’Berjalanlah dengan Iman, Bukan dengan Apa yang Kelihatan’
Ora suwé sakdurungé Yérusalèm dikepung lan diremuk, rasul Paulus nulis nèk para muridé Yésus kuwi kaya prajurité Yésus, sing ngerti nèk bakal ana kasusahan lan ora nggolèk pénaké dhéwé. (2 Tm. 2:3, 4) Awaké dhéwé perlu nduwé iman sing kuwat kanggo ngabdi marang Yéhuwah, merga mengko bakal ana sengsara gedhé ing donya iki. (2 Kr. 4:18; 5:7) Deloken vidhéo ’Berjalanlah dengan Iman, Bukan dengan Apa yang Kelihatan’. (Bukaken jw.org/id lan deloken PUBLIKASI > VIDEO.) Gatèkna critané Naham lan Abital sing cilaka merga mentingké bandhané. Coba jawaben pitakonan-pitakonan iki.
(1) Apa maksudé ”pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci” ing jamané para rasul, lan apa sing perlu ditindakké para muridé Yésus sing ana ing Yérusalèm? (Mt. 24:15, 16) (2) Apa sebabé metu saka Yérusalèm kuwi butuh iman? (3) Metu saka Yérusalèm kuwi kudu ngurbanké apa? (4) Apa sebabé Naham lan Abital ora cepet-cepet mlayu? (Mt. 24:17, 18) (5) Masalah apa manèh sing kudu diadhepi Rakhèl wektu ninggalké Yérusalèm? (Mt. 10:34-37; Mk. 10:29, 30) (6) Piyé tuladhané Étan anggoné percaya karo Yéhuwah? (7) Kasusahan apa sing dialami para muridé Yésus ing Péla? (8) Kok isa imané Naham lan Abital saya suwé saya ilang? (9) Piyé Yéhuwah ngopèni para muridé Yésus ing Péla? (Mt. 6:33; 1 Tm. 6:6-8) (10) Piyé awaké dhéwé isa niru imané Abraham lan Sara wektu Armagédhon? (Ib. 11:8-10) (11) Kok isa Naham lan Abital bali manèh ing Yérusalèm, lan apa sebabé pikiran kuwi salah? (Lk. 21:21) (12) Piyé kahanané Yérusalèm wektu Naham lan Abital bali mrana manèh? (13) Apa sebabé awaké dhéwé kudu nguwatké iman saiki, sakdurungé Armagédhon teka?—Lk. 17:31, 32; 21:34-36.
Nduwé iman kuwi maksudé (1) percaya karo tuntunané Yéhuwah, (2) gelem urip dituntun Yéhuwah, lan (3) luwih mentingké kekancan karo Yéhuwah timbang bandha. Muga-muga awaké dhéwé terus nduwé iman lan percaya nèk ”donya iki lan kamelikané nedhengé sirna, nanging sapa kang nglakoni karsané Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé”.—1 Yo. 2:17.