PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 14

      Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?

      [Gambar ing kaca 17]

      Amerika Serikat

      Perintis mèlu Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal
      Murid Giléad dilatih dadi utusan injil

      Sekolah Giléad, Patterson, New York

      Utusan injil lagi martakaké kabar apik ing Panama

      Panama

      Wiwit jaman biyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah dikenal nduwé program pendhidhikan saka Alkitab. Mulané, ana sekolah-sekolah kusus kanggo para perintis. Sekolah iku mbantu para perintis supaya bisa nindakaké kewajibané dadi abdiné Gusti Allah.​—2 Timotéus 4:5.

      Sekolah kanggo Perintis. Sawisé setahun dadi perintis biasa, bisa mèlu sekolah iki. Sekolah iki suwéné enem dina. Sekolah iki biasané dianakaké ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah sing paling cedhak. Gunané kanggo mbantu para perintis supaya bisa cedhak karo Yéhuwah, bisa luwih trampil martakaké kabar apik, lan bisa terus dadi perintis.

      Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Sekolah iki suwéné rong sasi. Gunané kanggo mbantu para perintis sing wis pengalaman, sing gelem lunga saka dhaérah asalé, kanggo ngabdi ing panggonan liya sing mbutuhaké. Para perintis iki kaya-kaya ngomong ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”, kaya tuladhané Yesus, Penginjil sing Agung nalika ing bumi. (Yésaya 6:8; Yokanan 7:29) Merga adoh saka dhaérah asalé, para perintis iki perlu sinau carané urip sing prasaja lan cocog karo panggonan sing anyar. Kabudayan, hawa, lan panganané bisa waé béda karo dhaérah asalé. Para perintis iki uga perlu sinau basa liyané. Sekolah iki kanggo sing umuré 23 nganti 65 taun, bisa bujangan utawa wis nduwé bojo. Gunané kanggo mbantu supaya nduwèni sipat-sipat apik sing dibutuhaké ing panggonan anyar iku. Uga, mbantu supaya bisa luwih trampil ngabdi marang Yéhuwah lan pakumpulané.

      Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Ing basa Ibrani, tembung ”Giléad” tegesé ”Tumpukan watu iku dadia seksi”. Wiwit sekolah iki ana ing taun 1943, luwih saka 8.000 muridé dikirim dadi utusan injil kanggo martakaké kabar apik ing ”sajembaré jagat” lan asilé ora dinyana-nyana. (Para Rasul 13:47, Kitab Suci ing Basa Jawa Suriname) Nalika ana murid Giléad teka sepisanan ing Peru, durung ana jemaat ing negara iku. Nanging, saiki wis ana luwih saka 1.000 jemaat ing kana. Pas utusan injilé Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing Jepang, Seksi Yéhuwah ing kana mung wong sepuluh. Saiki, ana luwih saka 200.000 Seksi Yéhuwah ing negara iku. Sekolah sing suwéné limang sasi iki luwih akèh mulang bab Alkitab. Sing diundang ing sekolah iki yaiku para perintis istiméwa utawa utusan injil, sing kerja ing kantor cabang, utawa sing ngabdi dadi Pinituwané Wilayah. Sekolah iki mbantu para perintis supaya bisa luwih mantep anggoné ngabdi.

      • Apa gunané Sekolah kanggo Perintis?

      • Sapa waé sing bisa mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?

  • Apa Waé Tugasé Pinituwa?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 15

      Apa Waé Tugasé Pinituwa?

      Pinituwa lagi omong-omongan karo anggota jemaat

      Finlandia

      Pinituwa lagi mulang ing jemaat

      Mulang

      Pinituwa lagi angon jemaat

      Angon jemaat

      Pinituwa lagi nginjil

      Nginjil

      Ing pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah, ora ana pandhita sing dibayar. Kaya jemaat Kristen ing jamané para rasul, para pinituwa dipilih kanggo ”ngengon pasamuwaning Allah”. (Para Rasul 20:28) Para pinituwa kuwi wong-wong lanang sing kuwat imané. Para pinituwa diwènèhi tanggung jawab kanggo angon jemaat, nanging kuwi ditindakaké ora ”marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapéngin olèh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi”. (1 Pétrus 5:1-3) Apa sing ditindakaké pinituwa kanggo jemaat?

      Ngopèni lan njaga jemaat. Para pinituwa nuntun lan ngayomi jemaat supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Merga ngerti yèn Gusti Allah sing maringi tugas iku, para pinituwa ora mréntah jemaat, nanging mbantu jemaat supaya bungah lan kuwat imané. (2 Korinta 1:24) Kaya pangon sing tenanan ngopèni saben wedhus gèmbèlé, para pinituwa ngupaya nggatèkaké kahanané saben anggota jemaat.​—Wulang Bebasan 27:23.

