-
Piyé Carané Nyenengké Gusti Allah?Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
-
-
BAGÉAN 13
Piyé Carané Nyenengké Gusti Allah?
Aja nindakké sing salah. 1 Korintus 6:9, 10
Nèk sayang karo Yéhuwah, wong ora bakal nindakké sing ora disenengi Yéhuwah.
Yéhuwah ora seneng karo wong nyolong, mabuk, ngrokok, utawa nginang.
Yéhuwah ora seneng karo wong sing srakah, seneng gelut, seneng matèni, nggugurké kandungan, lan nindakké hubungan sèks karo padha-padha lanangé utawa padha-padha wédoké.
Awaké dhéwé ora éntuk nyembah brahala utawa nindakké spiritisme, contoné ilmu gaib utawa nyembah leluhur.
Wong sing jahat ora éntuk manggon ing Firdaus sukmbèn.
Kudu nindakké sing bener. Matius 7:12
Bèn isa nyenengké Gusti Allah, awaké dhéwé kudu niru sipat-sipaté.
Kudu apikan lan seneng mènèhi merga sayang karo wong liya.
Kudu jujur.
Kudu gampang mesakké lan seneng ngapura.
Nyritakké soal Yéhuwah lan apa sing dadi karepé.—Roma 10:13-15.
-
-
Apa Buktiné Nèk Awaké Dhéwé Setya karo Yéhuwah?Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
-
-
BAGÉAN 14
Apa Buktiné Nèk Awaké Dhéwé Setya karo Yéhuwah?
Pilih ndhukung Yéhuwah. 1 Pétrus 5:6-9
Kudu wani nolak apa waé sing ora cocog karo Alkitab.
Aja mèlu-mèlu politik. Awaké dhéwé mung ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané.
Nggawé pilihan sing bener, yaiku ngrungokké Gusti Allah. Matius 7:24, 25
Bergaul karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa mbantu njenengan akrab karo Gusti Allah.
Terusa sinau soal Gusti Allah lan manut préntahé.
Nèk imané njenengan saya kuwat, njenengan isa nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah, terus dibaptis.—Matius 28:19.
Dadi, bèn isa urip saklawasé, njenengan kudu ngrungokké Gusti Allah. Carané yaiku maca Alkitab lan ngetrapké isiné. Nèk durung paham isiné Alkitab, isa takon karo Seksi-Seksi Yéhuwah.—Mazmur 37:29.
-