PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 20

      Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?

      Pengurus pusat ing jamané para rasul

      Pengurus pusat ing jamané para rasul

      Wong Kristen abad kapisan macakaké surat saka Pengurus Pusat

      Macakaké surat saka pengurus pusat

      Ing jamané para rasul, ana sabagéan ”para rasul lan para pinituwa” ing Yerusalem sing dadi pengurus pusat. Yèn ana perkara penting sing perlu diputusi, pengurus pusat iku sing nggawé putusan kanggo jemaat-jemaat. Wektu kuwi, kabèh anggotané jemaat yakuwi wong-wong sing ditetepake roh suci kanggo dadi raja ing swarga. (Para Rasul 15:2) Sadurungé netepaké putusan sing penting, pengurus pusat iku ngrembug saka Alkitab lan ndonga njaluk tuntunan saka roh suci. (Para Rasul 15:25) Semono uga, Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki niru conto kuwi.

      Nindakaké gawéan sing cocog karo kersané Gusti Allah. Sing dadi anggotané Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki uga wong Kristen sing ditetepaké roh suci kanggo dadi raja ing swarga. Wong-wong kuwi tenanan anggoné manut karo Alkitab, lan wis nduwé pengalaman nandangi akèh gawéan. Saben minggu, Pengurus Pusat ngrembug apa sing dadi kabutuhané jemaat sadonya. Kaya ing jamané para rasul, tuntunan saka Alkitab dikirim ing jemaat nganggo surat utawa liwat pinituwané wilayah, uga srana cara liyané. Dadi, sing ditindakaké umaté Gusti Allah bisa padha kabèh sadonya. (Para Rasul 16:4, 5) Pengurus Pusat mènèhi conto lan mbantu para sedulur supaya sregep martakaké kabar apik. Pengurus Pusat uga ngawasi pas nggawé bahan kanggo sinau Alkitab, lan pas netepaké para pinituwa utawa abdiné jemaat.

      Nindakaké gawéan sing dituntun roh suci. Pengurus Pusat njaluk tuntunané Yéhuwah, Sing Nguwasani Langit lan Bumi, lan Yesus, Sesirahé jemaat. (1 Korinta 11:3; Éfesus 5:23) Para anggotané ora tau rumangsa dadi pemimpiné umaté Gusti Allah. Pengurus Pusat lan kabèh sing ditetepaké kanggo dadi raja ing swarga ”ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindak-tindaké”. (Wahyu 14:4) Pengurus Pusat seneng yèn didongakaké para anggota jemaat liyané.

      • Sapa waé anggota pengurus pusat ing jamané para rasul?

      • Kepriyé anggoné Pengurus Pusat ing jaman saiki njaluk tuntunan saka Gusti Allah?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Wacanen Para Rasul 15:1-35, bab carané pengurus pusat ing jamané para rasul nggunakaké Alkitab lan manut tuntunané roh suci, kanggo ngrembug lan ngrampungi masalah sing ana ing jemaat.

  • Bètel Iku Apa?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 21

      Bètel Iku Apa?

      Loro Seksi Yéhuwah lagi nyambut gawé ing Departemen Seni ing Bètel

      Bagéan Seni, Amerika Serikat

      Seksi Yéhuwah lagi nyambut gawé ing percetakan Bètel ing Jerman

      Jerman

      Seksi Yéhuwah ing bagéan umbah-umbah ing Bètel Kenya

      Kenya

      Juru saji lagi nyiapaké méja makan ing Bètel Kolombia

      Kolombia

      Tembung ”Bètel” iku saka basa Ibrani, tegesé ”padalemané Gusti Allah”. (Purwaning Dumadi 28:17, 19) Jeneng iku cocog kanggo gedhung-gedhung sing dibangun Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya kanggo ngatur lan mbantu gawéan nginjil. Pengurus Pusat nyambut gawé ing kantor pusat ing Negara Bagéan New York, AS, lan ngawasi kantor-kantor cabang ing akèh negara. Wong-wong sing kerja ing panggonan-panggonan iku disebut kulawarga Bètel. Kaya déné kulawarga sing rukun, wong-wong iku bareng-bareng anggoné manggon, kerja, mangan, lan sinau Alkitab.​—Jabur 133:1.

