PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • fg pelajaran 10 ptkn. 1-4
  • Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?
  • Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ibadah sing Bener Miturut Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Carané Nitèni Ibadah Sing Bener
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Kepriyé Dadiné Agama-Agama Mbésuk?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Kabar Apik saka Gusti Allah!
fg pelajaran 10 ptkn. 1-4

BAB 10

Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?

1. Ibadah sing ditampa Gusti Allah apa mung siji?

Yésus mulang

”Padha sing ngati-ati ana nabi-nabi palsu.”​—MATIUS 7:15.

Ibadah, utawa agama, sing diwulangaké Yésus kanggo wong-wong sing nresnani Gusti Allah mung siji. Kuwi diupamakaké kaya dalan sing nuntun ing urip langgeng. Yésus ngendika yèn ”mung sethithik cacahé wong sing milih” dalan kuwi. (Matius 7:14) Ibadah sing ditampa karo Gusti Allah ya mung sing cocog karo Alkitab. Wong-wong sing nindakaké ibadah kuwi manut karo kersané Gusti Allah.​—Wacanen Yokanan 4:23, 24; 14:6; Éfesus 4:4, 5.

Deloken vidéo Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?

2. Yésus ngendika apa bab wong Kristen palsu?

Pemimpin agama lagi ceramah ing gréja, bar kuwi ndongakaké wong sing arep perang.

”Wong-wong kuwi ngakuné precaya karo Gusti Allah, nanging penggawé-penggawéné nelakaké yèn wong-wong mau satemené ora precaya.”​—TITUS 1:16.

Yésus ngélingaké yèn bakal ana nabi-nabi palsu sing ngrusak pangajarané. Wong-wong kuwi kétoké padha karo wong sing tenanan manut pangajarané Yésus. Gréja-gréjané ngakuné Kristen. Kepriyé carané awaké dhéwé bisa mbédakaké sing palsu karo sing bener? Wong Kristen sing bener bisa kétok saka tumindak lan sipat-sipaté sing apik.​—Wacanen Matius 7:13-23.

3. Apa tandhané wong sing ibadahé bener?

Tandhané ana lima yaiku:

  • Percaya isiné Alkitab merga Alkitab saka Gusti Allah. Wong sing ibadahé bener manut karo pathokané Alkitab. Béda karo agama-agama liyané, pangajarané agama sing bener ora manut karo pikirané manungsa. (Matius 15:7-9) Wong sing ibadahé bener uripé kudu cocog karo sing disinaoni.​—Wacanen Yohanes 17:17; 2 Timotius 3:16, 17.

  • Wong Kristen lagi ceramah Alkitab, banjur nginjil bab Kratoné Gusti Allah, mbantu sing kena musibah, mbantu wong sing wis tuwa.

    Ngurmati asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. Nabi Musa lan Dawud kenal lan nyebut asmané Gusti Allah. (Pangentasan 3:15; Jabur 8:1) Yésus ngandhani wong-wong asmané Gusti Allah. Yésus uga mbantu wong ngerti bab Gusti Allah lan ngajari ndonga supaya asmané Gusti Allah disucèkaké. Kuwi carané Yésus ngurmati asmané Gusti Allah. (Matius 6:9) Ing panggonan panjenengan, agama endi sing ngandhani wong-wong asmané Gusti Allah?​—Wacanen Yohanes 17:26; Rum 10:13, 14.

  • Ngabaraké bab Kratoné Gusti Allah. Yésus diutus Gusti Allah martakaké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah. Pamréntahané Gusti Allah sing diwartakaké kuwi bisa mènèhi pengarep-arep kanggo manungsa. Wektu Yésus ing bumi, dhèwèké terus martakaké kabar apik iku. (Lukas 4:43; 8:1; 23:42, 43) Yésus ngendika yèn murid-muridé uga bakal martakaké bab iku. Yèn ana wong sing teka lan crita karo panjenengan kabar apik bab Kratoné Gusti Allah, wong kuwi agamané apa?​—Wacanen Matius 24:14.

  • Ora mèlu-mèlu urusané pamréntahané manungsa. Murid-muridé Yésus gampang dititèni merga ora mèlu-mèlu urusané pamréntahané manungsa. (Yohanes 17:16; 18:36) Murid-muridé Yésus uga ora tumindak ala kaya umumé wong-wong ing donya iki.​—Wacanen Yakobus 4:4.

  • Padha tresna siji lan sijiné. Alkitab kandha supaya muridé Yésus ngajèni wong sing budayané béda. Wong sing ibadahé palsu biyasané gelem mèlu perang, nanging muridé Yésus ora. (Mikha 4:1-3) Muridé Yésus nggunakaké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo mbantu lan nglipur wong liya.​—Wacanen Yohanes 13:34, 35; 1 Yohanes 4:20.

4. Panjenengan apa wis bisa nitèni ibadah sing bener?

Nurut panjenengan, ibadah endi sing cocog karo Alkitab, ngurmati asmané Gusti Allah, lan ngabaraké bab Kratoné Gusti Allah sing mènèhi pengarep-arep kanggo manungsa? Pakumpulan endi sing padha tresna siji lan sijiné lan ora gelem mèlu perang?​—Wacanen 1 Yohanes 3:10-12.

Kanggo katrangan sing luwih akèh, wacanen buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? bab 15

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim