-
Apa Hubungané ”Balung-Balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Apa Hubungané ”Balung-balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?
TAUN 1919, ana loro ramalan sing kelakon, yaiku ramalan soal ”balung-balung sing garing” lan soal ”seksi loro”. Wahyu soal ”balung-balung sing garing” ngramalké nèk sakwisé wektu sing suwé banget (nganti atusan taun), umaté Gusti Allah sing jumlahé akèh banget bakal ”urip manèh”. (Yèh. 37:2-4; Why. 11:1-3, 7-13) Ramalan soal ”seksi loro” nduduhké nèk sakwisé wektu sing sedhéla (saka akhir 1914 nganti awal 1919), beberapa umaté Gusti Allah bakal ’urip manèh’. Peristiwa diuripké manèh ing loro ramalan kuwi mung kiasan. Ramalan kuwi loro-loroné kelakon taun 1919, wektu Yéhuwah nggawé wong-wong sing dipilih munggah swarga ”ngadeg”, maksudé dibébaské saka agama palsu lan nggabung dadi siji ing jemaat Kristen sing wis digawé murni.—Yèh. 37:10.
Ning, loro ramalan kuwi ana bédané. Ramalan soal ”balung-balung sing garing” nduduhké nèk sing ”urip manèh” kuwi kabèh wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi. Tapi, ing ramalan soal ”seksi loro”, sing ’urip manèh’ kuwi mung beberapa wong sing dipilih munggah swarga, yaiku wong-wong sing mimpin organisasi sing dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”.—Mat. 24:45; Why. 11:6.a
-
-
Apa Hubungané ”Balung-Balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
AWAL 1919
1919: ”Seksi loro” urip manèh wektu beberapa wong sing dipilih munggah swarga, yaiku sing mimpin organisasi, dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”
-