PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kapan Bumi Iki Bakal Dadi Firdaus?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
    • BAGÉAN 9

      Kapan Bumi Iki Bakal Dadi Firdaus?

      Keadaan donya saiki dadi bukti nèk ora suwé manèh bumi bakal dadi Firdaus. Lukas 21:10, 11; 2 Timotius 3:1-5

      Perang, wong judi, kelaparan, penyakit, anak ora manut wong tuwa, lan KDRT

      Akèh ramalané Alkitab wis kelakon saiki. Alkitab kandha nèk bakal ana akèh wong sing ngutamakké harta, ora manut karo wong tuwa, kejem, lan mung nggolèk senengé dhéwé.

      Saiki ya ana akèh gempa bumi, perang, kelaparan, lan wabah penyakit.

      Ana Seksi Yéhuwah sing nginjil marang wong lanang

      Yésus ya kandha nèk kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi.​—Matius 24:14.

      Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat. 2 Pétrus 3:13

      Wong jahat bakal ditumpes ing Armagédon, terus Sétan lan roh jahat dihukum

      Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké wong jahat.

      Sétan lan para malaékat sing jahat bakal dihukum.

      Yésus lungguh ing takhta lan wong-wong saka kabèh bangsa padha bahagia

      Kabèh wong sing ngrungokké Gusti Allah bakal slamet lan manggon ing Firdaus ing bumi. Wong-wong kuwi uripé damai lan ora wedi manèh merga kabèh padha-padha nresnani.

      • Kabèh sing kelakon saiki wis diramalké Yésus.​—Matius 24:3-14.

      • Wong jahat bakal dipatèni Gusti Allah.​—Mazmur 37:10.

  • Apa Berkahé Nèk Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
    • BAGÉAN 10

      Apa Berkahé Nèk Ngrungokké Gusti Allah?

      Wong mati bakal diuripké manèh ing bumi. Kisah 24:15

      Wong-wong ing Firdaus nyambut wong mati sing diuripké manèh

      Bayangna akèh berkah sing bakal njenengan nikmati nèk gelem ngrungokké Gusti Allah. Njenengan bakal bener-bener séhat, ora lara utawa cacad. Wong jahat wis ora ana manèh, lan kabèh wong isa dipercaya.

      Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Wong ora bakal dadi tuwa lan mati.

      Njenengan isa ketemu manèh karo keluarga lan kanca-kanca. Urip ing Firdaus kuwi nyenengké banget.

      Kabèh wong bakal urip ayem tanpa ngrasa wedi.

      Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Wahyu 21:3, 4

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim