PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • Bab 17

      Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?

      Pinituwa Wilayah

      Malawi

      Pinituwa Wilayah lagi mimpin Pakumpulan Sakdurungé Nginjil

      Kelompok nginjil

      Pinituwa Wilayah lagi nginjil

      Nginjil

      Pinituwa Wilayah lagi rapat karo pinituwa jemaat

      Rapat pinituwa

      Prajanjian Anyar ing Alkitab kerep nulis bab Barnabas lan rasul Paulus. Wong-wong iku pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaat. Kuwi ditindakaké merga tenanan nggatèkaké kahanané sedulur-sedulur saiman. Paulus kandha yèn dhèwèké kepéngin ”bali niliki para sadulur” kanggo ndelok kahanané. Dhèwèké gelem lunga atusan kilo adohé kanggo nguwataké para anggota jemaat. (Para Rasul 15:36) Ing jaman saiki, ana uga pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah.

      Nguwataké para anggota jemaat. Saben pinituwa wilayah nekani kira-kira 20 jemaat. Tekané ing saben jemaat setaun ping pindho, lan saben teka suwéné seminggu. Anggota jemaat bisa éntuk paédah saka pengalaman para pinituwa iki lan uga bojoné, yèn wis nduwé bojo. Wong-wong iki ngupaya nggatèkaké saben anggota jemaat, sing tuwa karo sing enom, lan seneng ngancani nginjil sarta mulang Alkitab. Sing uga ditindakaké yaiku angon jemaat bareng para pinituwa jemaat. Kejaba kuwi, pinituwa wilayah mènèhi ceramah ing pakumpulan ibadah lan kebaktian kanggo nguwataké anggota jemaat.—Para Rasul 15:35.

      Nggatèkaké kabèh wong ing jemaat. Para pinituwa wilayah kepéngin mbantu jemaat-jemaat supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi nganakaké rapat karo para pinituwa lan abdiné jemaat, kanggo mriksa apa waé sing wis ditindakaké lan ngandhani carané nindakaké tanggung jawab ing jemaat. Uga mbantu para perintis supaya éntuk asil sing apik ing gawéan nginjil. Wektu niliki jemaat, mesthi kepéngin kenalan karo anggota jemaat sing anyar, lan seneng yèn wong anyar kuwi lagi ngupaya cedhak karo Gusti Allah. Para pinituwa wilayah seneng dadi ’réwang nyambut-gawé’ kanggo anggota jemaat. (2 Korinta 8:23) Imané lan tumindaké ing sajroné ngabdi marang Gusti Allah pancèn patut ditiru.—Ibrani 13:7.

      • Kanggo apa para pinituwa wilayah niliki jemaat-jemaat?

      • Panjenengan éntuk paédah apa wektu pinituwa wilayah niliki jemaat?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Catheten tanggal tekané pinituwa wilayah sesuké, supaya bisa teka ing pakumpulan ibadah kanggo ngrungokaké kabèh ceramahé. Yèn kepéngin kenalan karo pinituwa wilayah lan bojoné, bisa ngandhani guru Alkitab panjenengan supaya ngajak dhèwèké wektu panjenengan sinau Alkitab.

  • Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Sedulur Liyané sing Kena Musibah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 18

      Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Sedulur Liyané sing Kena Musibah?

      Seksi-Seksi Yéhuwah ngekèki bantuan kanggo wong-wong ing Republik Dominika

      Republik Dominika

      Sukarelawan mbangun balé ibadah sing rusak ing Jepang

      Jepang

      Seksi Yéhuwah nglipur wong sing bar kena musibah ing Haiti

      Haiti

      Pas ana musibah, Seksi-Seksi Yéhuwah langsung ngatur lan mbantu para sedulur liyané sing lagi kena alangan. Kuwi dadi bukti yèn Seksi-Seksi Yéhuwah padha tresna siji lan sijiné. (Yokanan 13:34, 35; 1 Yokanan 3:17, 18) Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu?

      Nyumbang dhuwit. Pas ana kurang pangan ing Yudéa, wong Kristen ing Antiokhia nyumbang dhuwit kanggo mbantu para sedulur saiman. (Para Rasul 11:27-30) Semono uga, yèn ngerti ana sedulur ing negara liya kena musibah, Seksi-Seksi Yéhuwah cepet-cepet ngumpulaké sumbangan liwat jemaat kanggo mbantu.​—2 Korinta 8:13-15.

