Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Mbantu Siswa Bèn Nduwé Kebiasaan Sinau sing Apik
Apa Sebabé Kuwi Penting: Bèn hubungané karo Yéhuwah tambah akrab, siswa Alkitab ora mung ngisi ati lan pikirané nganggo wulangan Alkitab sing gampang-gampang thok. (Ib. 5:12–6:1) Wong sinau kuwi butuh upaya. Kuwi klebu nyambungké apa sing lagi waé disinaoni karo sing wis disinaoni, lan ngerti carané ngetrapké. (WB. 2:1-6) Nèk ana pitakonan sing jawabané ing Alkitab, siswa isa nyoba sinau dhéwé kanggo nggolèk jawabané, nganggo wacan-wacan Alkitab sing ana. Upaya sing tenanan kanggo ngetrapké sing disinaoni bakal mbantu para siswa isa tetep setya, senajan ngadhepi masalah.—Lk. 6:47, 48.
Sesasi Iki Cobanen Cara Iki:
Saben rampung ngrembug sak judhul cilik utawa sak bab, siswa dikon crita ringkesané wulangan sing wis disinaoni, ning critané aja dawa-dawa. Nèk ora ana wong sing dibantu sinau Alkitab, panjenengan isa nyoba ngringkes bab sing diwaca ing Alkitab utawa ing Warta Penting, kanggo mbantu panjenengan bèn luwih isa ngerti sing diwaca. Ning, ringkesané ya aja dawa-dawa.