Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Nginjil ing Panggonan Nyambut Gawéné Wong-Wong
Apa Sebabé Kuwi Penting: Merga akèh wong padha sibuk kerja, kadhang kala cara sing cocog kanggo nginjil, yaiku nemoni wong ing panggonan nyambut gawéné. Kuwi cara sing pas lan ana paédahé, merga wong-wong sing ditemoni ing kono luwih grapyak lan sopan karo wong sing teka. Bèn wong-wong gelem nampa, para penginjil kudu ngerti kahanan lan nganggo pakaian sing pantes. (2 Kr. 6:3) Pinituwa sing ngawasi gawéan nginjil kudu ngerti dhaérah kuwi kerep digarap apa ora, lan ngerti sapa sing nggarap.