      Mulang carané nindakaké kersané Gusti Allah. Saben minggu, para pinituwa mulang ing pakumpulan ibadah supaya jemaat kuwat imané. (Para Rasul 15:32) Para pinituwa uga sregep nginjil bareng anggota jemaat lan mbantu jemaat supaya trampil nginjil.

      Nggatèkaké saben anggota jemaat. Kabèh anggota jemaat perlu dibantu supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Nanging, kahanané saben anggota jemaat béda-béda. Mula, para pinituwa kadhang kala teka ing omahé anggota jemaat utawa nemoni ing Balé Ibadah, supaya bisa mbantu lan mènèhi panglipuran saka Alkitab.​—Yakobus 5:14, 15.

      Tanggung jawabé para pinituwa ora mung ing jemaat. Akèh pinituwa uga nyambut gawé lan nduwé kulawarga sing kudu digatèkaké. Mula, awaké dhéwé kudu ngajèni para pinituwa sing mempeng nindakaké tugasé kuwi.​—1 Tésalonika 5:12, 13.

      • Apa waé tugasé pinituwa?

      • Kepriyé carané pinituwa nggatèkaké saben anggota jemaat?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Sapa sing bisa dadi pinituwa lan abdiné jemaat? Wacanen katrangané ing 1 Timotéus 3:1-10, 12 lan Titus 1:5-9.

  • Apa Waé Gawéané Abdiné Jemaat?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • Bab 16

      Apa Waé Gawéané Abdiné Jemaat?

      Abdiné jemaat lagi mbagi wacan

      Myanmar

      Abdiné jemaat lagi ceramah Alkitab

      Bagéan ing pakumpulan ibadah

      Abdiné jemaat lagi mimpin Pakumpulan Sakdurungé Nginjil

      Kelompok nginjil

      Abdiné jemaat lagi resik-resik Balé Ibadah

      Ngopèni Balé Ibadah

      Miturut Alkitab, sing tanggung jawab ing jemaat iku ana loro yaiku para pinituwa lan para abdiné jemaat. Kabèh kuwi wong lanang Kristen. (Filipi 1:1) Ing saben jemaat, cacahé pinituwa utawa abdiné jemaat bisa siji utawa luwih. Apa waé gawéané abdiné jemaat?

      Mbantu para pinituwa. Para abdiné jemaat, enom lan tuwa, dipilih merga cedhak karo Gusti Allah, bisa dipercaya, lan tenanan anggoné ngabdi. Abdiné jemaat nindakaké gawéan sing mbutuhaké tenaga. Gawéan iku penting kanggo jemaat lan kanggo pakumpulan. Mula, para pinituwa bisa nindakaké gawéané dhéwé, yaiku mulang lan angon jemaat, tanpa dirusuhi gawéan liyané.

      Nyambut gawé kanggo jemaat. Para abdiné jemaat nduwé gawéan among tamu sing teka ing Balé Ibadah. Liyané ngurusi tata swara, ngedumaké bahan kanggo sinau Alkitab, ngurusi dhuwit sumbangan saka jemaat, lan mbagi dhaérah penginjilan kanggo jemaat. Abdiné jemaat uga mbantu ngopèni Balé Ibadah supaya tetep resik. Para pinituwa bisa njaluk tulung karo para abdiné jemaat supaya nggatèkaké wong-wong sing wis tuwa. Para anggotané jemaat padha ngajèni para abdiné jemaat sing wis lila nindakaké gawéané.​—1 Timotéus 3:13.

      Menèhi conto sing apik. Para abdiné jemaat dipilih merga nduwé sipat-sipat sing cocog karo Alkitab. Nalika para abdiné jemaat mulang ing pakumpulan ibadah, imané para sedulur bisa luwih kuwat. Merga para abdiné jemaat mènèhi conto nginjil sing apik, kabèh bisa luwih mempeng anggoné nginjil. Lan, merga seneng nyambut gawé bebarengan karo para pinituwa, jemaat dadi ayem lan nyawiji. (Éfesus 4:16) Yèn pathokané Alkitab bab dadi pinituwa wis ditindakaké, mengko abdiné jemaat bisa uga dadi pinituwa.

      • Para abdiné jemaat kudu nduwé sipat apa waé?

      • Gawéan apa waé sing ditindakaké abdiné jemaat supaya urusané jemaat dadi lancar?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Saben teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah, coba panjenengan kenalan karo pinituwa utawa abdiné jemaat, uga karo kulawargané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim