesthi ya tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk sayang karo Yéhuwah, mesthi seneng crita soal Yéhuwah lan berusaha bèn tingkah lakuné bener. (2 Timotius 4:2; 1 Yohanes 5:3) Nèk tingkah lakuné bener ’kaya wong sing ngabdi marang Yéhuwah, lan nyenengké Dhèwèké’, mesthi dadi péngin nglayani Yéhuwah lan dibaptis.​—Kolose 1:​9, 10.a

  • Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • a Nèk wis tau dibaptis ing gréja kudu tetep dibaptis manèh, soalé pas dibaptis ing gréja durung ngerti ajaran sing bener saka Alkitab.​—Deloken Kisah 19:​1-5 lan Pelajaran 13.

  • Carané Bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Nèk misalé awaké dhéwé kleleb, terus ana sing nulungi, awaké dhéwé mesthi maturnuwun lan péngin banget mbales wong kuwi.

      Awaké dhéwé isa urip saklawasé merga Yéhuwah. Wacanen 1 Yohanes 4:​8-​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Ngapa kok tebusané Yésus kuwi berkah sing berharga banget?

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo njenengan?

      Apa buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus? Wacanen 2 Korintus 5:​15 lan 1 Yohanes 4:​11; 5:​3, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa waé buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur?

  • Buktiné Nèk Sayang Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 34. Wong lanang lagi mikir.

      PELAJARAN 34

      Buktiné Nèk Sayang Yéhuwah

      Kèt pertama belajar nganti saiki, apa njenengan ngrasa tambah cedhak karo Gusti Allah? Apa njenengan péngin tambah cedhak manèh? Nèk njenengan tambah sayang karo Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal tambah sayang karo njenengan. Apa buktiné nèk sayang Yéhuwah?

      1. Apa buktiné nèk sayang Yéhuwah?

      Nèk sayang Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi manut karo Dhèwèké. (Wacanen 1 Yohanes 5:3.) Yéhuwah ora tau meksa awaké dhéwé bèn manut, tapi arep manut apa ora kuwi terserah awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut ”saktulusé ati”. (Roma 6:​17) Maksudé manut ora merga kepeksa, tapi merga sayang. Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi berusaha bèn Yéhuwah seneng. Kuwi sing bakal dirembug ing bagian 3 karo 4.

      2. Ngapa kok manut Yéhuwah kuwi ora mesthi gampang?

      Menurut Alkitab, ”Wong sing bener ngalami akèh kesusahan.” (Mazmur 34:19) Awaké dhéwé isih ora sampurna, terus ya mungkin ngadhepi akèh masalah. Nèk masalahé abot, isa waé dadi ngrasa nèk nglakoni sing dikarepké Yéhuwah kuwi ora gampang. Tapi nèk tetep manut karo Yéhuwah, kuwi berarti awaké dhéwé sayang banget lan setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal setya lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé.​—Wacanen Mazmur 4:3.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug ngapa kok Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé manut, lan piyé bèn awaké dhéwé isa terus manut karo Dhèwèké.

      3. Sétan nudhuh njenengan

      Ing buku Ayub ditulis nèk Sétan ora mung nudhuh Ayub, tapi ya kabèh sing péngin nyembah Yéhuwah. Wacanen Ayub 1:​1, 6–​2:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut Sétan, ngapa Ayub gelem manut Yéhuwah? ​—Deloken Ayub 1:​9-​11.

      • Kabèh wong, termasuk njenengan, ditudhuh apa karo Sétan?​—Deloken Ayub 2:4.

      Wacanen Ayub 27:5b, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa buktiné nèk Ayub bener-bener sayang Yéhuwah?

      Sétan nantang Yéhuwah. Dhèwèké nudhuh Ayub lan kabèh umaté Yéhuwah saiki.

      Ayub tetep setya merga sayang Yéhuwah

      Awaké dhéwé tetep setya merga sayang Yéhuwah

      4. Nggawé Yéhuwah seneng

      Wacanen Wulang Bebasan 27:​11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané Yéhuwah nèk njenengan wicaksana lan manut Dhèwèké? Lha ngapa?

      5. Setya karo Yéhuwah

      Merga sayang lan setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé gelem crita soal Dhèwèké meskipun kuwi ora gampang. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Mbéla Iman Wektu Ditentang (5:​09)

      • Menurut njenengan, gampang apa ora crita soal Yéhuwah?

      • Ing vidéo kuwi, apa sing nggawé Grayson akhiré dadi ora wedi manèh?

      Bèn isa setya, awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal sing Dhèwèké senengi lan ora. Wacanen Mazmur 97:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Saka sing wis njenengan pelajari, apa waé sing nggawé Yéhuwah seneng? Apa waé sing nggawé Dhèwèké ora seneng?

      • Piyé carané bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah?

      6. Manut karo Yéhuwah kuwi akèh berkahé

      Sing paling pénak kuwi nèk manut Yéhuwah. Wacanen Yésaya 48:​17, 18, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut njenengan, apa mémang Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé? Ngapa kok njenengan njawab ngono?

      • Selama njenengan sinau Alkitab lan kenal karo Yéhuwah, apa waé berkahé?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Mosok tingkah lakuku isa nggawé Gusti Allah seneng utawa sedhih?”

      • Ayat endi sing isa dienggo njelaské nèk tingkah lakuné awaké dhéwé isa nggawé Gusti Allah seneng utawa sedhih?

      KESIMPULAN

      Bukti sayang karo Yéhuwah kuwi nèk manut lan tetep setya meskipun ora gampang.

      Jawaben

      • Apa sing isa ditiru saka Ayub?

      • Apa buktiné nèk njenengan sayang Yéhuwah?

      • Bèn isa setya karo Yéhuwah, njenengan kudu piyé?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa buktiné nèk setya karo Yéhuwah lan organisasiné?

      ”Njenengan Setya karo Wong sing Setya” (16:44)

      Ana keterangan luwih akèh soal piyé Sétan nudhuh manungsa.

      ”Ayub Tetep Setya” (Apa Isiné Alkitab? bagian 6)

      Piyé cah cilik ya isa sayang karo Yéhuwah? Deloken vidéoné.

      Nyenengké Atiné Yéhuwah (8:​16)

      Piyé cah-cah enom isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun diojok-ojoki kancané?

      Aja Gelem Dijak Nakal (4:​00)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim