-
Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 3
-
-
SING NUNGGANG JARAN PUTIH
Alkitab kandha, ”Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan manèh.”—Wahyu 6:2.
Sapa sing nunggang jaran putih kuwi? Buku Wahyu njelaské nèk sing nunggang jaran kuwi disebut ”Sabdaning Allah”. (Wahyu 19:11-13) Kuwi sebutan kanggo Yésus Kristus, sing nyampèkké pangandikané Gusti Allah. (Yokanan 1:1, 14) Dhèwèké uga disebut ”Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti”, sarta ”Kang Setya lan Kang Sanyata”. (Wahyu 19:11, 16) Dadi, sing nunggang jaran kuwi nduwé wewenang dadi raja-pejuang, lan ora nggunakké kuwasané kanggo tumindak bejat utawa kasar. Ning, ana pitakonan liyané manèh.
Sapa sing maringi wewenang marang Yésus? (Wahyu 6:2) Nabi Dhanièl éntuk wahyu lan isa ndelok sang Mésias, sing disebut ’putraning manungsa’, diparingi ”pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan” karo pribadi sing disebut ”Kang Sepuh ing Yuswa”, yaiku Allah Yéhuwah.a (Dhanièl 7:13, 14) Dadi, sing maringi Yésus kuwasa lan wewenang kanggo mréntah lan ngakimi kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa. Ing Kitab Suci, werna putih kerep dadi lambang tumindak adil lan bener. Mula, jaran putih kuwi cocog kanggo nggambarké peperangan sing adil sing dipimpin karo Yésus.—Wahyu 3:4; 7:9, 13, 14.
Kapan para penunggang kuwi mulai maju? Penunggang jaran sing kapisan, yaiku Yésus, mulai maju wektu dhèwèké dadi Raja. (Wahyu 6:2) Kapan Yésus dadi Raja ing swarga? Yésus ora langsung dadi Raja wektu balik menyang swarga sakwisé mati. Alkitab kandha nèk Yésus kudu ngentèni dhisik. (Ibrani 10:12, 13) Yésus ngandhani murid-muridé bab tandha-tandha akir jaman lan wiwitané pamréntahané ing swarga. Yésus kandha nèk wektu dhèwèké mulai mréntah, kahanan donya bakal dadi rusak parah. Bakal ana perang, kurang pangan, lan penyakit. (Matéus 24:3, 7; Lukas 21:10, 11) Ora let suwé sakwisé Perang Donya I ing taun 1914, manungsa mulai ngalami jaman rekasa sing disebut ”dina-dina wekasan” ing Alkitab.—2 Timotéus 3:1-5.
Ning, apa sebabé kahanan ing bumi dadi saya susah wiwit Yésus dadi raja ing taun 1914? Merga wektu kuwi Yésus durung mréntah ing bumi, ning lagi ing swarga. Yésus, sing disebut Mikhaèl, perang nglawan Sétan ing swarga. Banjur, Sétan lan hantu-hantuné dibuwang menyang bumi. (Wahyu 12:7-9, 12) Sétan nesu banget merga ora isa bali menyang swarga lan ngerti nèk wektuné mung kari sithik. Ora suwé manèh, Gusti Allah pancèn arep nindakké kersané kanggo nyingkirké Sétan saka bumi. (Matéus 6:10) Saiki, ayo ngrembug bab telung penunggang jaran liyané sing mbuktèkké nèk awaké dhéwé pancèn urip ing ”dina-dina wekasan”. Telung penunggang jaran kuwi nggambarké kahanan sing dialami karo kabèh wong ing bumi, kuwi ora kaya jaran sing kapisan mau sing ditunggangi karo pribadi sing idèntitasé cetha.
-
-
Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 3
-
-
ANA PENGAREP-AREP
Ora suwé manèh kasusahan bakal sirna. Élinga nèk Yésus wis ”maju kaya kang wus unggul” ing taun 1914, wektu nguncalké Sétan menyang bumi. Ning, wektu kuwi Yésus durung ngrampungi tugasé kanggo ”ngrebut kaunggulan”. (Wahyu 6:2; 12:9, 12) Wektu Armagédhon, Yésus bakal nyingkirké pengaruhé Sétan lan nyirnakké wong-wong sing ndhukung Sétan. (Wahyu 20:1-3) Yésus ora mung bakal nyirnakké sing nunggang telung jaran mau, ning uga bakal ndandani karusakan sing diakibatké. Piyé carané? Gatèkna janjiné Alkitab iki.
-