PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Dandan lan Nganggo Sandhangan sing Pantes Nalika Ngibadah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 8

      Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Dandan lan Nganggo Sandhangan sing Pantes Nalika Ngibadah?

      Bapak lan anak lagi siap-siap nekani pakumpulan ibadah

      Islandia

      Ibu lan anaké wédok lagi siap-siap nekani pakumpulan ibadah

      Meksiko

      Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo sandhangan sing pantes ing Guinea-Bissau

      Guinea-Bissau

      Kulawarga ing Filipina menyang pakumpulan ibadah

      Filipina

      Ing buku iki apa panjenengan nggatèkaké gambaré dandanan lan sandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah nalika ngibadah? Seksi-Seksi Yéhuwah pancèn dandan lan nganggo sandhangan sing pantes. Apa sebabé?

      Kanggo ngurmati Gusti Allah. Pancèn Gusti Allah ora mung mirsani njabané. (1 Samuèl 16:7) Nanging, nalika ngibadah Seksi-Seksi Yéhuwah kepéngin ngurmati Gusti Allah lan ngajèni wong liya sing teka. Yèn awaké dhéwé ketemu karo hakim ing pengadilan, awaké dhéwé mesti dandan sing pantes merga ngurmati pangkaté. Semono uga, dandanan lan sandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah ing pakumpulan ibadah kanggo ngurmati ”Hakiming jagad”, yaiku Yéhuwah, lan Balé Ibadahé.​—Purwaning Dumadi 18:25.

      Kanggo ngajèni pathokané Gusti Allah. Alkitab kandha supaya wong Kristen ngganggo sandhangan sing ”susila lan prasaja” kaya wong sing ”ngabekti ing Allah”. (1 Timotéus 2:9, 10) Nganggo sandhangan sing ”susila lan prasaja” tegesé ora nganggo klambi sing néka-néka, semrawang, mblèwèh, lan marahi pikiran ngeres. Klambi sing dienggo pantes lan ora awut-awutan. Senajan ana pathokané, isih bisa milih sandhangan kaya sing dikarepaké. Sing penting sandhangan iku pantes. Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ”ngluhuraké Gusti Allah” saka carané dandan lan milih sandhangan sing pantes. (Titus 2:10; 1 Pétrus 2:12) Dandanan lan sandhangan sing pantes ing pakumpulan ibadah bisa mbantu wong liya ngajèni ibadah marang Yéhuwah.

      Senajan panjenengan durung nduwé sandhangan sing resmi, panjenengan ora perlu sungkan teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Sandhangané ora usah sing larang-larang, sing penting resik lan pantes.

      • Nalika ngibadah, Seksi-Seksi Yéhuwah dandan lan nganggo sandhangan sing pantes. Apa sebabé iku penting?

      • Ana pathokan apa waé kanggo dandan lan milih sandhangan sing pantes?

  • Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 9

      Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?

      Seksi Yéhuwah lagi sinau bahan kanggo pakumpulan ibadah

      Kamboja

      Seksi Yéhuwah lagi sinau bahan kanggo pakumpulan ibadah
      Seksi Yéhuwah mèlu urun rembug ing pakumpulan ibadah

      Ukraina

      Yèn panjenengan lagi sinau Alkitab bareng Seksi-Seksi Yéhuwah, panjenengan biyasané sinau dhisik buku sing arep dirembug, ta? Luwih apik manèh yèn kuwi uga ditindakaké sadurungé teka ing pakumpulan ibadah. Paédahé luwih akèh yèn kuwi ajeg ditindakaké.

      Golèka wektu lan panggonan kanggo sinau. Pilihen wektu sing paling cocog pas panjenengan bisa nggatèkaké tenanan. Bisa waé ésuk sadurungé nyambut gawé, utawa bengi pas bocah-bocah wis turu. Senajan ora bisa sinau suwé, panjenengan bisa nemtokaké pira suwéné bisa sinau. Supaya ora keganggu, golèka panggonan sing sepi lan patènana radhio, TV, lan HP. Ndonga sadurungé sinau mbantu panjenengan ora mikiraké gawéan liyané lan bisa nggatèkaké tenanan.​—Filipi 4:6, 7.

      Garisana jawabané supaya bisa urun rembug. Wacanen judhulé bahan lan pikiren apa kaitané judhul-judhul cilik karo bab sing dirembug. Delengen gambar-gambaré lan pitakonan sing dadi ringkesané bahan. Cara kuwi mbantu panjenengan ngerti bab sing arep dirembug. Sawisé kuwi, wacanen saben paragraf lan golèkana jawaban saka pitakonané paragraf mau. Bukaken lan wacanen ayat-ayat sing ditulis, lan pikiren apa kaitané karo bab sing dirembug. (Para Rasul 17:11) Sawisé ngerti jawabané, garisana tembung-tembung sing penting supaya panjenengan éling jawabané. Yèn kepéngin urun rembug, panjenengan bisa ngacung. Jawabané cekak waé lan bisa milih tembung dhéwé, ora kudu maca saka bahané.

      Yèn terus teka ing pakumpulan ibadah saben minggu, kawruh panjenengan bab Alkitab bakal tambah akèh.​—Matéus 13:51, 52.

      • Apa sing perlu ajeg ditindakaké supaya éntuk paédah saka pakumpulan ibadah?

      • Kepriyé carané supaya bisa mèlu urun rembug ing pakumpulan ibadah?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Sinaunen majalah Warta Penting lan bahan Sinau Alkitab Jemaat ngganggo cara ing ndhuwur. Golèka jawabané bareng guru Alkitab panjenengan, supaya bisa urun rembug ing pakumpulan ibadah sésuké.

  • Apa Ibadah Sakulawarga Iku?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 10

      Apa Ibadah Sakulawarga Iku?

      Keluarga lagi nganakaké ibadah sakeluarga

      Korea Selatan

      Sinau Alkitab bareng bojoné

      Brasil

      Seksi Yéhuwah lagi sinau Alkitab

      Australia

      Kulawarga sing lagi ngrembug Alkitab

      Guinea

      Wiwit jaman biyèn, Yéhuwah kepéngin saben kulawarga ngumpul bareng supaya cedhak karo Yéhuwah lan kulawarga saya raket. (Pangandharing Torèt 6:6, 7) Mula, saiki saben kulawarga Seksi Yéhuwah nggolèk wektu saben minggu kanggo ngibadah bebarengan. Ibadah iku kanggo sinau bab Yéhuwah lan bab Alkitab sing cocog karo kabutuhané kulawarga. Ibadahé ora perlu spaneng. Senajan ora karo kulawarga, panjenengan dhéwé bisa nggolèk wektu kanggo sinau Alkitab nurut bab sing disenengi, supaya cedhak karo Yéhuwah.

      Wektu supaya cedhak karo Yéhuwah. ”Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Sinau Alkitab bab sipat-sipat lan tumindaké Yéhuwah bisa mbantu kulawarga luwih kenal karo Yéhuwah. Cara paling gampang kanggo mulai ibadah sakulawarga yaiku maca Alkitab bebarengan nganggo swara sing seru. Bab sing diwaca bisa padha karo jadwal acara Sekolah kanggo Mulang Alkitab saben mingguné. Anggoné maca bisa gentènan, banjur dirembug bareng-bareng.

      Wektu supaya kulawarga saya raket. Wektu sinau Alkitab bebarengan, wong bebojoan uga wong tuwa karo anak-anaké bisa cedhak siji lan sijiné. Kuduné, ibadah sakulawarga bisa dadi wektu sing nyenengaké lan diarep-arep saben mingguné. Wong tua bisa milih bab sing cocog dirembug manut umuré bocahé. Bab sing dirembug bisa saka Warta Penting lan Sadarlah! utawa situs jw.org. Bisa uga ngrembug carané ngadhepi masalahé bocah nalika ing sekolahan. Saliyané kuwi, isa nonton salah sijiné acara ing JW Broadcasting (tv.jw.org) lan dirembug bareng sawisé nonton. Bar kuwi bisa ngidung bebarengan, lan mangan jajanan.

      Ibadah sakulawarga saben minggu iki nyenengaké. Kuwi mbantu kulawarga supaya bisa seneng sinau bab Yéhuwah lan bab Alkitab. Yéhuwah bakal mberkahi upaya panjenengan iki.​—Jabur 1:1-3.

      • Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nggolèk wektu kanggo ibadah sakulawarga?

      • Kepriyé carané wong tuwa bisa nggawé ibadah sakulawarga nyenengaké kanggo kabèh?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Takonana Seksi Yéhuwah liyané, supaya ngerti carané nindakaké ibadah sakulawarga. Uga, takona ana buku apa waé ing Balé Ibadah sing bisa mbantu mulang bocah-bocah bab Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim