Bahan-Bahan kanggo Mulang Wong Bab Alkitab
1. Apa sebabé wong-wong Kristen dipadhakké karo tukang kayu?
1 Tukang kayu biyasané nggunakké alat sing werna-werna. Kadhang kala ana alat-alat sing dinggo pas ana gawéan sing angèl, uga ana alat sing ajeg digunakké saben dina ing gawéané. Tukang kayu kuwi mesthi nggawa alat-alat sing dibutuhké lan trampil nggunakké alat-alat kuwi. Alkitab kandha, nèk wong-wong Kristen kudu ngupaya bèn trampil nginjil lan ”dadi juru leladi kang ora usah isin”. (2 Tm. 2:15) Sing paling penting, gunakna Alkitab kanggo ndadèkké wong-wong muridé Yésus. (Mt. 28:19, 20) Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya trampil nggunakké Alkitab. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngupaya trampil nggunakké bahan-bahan liyané sing wis biyasa dinggo sinau Alkitab, kanggo mulang sing bener marang wong-wong.—WB. 22:29.
2. Apa waé bahan-bahan kanggo mulang wong bab Alkitab?
2 Bahan-Bahan kanggo Mulang Wong Bab Alkitab: Sakliyané Alkitab, awaké dhéwé isa nganggo buku Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan? Sakwisé kuwi, awaké dhéwé isa nganggo buku ”Tetaplah Berada Dalam Kasih Allah”, sing mulang bab pathokan-pathokané Alkitab kanggo nuntun uripé sing sinau Alkitab saben dina. Mulané, awaké dhéwé kudu trampil anggoné nggunakké rong buku sing paling penting mau. Buku liyané sing isa dadi bahan kanggo mulai sinau Alkitab, yaiku buku Kabar Apik saka Gusti Allah! Nèk awaké dhéwé ketemu karo wong sing ora isa maca, utawa macané plegak-pleguk isa nggunakké buku Rungokna Gusti Allah utawa Rungokna Gusti Allah Supaya Urip Saklawasé. Nèk ketemu wong sing basané béda, lan wacan ing basané wong kuwi mung sithik, utawa ora ana buku sing diterjemahké ing basané wong kuwi, uga isa nggunakké rong buku mau. Bahan sinau sing isa mbantu wong sing sinau Alkitab ngerti pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah yaiku buku Sapa sing Nindakké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? Akèh vidhéo sing isa mbantu awaké dhéwé ndadèkké wong-wong dadi siswané Yésus, yaiku Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?, Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah?, lan Apa Gusti Allah Nduwé Asma? Dadi, awaké dhéwé kudu trampil nggunakké vidhéo-vidhéo mau.
3. Apa paédahé sinau Kagiyatané Abdiné Allah sing dicétak sokmbèn kanggo awaké dhéwé?
3 Bab-bab sing ana ing Kagiyatané Abdiné Allah sing dicétak sokmbèn isa mbantu awaké dhéwé trampil nggunakké bahan-bahan kanggo mulang wong-wong bab Alkitab. Nèk awaké dhéwé wis nindakké kuwi, tegesé awaké dhéwé wis ngetrapké isiné Alkitab: ”Diawas marang awakmu dhéwé lan piwulangmu. Aja kemba-kemba anggonmu nindakké kuwi kabèh, amarga manawa kowé tumindak mangkono, kowé bakal mitulungi iya awakmu dhéwé, iya kabèh wong, kang padha ngrungokaké marang pituturmu.”—1 Tm. 4:16.