-
Malaékat Kuwi Sapa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Sétan lan hantu-hantuné kuwi sapa?
Ana malaékat-malaékat sing ora setya karo Yéhuwah. Malaékat pertama sing ora setya ”disebut Iblis lan Sétan, sing lagi nyesatké kabèh penduduk ing bumi”. (Wahyu 12:9) Sétan péngin bèn kabèh manut karo dhèwèké. Makané, dhèwèké nggawé bèn Adam, Hawa, lan malaékat-malaékat liyané ya ora manut Yéhuwah. Para malaékat sing akhiré ora manut Yéhuwah kuwi disebut hantu-hantu. Sétan lan hantu-hantuné wis diusir saka swarga ing bumi, terus sukmbèn bakal dipatèni.—Wacanen Wahyu 12:9, 12.
3. Piyé carané Sétan lan hantu-hantuné ngapusi manungsa?
Sétan lan hantu-hantuné ngapusi akèh wong nganggo ilmu gaib. Wong sing nggunakké ilmu gaib berarti nduwé hubungan karo hantu-hantu. Contoné, takon karo ahli ilmu bintang, peramal, lan dhukun. Ana manèh sing berobat ing wong pinter. Terus, ana sing percaya nèk isa omongan karo arwahé wong mati. Tapi, Yéhuwah ngomong, ”Aja njaluk bantuan saka wong sing isa ngundang arwah, lan aja njaluk petunjuk saka peramal.” (Kaimaman 19:31) Sétan karo hantu-hantuné kuwi mungsuhé Gusti Allah lan péngin nyilakani awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé bèn ora diganggu Sétan.
-
-
Kerajaané Gusti Allah Wis MréntahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Kèt taun 1914, apa sing kelakon ing donya lan piyé kelakuané wong-wong?
Murid-murid nakoni Yésus, ”Apa tandhané wektu njenengan bali, lan apa tandhané akhir jaman?” (Matius 24:3) Yésus njawab nèk wektu dhèwèké wis dadi Raja, tandhané ana perang, kelaparan, lan gempa bumi. (Wacanen Matius 24:7.) Ing Alkitab ya ana ramalan nèk ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi” merga kelakuané wong-wong. (2 Timotius 3:1-5) Kuwi kabèh kelakon kèt taun 1914.
3. Ngapa kok manungsa malah tambah susah bar Kerajaané Gusti Allah mréntah?
Bar dadi Raja, Yésus perang nglawan Sétan lan hantu-hantuné ing swarga. Sétan kalah, terus ”diuncalké ing bumi” lan ”malaékat-malaékaté ya diuncalké bareng karo dhèwèké”. (Wahyu 12:9, 10, 12) Sétan ngerti nèk dhèwèké arep disingkirké, mulané dhèwèké nesu banget, terus nggawé manungsa susah lan sengsara. Tapi, Kerajaané Gusti Allah bakal ngrampungi kabèh masalah kuwi.
-
-
Kerajaané Gusti Allah Wis MréntahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Keadaan ing donya kèt taun 1914
Yésus ngomong nèk donya bakal dadi piyé bar dhèwèké dadi Raja? Wacanen Lukas 21:9-11, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, sing endi sing wis kelakon?
Rasul Paulus njelaské piyé sifaté wong-wong pas akhir jaman. Wacanen 2 Timotius 3:1-5, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, apa sifaté wong-wong saiki ya kaya ngono?
-