PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Sapa Waé Mungsuhé Gusti Allah?
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
    • BAB 8

      Sapa Waé Mungsuhé Gusti Allah?

      Mungsuhé Gusti Allah sing utama yaiku Iblis. Iblis kuwi malaékat sing mbrontak nglawan Yéhuwah. Iblis terus ngupaya nglawan Gusti Allah lan nggawé sengsarané manungsa. Iblis kuwi jahat banget. Dhèwèké tukang ngapusi lan tukang matèni wong.​—Yokanan 8:44.

      Hantu-hantu

      Malaékat liyané mèlu Iblis mbrontak nglawan Gusti Allah. Alkitab nyebut para malaékat iki dhemit utawa memedi. Kaya Iblis, dhemit-dhemit iki mungsuhé manungsa. Para dhemit iki seneng nyengsarakké manungsa. (Matéus 9:32, 33; 12:22) Yéhuwah bakal numpes Iblis lan para dhemité kanggo saklawasé. Tegesé, mung kari sedhéla manèh wektuné Iblis lan para dhemité nyengsarakké manungsa.​—Wahyu 12:12.

      Nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, aja gelem manut karo Iblis. Iblis lan para dhemité sengit banget karo Yéhuwah. Iblis lan para dhemité dadi mungsuhé Yéhuwah lan péngin panjenengan uga mèlu dadi mungsuhé Gusti Allah. Panjenengan kudu milih sapa sing arep disenengké, Iblis utawa Yéhuwah? Nèk péngin urip saklawasé, panjenengan kudu milih manut karo Yéhuwah. Iblis nganggo cara lan upaya werna-werna kanggo ngapusi manungsa. Saiki akèh wong sing lagi diapusi.​—Wahyu 12:9.

  • Sapa Waé Kancané Gusti Allah?
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
    • BAB 9

      Sapa Waé Kancané Gusti Allah?

      Yesus Kristus sebagai Raja dari Kerajaan Allah, dan para malaikat membimbing pekerjaan pengabaran

      Yésus digawé langsung karo Yéhuwah. Yésus kuwi kancané Yéhuwah sing paling cedhak lan paling ditresnani. Sakdurungé dadi manungsa ing bumi, Yésus kuwi malaékat sing kuwat ing swarga. (Yokanan 17:5) Banjur, Yésus rawuh ing bumi kanggo mulang wong-wong sing bener bab Gusti Allah. (Yokanan 18:37) Yésus uga masrahké nyawané kanggo nylametké manungsa sing setya, saka dosa lan pati. (Rum 6:23) Saiki, Yésus wis dadi raja ing Kratoné Allah. Kratoné Allah kuwi pamréntahan ing swarga sing arep ndadèkké bumi dadi Pirdus.​—Wahyu 19:16.

      Para malaékat uga dadi kancané Gusti Allah. Para malaékat digawé sadurungé Gusti Allah nggawé bumi. (Ayub 38:4-7) Para malaékat asalé dudu saka manungsa. Cacahé malaékat ana yutan. (Dhanièl 7:10) Kanca-kancané Gusti Allah ing swarga iki péngin wong-wong padha sinau sing bener bab Yéhuwah.​—Wahyu 14:6, 7.

      Saksi-Saksi Yehuwa mengabar kepada seorang wanita

      Gusti Allah uga nduwé kanca-kanca ing bumi. Kanca-kancané disebut seksi-seksiné. Ing pengadilan, sing jenengé seksi kuwi mènèhi katrangan bab sing wis diseksèni. Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu wong liya ngerti bab Yéhuwah lan kersané. (Yésaya 43:10) Kaya para malaékat, Seksi-Seksi Yéhuwah péngin mbantu panjenengan sinau sing bener bab Yéhuwah. Seksi-Seksi Yéhuwah uga péngin panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah.

  • Carané Nitèni Ibadah Sing Bener
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
    • BAB 10

      Carané Nitèni Ibadah Sing Bener

      Nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, kudu nindakké ibadah kaya sing dikersakké. Yésus ngendika nèk wong-wong sing ngibadah kaya sing dikersakké Gusti Allah bakal ngibadah nganggo wulangan sing bener. (Yokanan 4:23, 24) Cara sing bener kanggo ngibadah marang Gusti Allah mung siji. (Éfesus 4:4-6) Ibadah sing bener nuntun wong-wong bèn isa urip saklawasé, ning ibadah sing ora bener marakké wong-wong ora isa urip saklawasé.​—Matéus 7:13, 14.

      Beberapa pria mengamati salah seorang Saksi-Saksi Yehuwa di daerah mereka

      Panjenengan isa nitèni ibadah sing bener, nèk nggatèkké tumindaké wong sing ngibadah kuwi. Merga Yéhuwah tumindaké becik, para abdiné ya mesthiné nindakké sing becik. Kaya wit pelem sing apik ngasilké woh pelem sing apik, ibadah sing bener uga ngasilké wong-wong sing tumindaké bener.​—Matéus 7:15-20.

      Kanca-kancané Yéhuwah ngajèni Alkitab. Kanca-kancané Yéhuwah ngerti nèk Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. Mula, wong-wong kuwi nggunakké Alkitab kanggo nuntun uripé, ngrampungi masalah, lan sinau sing bener bab Gusti Allah. (2 Timotéus 3:16) Kanca-kancané Yéhuwah ngupaya nindakké sing diwartakké.

      Kanca-kancané Yéhuwah padha nresnani siji lan sijiné. Yésus mulang wong liya bab Gusti Allah lan nambani sing lara. Kuwi buktiné nèk Yésus nresnani wong liya. Wong sing ngibadah nganggo cara lan piwulang sing bener uga nresnani wong liya. Kaya Yesus, wong-wong kuwi ora ngrèmèhké wong sing ora nduwé, utawa wong saka bangsa liyané. Yésus ngendika nèk wong-wong liya bakal nitèni murid-muridé saka carané nresnani siji lan sijiné.​—Yokanan 13:35.

      Kanca-kancané Gusti Allah ngajèni asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. Nèk ana wong ora gelem ngundang jeneng panjenengan, apa isa kekancan karo wong kuwi? Mesthiné rak ora, ta? Nèk awaké dhéwé nduwé kanca, mesthiné awaké dhéwé ngundang jenengé lan ngomongké sing apik bab wong kuwi karo wong liya. Sapa waé sing arep dadi kancané Gusti Allah kuduné ngundang asmané, lan martakké asmané marang wong liya. Yéhuwah ngersakké awaké dhéwé nindakké sing padha.​—Matéus 6:9; Rum 10:13, 14.

      Kanca-kancané Gusti Allah mulang wong liya bab Kratoné Allah, kaya sing ditindakké Yésus. Kratoné Allah kuwi pamréntahan swarga sing arep ndadèkké bumi dadi Pirdus. Kanca-kancané Gusti Allah martakké kabar apik bab Kratoné Allah marang wong liya.​—Matéus 24:14.

      Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya dadi kancané Gusti Allah. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni Alkitab lan nresnani siji lan sijiné. Seksi-Seksi Yéhuwah uga nggunakké lan ngajèni asmané Gusti Allah, sarta mulang wong liya bab Kratoné Allah. Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi sing saiki nindakké ibadah sing bener.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim