”Perkataan Ini . . . Harus Ada di Dalam Hatimu”
Wong tuwa kuwi kaya pangon. Wong tuwa kudu njaga anak-anaké, merga anak-anak gampang kena godha. (WB. 27:23) Piyé carane wong tuwa isa njaga anaké? Wong tuwa kudu kerep omong-omongan karo anaké bèn ngerti apa sing dipikirké lan dirasakké. (WB. 20:5) Wong tuwa uga kudu ndhidhik anaké bèn imané saya kuwat, dadi ora gampang kena godha. (1 Kr. 3:10-15) Vidhéo ”Perkataan Ini . . . Harus Ada di Dalam Hatimu” nduduhké nèk ibadah sakkeluarga sing ajeg kuwi penting. Deloken bareng karo keluarga, banjur rembugen pitakonan-pitakonan iki.
(1) Apa sebabé keluargané Roman ora mentingké ibadah marang Yéhuwah? (2) Apa sebabé pas Sedulur Roman nyoba nganakké ibadah sakkeluarga, asilé ora apik? (3) Apa pathokané Alkitab sing isa ditrapké kanggo ndhidhik anak? (PT. 6:6, 7) (4) Apa sing isa nggawé komunikasi ing keluarga dadi luwih pénak? (5) Apa sing kudu dikurbanké wong tuwa kanggo anak-anaké? (6) Merga srawung karo Sedulur Barrow lan bojoné, asil apa sing ditampa keluargané Sedulur Roman? (WB. 27:17) (7) Apa sing kudu ditindakké pemimpin keluarga bèn ibadah sakkeluargané apik? (8) Apa owah-owahan sing Sedulur Roman gawé kanggo keluargané? (9) Apa sebabé ibadah sakkeluarga kuwi kudu ajeg ditindakké? (Éf. 6:4) (10) Apa waé sing isa dirembug ing ibadah sakkeluarga? (11) Piyé carané Sedulur Roman mbantu Markus ngerti pentingé nindakké sing bener? (Ym. 17:9) (12) Piyé Sedulur Roman lan bojoné mbantu Rebecca bèn dhèwèké isa nggawé keputusan sing bener bab hubungané karo Justin? (Mk. 12:30; 2 Tm. 2:22) (13) Piyé Sedulur Roman lan bojoné nduduhké imané wektu nggawé keputusan ing uripé? (Mt. 6:33) (14) Piyé vidhéo iki isa mbantu para pemimpin keluarga bèn keluargané mentingké Yéhuwah? (1 Tm. 5:8) (15) Nèk panjenengan dadi pemimpin keluarga, apa sing dadi tekadé panjenengan?
CATHETAN KANGGO PEMIMPIN KELUARGA: Sandiwara iki tau dilakonké pas kebaktian gabungan wilayah 2011. Wektu kuwi, apa panjenengan ngerti nèk ibadah sakkeluarga kuwi penting? Piyé saiki? Nék ana sing kudu di upayakké, ndongaa tenanan karo Yéhuwah bèn isa nindakké kuwi, lan bèn keluarga isa éntuk paédah.—Éf. 5:15-17.