Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Ngupaya Bèn Wong sing Langganan Majalah Gelem Sinau Alkitab
Apa Sebabé Kuwi Penting: Ana wong-wong sing seneng maca majalah, ning ora péngin sinau Alkitab. Mbokmenawa wong-wong kuwi wis mantep karo agamané, utawa rumangsa ora nduwé wektu sinau Alkitab. Ning nèk ajeg maca majalah, isa waé dadi péngin sinau Alkitab. (1 Pt. 2:2) Mbokmenawa ana artikel sing ngresep ing atiné, utawa kahanan uripé wis béda. Merga ajeg ditekani, dadi saya akrab lan isa ngerti sing dipikirké utawa sing dirasakké wong sing langganan majalah. Mbokmenawa mengko wongé gelem sinau Alkitab.
Sesasi Iki Cobanen Cara Iki:
Catheten wong-wong sing kira-kira gelem langganan majalah. Tawanana majalah sing paling anyar, terus ngomonga nèk arep nggawakké majalah sabanjuré.