      Nyumbang saliyané dhuwit. Para pinituwa ing dhaérah sing kena musibah nggolèki para anggota jemaat supaya ngerti padha slamet apa ora. Ana panitya sing tugasé ngedumaké jatah kanggo mangan lan ngombé. Panitya iku uga mènèhi sandhangan, obat, lan papan kanggo ngungsi. Ana uga Seksi Yéhuwah sing trampil, sing lila lunga menyang dhaérah sing kena musibah. Gunané kanggo ngeteraké sumbangan, lan mbantu ndandani omah utawa Balé Ibadah sing rusak. Pakumpulan iki bisa cepet mbantu para sedulur, merga wis akèh pengalamané lan padha guyub rukun. Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu ”luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya”, nanging uga gelem mbantu wong liya sing béda agamané.—Galati 6:10.

      Mènèhi panglipur saka Alkitab lan nggedhèkaké ati. Sing paling dibutuhaké wong sing kena musibah yaiku panglipuran. Yéhuwah, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” bisa maringi kekuatan kanggo umaté. (2 Korinta 1:3, 4) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng crita bab janjiné Alkitab marang wong-wong sing nglokro. Uga mbantu wong-wong kuwi ngerti yèn Kratoné Gusti Allah bakal nyingkiraké kabèh musibah sing nggawé susah lan sangsara.​—Wahyu 21:4.

      • Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah bisa cepet mbantu para sedulur sing kena musibah?

      • Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah mènèhi panglipuran saka Alkitab kanggo wong sing kena musibah?

  • Abdi sing Setya lan Pinter Iku Sapa, ta?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 19

      Abdi sing Setya lan Pinter Iku Sapa, ta?

      Yésus omong-omongan karo murid-muridé
      Seksi Yéhuwah lagi sinau wacan sing dhasaré saka Alkitab

      Kabèh éntuk paédah saka pangertèn bab Gusti Allah

      Loro anggota Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

      Sadurungé séda, Yésus omong-omongan karo murid-muridé, yaiku Pétrus, Yakobus, Yokanan, lan Andréas. Wektu nerangaké tandhané Yésus rawuh ing dina-dina wekasan, Yésus takon, ”Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah déning bandarané nglurahi para kalèrèhané, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokaké?” (Matéus 24:3, 45; Markus 13:3, 4) Sing dikarepaké Yésus iku dudu panganan tenanan, nanging pangertèn bab Gusti Allah sing diupamakaké kaya panganan. Yésus iku bendara sing nggatèkaké murid-muridé. Mula, Yésus janji bakal netepaké wong-wong kanggo ngurus lan mènèhi pangertèn bab Gusti Allah kanggo para muridé ing dina wekasan. Sapa abdi sing ditetepaké iku?

      Para muridé Yésus sing ditetepaké roh suci. Sing disebut ”abdi kang setya lan pinter” kuwi, yaiku Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Abdi iki mènèhi pangertèn bab Gusti Allah kanggo umaté Yéhuwah ing wektu sing pas. Para jemaat ngandelaké abdi sing setya lan pinter iki supaya bisa éntuk ’pangan ing wayah kang wis katamtokaké’.​—Lukas 12:42.

      Sing ngurus kulawargané Gusti Allah. (1 Timotéus 3:15) Yesus masrahaké tanggung jawab marang abdi iki kanggo ngurus pakumpulané Yéhuwah ing bumi, ing antarané ngurus bandhané pakumpulan, ngatur panginjilan, lan mulang jemaat. ”Abdi kang setya lan pinter” mènèhi pangertèn bab Gusti Allah srana bahan kanggo sinau sing digunakaké ing panginjilan, lan uga bahan ing pakumpulan ibadah sarta kebaktian. Kuwi ditindakaké kanggo nyukupi kabutuhané jemaat ing wektu sing pas.

      Abdi iki setya marang wulangan sing bener saka Alkitab lan tugasé kanggo martakaké kabar apik. Abdi iki uga pinter ngurusi kabèh perkara ing bumi sing dipasrahaké déning Yésus. (Para Rasul 10:42) Yéhuwah mberkahi apa sing ditindakaké abdi iki. Berkahé yaiku cacahé umat lan pangertèn bab Gusti Allah dadi saya akèh.​—Yésaya 60:22; 65:13.

      • Sapa sing ditetepaké Yésus kanggo mènèhi pangertèn bab Gusti Allah marang murid-muridé?

      • Apa sebabé abdi iki disebut setya lan pinter?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim