-
”Ndadèkaké Keparenging Allah”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
RAMALANÉ HÉNOKH
Hénokh isa waé rumangsa dhèwèkan merga wong-wong ing jamané ora setya marang Gusti Allah. Ning, Yéhuwah, Gusti Allahé, nggatèkké dhèwèké. Gusti Allah ndhawuhi Hénokh supaya martakké kabar marang wong-wong ing jamané. Hénokh kuwi dadi nabi sing sepisanan dicathet ing Alkitab. Awaké dhéwé isa ngerti iki saka cathetané Yudas, seduluré Yésus, sing atusan taun sakbanjuré éntuk wahyu saka Yéhuwah kanggo nulis ramalané Hénokh ing Alkitab.a
Apa isi ramalané Hénokh? Alkitab kandha, ”Lah Pangéran rawuh ginarebeg ing abdiné para suci puluhan éwu karsa nindakaké pangadilan tumrap wong kabèh, sarta matrapi paukuman marang sakèhing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakèhing tembung kang nistha, kang diucapaké déning para wong dosa kang mblasar iku marang Pangéran.” (Yudas 14, 15) Saka carané ngomong, kétok nèk Hénokh yakin tenan nèk ramalan kuwi mesthi bakal kelakon. Akèh ramalan liyané sing dicathet ing Alkitab uga dicritakké nganggo cara sing nduduhké nèk kaya-kayané ramalan kuwi wis kelakon.—Yésaya 46:10.
Hénokh tanpa wedi ngumumké kabar paukuman saka Yéhuwah marang wong-wong sing jahat
Kaya apa kabar sing diwartakké Hénokh wektu kuwi? Kabar kuwi penting lan tegas banget. Hénokh nggunakké tembung ”wong dosa”, ”kang nistha”, lan ”pratingkah mblasar [tumindak ora bener]”. Kuwi nduduhké nèk wong-wong ing jaman kuwi pancèn bejat banget. Wong-wong sing jahat kuwi saya akèh lan saya bejat wiwit jamané Adam. Yéhuwah lan ”para suci puluhan éwu”, yaiku para malaékaté sing prakosa, bakal teka lan ngukum wong-wong sing jahat kuwi. Hénokh tanpa wedi ngumumké kabar paukuman saka Yéhuwah senajan dhèwèkan. Mbokmenawa Lamèkh sing isih enom ndelok lan mesthi nggumun wektu Hénokh nindakké kuwi kanthi kendel.
Nurut pandhangané Gusti Allah, wong-wong ing jaman saiki tumindaké uga bejat padha kaya ing jamané Hénokh. Awaké dhéwé perlu nduwé iman sing kuwat lan kendel kaya Hénokh. Kabar paukuman sing diwartakké Hénokh kelakon wektu Yéhuwah ngukum wong-wong sing jahat ing jamané Nuh nganggo Banjir Gedhé. Sukmbèn Yéhuwah uga bakal ngukum wong-wong sing jahat. (Matéus 24:38, 39; 2 Pétrus 2:4-6) Kaya sing wis kelakon mbiyèn, saiki Yéhuwah lan para malaékaté wis siap-siap arep ngukum wong-wong jahat. Kita kabèh perlu nggatèkké kabar sing diwartakké Hénokh lan martakké kabar kuwi marang wong liya. Mbokmenawa awaké dhéwé rumangsa dhèwèkan merga nduwé iman sing béda karo keluarga utawa kanca. Ning, Yéhuwah ora tau ninggalké abdiné sing setya, kaya mbiyèn Yéhuwah ora ninggalké Hénokh.
-
-
”Ndadèkaké Keparenging Allah”Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
a Ana ahli Alkitab sing kandha nèk Yudas kuwi nyuplik saka buku sing disebut Bukuné Hénokh. Ning, buku kuwi dianggep ora asli lan isiné mung dongèng. Sakjané buku kuwi nyathet ramalané Hénokh kanthi cetha. Ning, isa waé kuwi dijupuk saka sumber kuna sing saiki wis ora ana, yaiku tulisan kuna utawa crita turun-temurun. Yudas isa waé nggunakké sumber kuna kuwi wektu nyritakké bab ramalané Hénokh. Utawa, Yudas isa sinau bab Hénokh saka Yésus, sing ndelok dhéwé uripé Hénokh saka swarga.
-