PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Carané Sinau Bab Gusti Allah
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
    • BAB 4

      Carané Sinau Bab Gusti Allah

      Carané sinau bab Gusti Allah yaiku maca Alkitab. Mbiyèn, Gusti Allah milih wong-wong lanang kanggo nulis tuntunané. Tulisan kuwi disebut Alkitab. Saiki, awaké dhéwé isa sinau bab Gusti Allah saka Alkitab. Merga isiné kabar saka Yéhuwah, Alkitab disebut Sabdané Gusti Allah. Awaké dhéwé isa percaya karo Alkitab, merga Yéhuwah ora bakal ngapusi. (Ibrani 6:18) Sabdané Gusti Allah kuwi mesthi bener.​—Yokanan 17:17.

      Suatu keluarga membaca Alkitab bersama

      Alkitab kuwi salah sijiné hadiah sing aji banget saka Yéhuwah. Alkitab kuwi kaya surat saka bapak sing nresnani anak-anaké. Alkitab ngandhani bab janjiné Gusti Allah sing arep ndadèkké bumi dadi Pirdus. Awaké dhéwé isa ngerti saka Alkitab bab apa sing wis, sing lagi, lan sing arep ditindakké Yéhuwah kanggo manungsa. Alkitab uga ngandhani carané ngadhepi masalah lan carané bèn urip ayem tentrem.​—2 Timotéus 3:16, 17.

      Seksi-Seksi Yéhuwah sing dadi kancané Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngerti wulangané Alkitab. Nèk péngin tenan sinau Alkitab, langsung waé ngomong karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Sinauné ora mbayar. (Matéus 10:8) Panjenengan uga isa mèlu pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Balé Ibadah. Nèk teka ing pakumpulan ibadah iki, pangertèn panjenengan bab Gusti Allah bakal saya tambah.

      Panjenengan isa sinau bab Gusti Allah saka sing digawé. Contoné, Alkitab kandha nèk Gusti Allah sing nggawé langit lan bumi. (Purwaning Dumadi 1:1) Wektu Yéhuwah nggawé langit, Yéhuwah uga nggawé srengéngé. Apa sing isa disinaoni bab Yéhuwah saka anané srengéngé? Kwasané Yéhuwah kuwi gedhé banget. Mung Yéhuwah sing isa nggawé barang sing marai gumun, kaya srengéngé mau. Srengéngé isa mènèhi panas lan madhangi bumi, ning srengéngé kuwi ora kobong. Saka kono, awaké dhéwé uga ngerti nèk Yéhuwah kuwi pinter banget.

      Sing digawé Yéhuwah nduduhké nèk Yéhuwah nresnani manungsa. Coba dipikir bab anané woh-wohan sing werna-werna. Isa waé Yéhuwah nyedhiyakké woh-wohan mung sak werna thok, apa malah babar blas ora nyedhiyani. Ning, Yéhuwah maringi awaké dhéwé woh-wohan sing bentuk, ukuran, werna, lan rasané béda-béda. Iki nduduhké nèk Yéhuwah kuwi ora mung nresnani manungsa, ning uga loma, pinter, lan apikan.​—Jabur 104:24.

  • Kanca-kancané Gusti Allah Bakal Urip Ing Pirdus
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
    • BAB 5

      Kanca-kancané Gusti Allah Bakal Urip Ing Pirdus

      Pirdus ora bakal kaya donya saiki. Gusti Allah ora péngin donya dikebaki masalah lan kasusahan sing marai lara ati. Mbésuk, Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi Pirdus. Kaya apa Pirdus mbésuk? Gatèkna kandhané Alkitab:

      Piknik di Firdaus

      Wong-wongé apikan. Pirdus bakal dadi omahé kanca-kancané Gusti Allah. Wong-wong kuwi bakal nindakké sing becik marang wong liya. Kanca-kancané Gusti Allah bakal manut karo pathokané Gusti Allah.​—Wulang Bebasan 2:21.

      Panganan sing ana ing kono akèh banget. Ing Pirdus, ora ana manèh wong sing kaliren utawa keluwèn. Alkitab kandha nèk bakal ana akèh panganan ing bumi iki.​—Jabur 72:16.

      Di Firdaus, ada yang membangun rumah, ada yang mengumpulkan makanan, dan seorang ibu memangku anaknya

      Omahé apik-apik lan gawéané nyenengké. Ing Pirdus, saben kluarga bakal nduwé omah dhéwé. Saben wong bakal nduwé gawéan sing nyenengké tenan.​—Yésaya 65:21-23.

      Kahanané tentrem salumahing bumi. Wong-wong ora bakal mèlu perang lan mati ing kono. Alkitab kandha nèk Yéhuwah bakal nyingkirké perang.​—Jabur 46:9, 10.

      Wong-wongé séhat. Alkitab janji, ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara.’” (Yésaya 33:24) Uga, ora ana manèh wong sing lumpuh, wuta, budheg, lan bisu.​—Yésaya 35:5, 6.

      Ora ana manèh kasusahan, rasa sedhih, lan pati. Alkitab kandha, ”Bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan [masalah] iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”​—Wahyu 21:4.

      Wong-wong jahat bakal disingkirké. Yéhuwah janji, ”Para wong duraka bakal padha kasirnakaké saka ing tanah iku, sarta wong kang laku cidra [ora setya] bakal padha kabuwang saka ing kono.”​—Wulang Bebasan 2:22.

      Wong padha nresnani lan ngajèni siji lan sijiné. Ora ana manèh wong sing srakah, wong sing senengé nindhes, wong sing nyengiti wong liya, lan kabèh sing ora adil. Wong-wong bakal guyup rukun lan manut karo pathokané Yéhuwah.​—Yésaya 26:9.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim