PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • T-31 hlm. 1-2
  • Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?
  • Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
    Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
  • Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?
    Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?
  • Sapa sing Nguwasani Donya Iki?
    Sapa sing Nguwasani Donya Iki?
  • Apa Wong Mati Bakal Urip Manèh?
    Apa Wong Mati Bakal Urip Manèh?
Delok Kabèh
Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?
T-31 hlm. 1-2

Kaya Apa Donya Iki Sukmbèn?

Apa donya iki bakal . . .

  • tetep kaya ngéné waé?

  • tambah rusak?

  • dadi luwih apik?

ALKITAB KANDHA

”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”​—Wahyu 21:3, 4, Terjemahan Donya Anyar.

MANFAATÉ NGERTI SOAL KUWI

Njenengan bakal

ngrasa puas wektu nyambut gawé lan wektu ngrasakké hasilé (Yésaya 65:21-23),

ora susah lan ora lara manèh (Yésaya 25:8; 33:24),

urip seneng saklawasé bareng keluarga lan kanca-kanca (Mazmur 37:11, 29).

Wong lanang lan wong wédok sing lagi mbayangké masa depan; cah wédok sing lagi nyirami tanduran; wong lanang lagi mbangun omah

SING DITULIS ING ALKITAB ISA DIPERCAYA

Alesané ana loro:

  • Gusti Allah nduwé kuwasa kanggo nepatijanjiné. Yéhuwah kuwi Mahakuwasa merga nduwé kuwasa sing ora ana entèké. (Wahyu 15:3) Mula, Dhèwèké isa nggawé keadaan ing donya iki dadi luwih apik. Alkitab ya kandha nèk ”kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”​—Matius 19:26.

  • Gusti Allah pancèn péngin bèn janjiné kuwi kelakon. Contoné, Yéhuwah péngin banget nguripké manèh wong-wong sing wis mati.​—Ayub 14:14, 15.

    Ing Alkitab ya disebutké nèk Yésus nambani wong lara merga kepénginané dhéwé. (Markus 1:40, 41) Persis kaya Yéhuwah, Yésus péngin banget mbantu sapa waé sing mbutuhké.​—Yohanes 5:19.

    Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé isa urip bahagia sukmbèn.​—Mazmur 72:12-14; 145:16; 2 Pétrus 3:9.

KANGGO DIPIKIRKÉ

Wong sing lagi nduduhké ayat ing Alkitab

Piyé carané Gusti Allah nggawé keadaan ing donya iki dadi luwih apik?

Jawabané ana ing MATIUS 6:9, 10 lan DANIÈL 2:44.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim