Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Nawakké Buku Alkitab Ajarkan
Apa Sebabé Kuwi Penting: Buku Alkitab Ajarkan kuwi buku utama kanggo mbantu wong sinau Alkitab. Ning, sakdurungé dinggo sinau, kudu ditawakké dhisik. Awaké dhéwé kudu ngupaya trampil nawakké buku Alkitab Ajarkan. (WB. 22:29) Ana cara werna-werna kanggo nawakké, lan penginjil kudu nganggo cara-cara kuwi.
Sesasi Iki Cobanen Cara Iki:
Lakonké carané nawakké buku kuwi ing ibadah sak keluarga.
Wektu nginjil, critakna karo penginjil liya apa sing arep panjenengan omongké pas nawakké buku iki. (WB. 27:17) Nèk cara kuwi ora cocog, gèk ndang diganti cara liyané.