Lagu 8
Pèngetan Sédané Yésus
1. Yéhuwah, Bapakku ing swarga,
Iki pèngetan utama.
Tanggal pat b’las Nisan nyata kamulyan-Mu,
Nduduh’ké sipat-sipat-Mu.
Pas cempé Paskah dikurban’ké,
Lan Israèl dibébas’ké.
Suwé sakwisé Yésus séda ’nggo kurban,
Bèn ramalané kedadéan.
2. Aku lan para sedulurku,
Teka ing acara iki.
Matur nuwun merga gedhé katresnan-Mu,
Ngluhur’ké asma kang suci.
Pèngetan iki isa mbantu,
Nggawé trenyuhé atiku.
Tuladhané Yésus ’mben dina ditiru,
Bakal isa urip rahayu.
(Delengen uga Lk. 22:14-20; 1 Kr. 11:23-26.)