-
Piyé Nèk Nggawé Dosa sing Gedhé?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo sing nggawé dosa
Nèk nggawé dosa gedhé lan ora gelem manut pathokané Yéhuwah, bakal ditokké saka jemaat. Sedulur liyané ora éntuk bergaul karo dhèwèké. Wacanen 1 Korintus 5:6, 11, terus rembugen pertanyaan iki:
Kaya ragi sithik isa nyebar ing kabèh adonan, apa akibaté nèk wong dosa sing ora mertobat tetep bergaul karo sedulur-sedulur ing jemaat?
Merga niru Yéhuwah sing gampang mesakké, para pinituwa bakal nemoni lan mbantu wong sing ditokké saka jemaat bèn gelem mertobat. Mémang ditokké saka jemaat isa marahi sedhih. Tapi hasilé, akèh sing akhiré sadhar lan dadi abdiné Yéhuwah manèh.—Mazmur 141:5.
Saka carané Yéhuwah memperlakukan wong sing nggawé dosa, ngapa kok kuwi bukti nèk Yéhuwah adil, gampang mesakké, lan sayang karo umaté?
5. Nèk mertobat, diampuni Yéhuwah
Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing mertobat? Wacanen Lukas 15:1-7, terus rembugen pertanyaan iki:
Saka perumpamaané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?
Wacanen Yèhèzkièl 33:11, terus rembugen pertanyaan iki:
-
-
Tetep Setya karo YéhuwahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Sapa sing isa waé marahi ora setya manèh karo Yéhuwah? Piyé carané?
Ana sing péngin umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh, misalé wong murtad. Wong-wong kuwi mbiyèné Seksi Yéhuwah, tapi saiki ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah. Tujuané, bèn umaté Yéhuwah ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Terus, ana pemimpin agama sing nyebarké keterangan sing ora bener soal Seksi-Seksi Yéhuwah. Tujuané, bèn akhiré umaté Yéhuwah wegah dadi abdiné Yéhuwah manèh. Mulané, aja nganti debat, maca blog utawa bukuné, mbukak situs wèbé, utawa nonton vidéoné. Yésus ngomong, ”Wong-wong kuwi ora usah mbok urusi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.”—Matius 15:14.
2. Apa buktiné nèk mémang péngin setya karo Yéhuwah?
Nèk sayang Yéhuwah, ora mungkin ndhukung agama palsu. Kuwi termasuk soal gawéan, organisasi, utawa kegiatan apa waé sing ana hubungané karo agama palsu. Yéhuwah ngomong, ”Umat-Ku, metua saka [Babilon Gedhé].”—Wahyu 18:2, 4.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug piyé bèn tetep setya karo Yéhuwah, meskipun ana sing isa marahi ora setya manèh. Terus, ana keterangan ngapa kok kuduné ora mèlu-mèlu agama palsu manèh.
3. Ngati-ati karo wong murtad
Piyé nèk ana sing ngèlèk-èlèk organisasiné Yéhuwah? Wacanen Wulang Bebasan 14:15, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok ora éntuk langsung percaya karo kabèh omongané wong?
Wacanen 2 Yohanes 9-11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk karo wong murtad, awaké dhéwé kuduné piyé?
Meskipun ora omong-omongan langsung, tapi isa waé bergaul karo wong murtad. Misalé nèk piyé?
Nèk njenengan seneng ngrungokké omongan sing ngèlèk-èlèk Yéhuwah utawa organisasiné, piyé perasaané Yéhuwah?
4. Tetep setya karo Yéhuwah wektu ngerti ana sing nggawé dosa
-