Lagu 51
Dadi Kanca Akrabé Yéhuwah
1. Yéhuwah, Allahku, sing gedhé kuwasané.
Kabèh tumindaké adil nganti s’lawasé.
Mesthi bakal k’lakon kabèh ngendikané.
Seneng rasané dadi kanca akrabé,
Nèk gelem manut, bakal éntuk berkahé.
2. Bener lan adil dhasaré pamréntahané.
Swarga wis dikebaki karo kamulyané.
Huwah ngundang wong-wong sing tulus atiné.
Bungah rasané dadi kanca akrabé,
Kudu ngajèni Huwah lan ibadahé.
3. ’Ra ana sing isa nandhingi kamulyané.
’Ra ana mungsuh sing isa nglawan kwasané.
Mesthi kelakon sing wis dijanjèkaké.
Seneng rasané nindakaké kersané,
Muga aku isa ngabdi sakterusé.
(Delengen uga PT. 4:4; 30:20; 2 Ra. 18:6; Ms. 89:15.)