      Panggonan kusus sing anggotané padha ngabdi. Wong lanang lan wadon sing nyambut gawé ing Bètel nggunakaké uripé mung kanggo nindakaké kersané Yéhuwah. (Matéus 6:33) Ora ana sing nampa bayaran. Nanging, ana panggonan, panganan, lan jatah sangu saanané sing diwènèhaké kanggo mbantu nyukupi kabutuhané. Saben wong ing Bètel nduwé tugas dhéwé-dhéwé. Ana sing nyambut gawé ing kantor, ing pawon, utawa ing panggonan kanggo mangan. Ana uga sing ngréwangi nyétak utawa njilid buku, resik-resik, umbah-umbah, dandan-dandan, lan liya-liyané.

      Panggonan kanggo mbantu gawéan nginjil. Sing paling penting, Bètel dibangun kanggo nyedhiyakaké wulangan sing bener saka Alkitab kanggo wong akèh. Contoné buku iki. Sawisé ditulis merga saka tuntunané Pengurus Pusat, buku iki dikirim liwat komputer menyang atusan tim alih basa sadonya, dicétak nganggo mesin-mesin sing ana ing Bètel, terus dikirim menyang luwih saka 110.000 jemaat. Kabèh kuwi ditindakaké kanggo mbantu gawéan sing paling penting, yaiku martakaké kabar apik.​—Markus 13:10.

      • Sapa sing nyambut gawé ing Bètel, lan wong-wong iku diwènèhi apa waé?

      • Sing ditindakaké ing Bètel iku kanggo mbantu gawéan penting apa?

  • Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 22

      Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?

      Seksi Yéhuwah lagi ngatur gawéan kanggo kantor cabang Kepuloan Solomon

      Kepulauan Solomon

      Seksi Yéhuwah nyambut gawé ing kantor cabang Kanada

      Kanada

      Trek-trek kanggo ngirim wacan

      Afrika Selatan

      Ana wong-wong sing nyambut gawé ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah utawa Bètel. Wong-wong kuwi ngurusi panginjilan ing sanegara utawa luwih. Ana sing dadi tim alih basa, nyétak majalah, njilid buku, ngedum bahan kanggo sinau Alkitab, nggawé rekaman swara/vidhéo, lan ngurusi gawéan liyané.

      Ngawasi gawéan nginjil ing wilayahé. Pengurus Pusat mènèhi tanggung jawab Panitya Cabang kanggo ngatur kantor cabang. Anggotané Panitya Cabang iki pinituwa sing mumpuni. Cacahé telu utawa luwih. Panitya Cabang iki mènèhi lapuran marang Pengurus Pusat bab apa sing wis ditindakaké ing wilayah kuwi. Uga nglapuraké masalah sing mbokmenawa bakal diadhepi. Lapuran iki mbantu Pengurus Pusat kanggo mutusi bab sing arep dirembug ing bahan kanggo sinau Alkitab sabanjuré, ing pakumpulan ibadah, lan ing kebaktian. Ana wakilé Pengurus Pusat sing ajeg dikongkon marani kantor-kantor cabang. Gunané kanggo mènèhi tuntunan marang Panitya Cabang supaya bisa nindakaké gawéané. (Wulang Bebasan 11:14) Wakilé Pengurus Pusat iki mènèhi ceramah Alkitab ing acara kusus, kanggo nguwataké imané Seksi-Seksi Yéhuwah ing wilayahé cabang kuwi.

      Mbantu jemaat-jemaat ing wilayah iku. Yèn ana jemaat anyar sing arep madeg, Panitya Cabang sing mutusi bisa orané. Saliyané iku, Panitya Cabang mènèhi tuntunan kanggo para perintis, utusan injil, lan pinituwané wilayah ing dhaérah iku. Uga ngatur kebaktian, ngatur Balé Ibadah sing arep dibangun, lan ngatur supaya bahan kanggo sinau Alkitab didum manut karo kabutuhané jemaat. Merga diatur kantor cabang, gawéan nginjil bisa ditindakaké patut lan tumata.​—1 Korinta 14:33, 40.

      • Kepriyé carané Panitya Cabang mbantu Pengurus Pusat?

      • Ana gawéan apa waé ing kantor cabang?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Sapa waé éntuk teka ndelok-ndelok ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah. Bisané ndelok-ndelok antarané dina Senin tekan Jumat. Panjenengan uga éntuk teka. Sandhangan sing dienggo kaya pas teka ing pakumpulan ibadah. Iman panjenengan bakal dikuwataké, yèn panjenengan bisa teka ing Bètel.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim