Lagu 48
Ngabdi marang Yah Saben Dina
1. Ngabdi marang Yah ’mben dina,
Dhawuhé kabèh turutana.
Welas asihé ditampa,
Karo wong sing ngupaya setya.
Gusti Allah wis nyukupi,
Lan uga t’rus ngayomi.
Bèn isa terus ngabekti,
Setya saktulusing ati.
2. Wis cedhak banget saiki,
Wektuné Yéhuwah ngadili.
Akeh wong sing ’ra nyenengi,
Péngin umaté Allah wedi.
Ning Huwah terus ngayomi,
Bèn cedhak karo Gusti.
Saklawasé aku ngabdi,
Mung Huwah sing tak tresnani.
3. Yéhuwah wis nyedhiyani,
Alkitab lan uga roh suci.
Liwat seksiné ing bumi,
Huwah bakal terus ngayomi.
Donga saktulusing ati,
Bakal dijawab Gusti.
Nèk dhawuhé dilakoni,
Mesthi Yah bakal nulungi.
(Delengen uga Pd. 5:24; 6:9; 1 Ra. 2:3, 4.)